Langsung ke konten utama

Postingan

Unggulan

Dhawet Manis ( 1 )

 Sawijining wektu ing tahun 1965. Kadingaren ing sore iki omah kang dumunung ing Banyumanik ing kutha Semarang iku sepi wae. Kang keprungu mung swarane tangis, kang agawe trenyuhing atine kang krungu. Kang mangka adat-sabene kursi ing ngarepan, ing teras iku mesthi ana priyayi kakung lan putri disambi momong bocah cilik watara umur 3 tahunan. Kadhang sing kakung maos layang kabar, sedheng sing putri gojegan karo putrane. Terkadhang uga kekarone katon padha mbebeda putrane, katon olehe padha rena ing penggalih. Sesawangan kang ngresepakake, sesawangan kang agawe kemerenaning liyan iku jalaran saka olehe atut runtut kaya penganten anyar, jebul ing sore iki ora ana. Kang keprungu mung tangis kang nrenyuhake ati.  Miturut swaraning tangis kang diampet mau, mracihnani manawa kang nangis iku dudu bocah cilik, mesthi wong kang wis umur lan duwe rasa pakewuh lan rasa isin yen nganti keprungu ing liyan. Satemene kang nangis mau Rini,  Rini Sudiarsih. Undang-undangane ora Rini, ning Sudiarsih. W

Postingan Terbaru

Dhawet Manis ( 2 )

Dhawet Manis ( 3 )

Dhawet Manis ( 4 )

Dhawet Manis ( 5 )

Dhawet Manis ( 6 )

Dhawet Manis ( 7 )

Dhawet Manis ( 8 )

Dhawet Manis ( 9 )