Dhawet Manis ( 3 )

 Sejatine yen dheweke gelem nampa pitulungane liyan, akeh kang wis nglairake rasa welase marang dheweke. Nanging merga dheweke ngerti karep kang satemene dikandhut wong-wong kang sumeja tetulung mau, mula pitulungan kang ditawakake mau ora ana kang ditampani. 


Sing katone padha arep nulung, nanging sejatine duwe kamelikan marang ayuning rupane. Pitulungan kang ditampa mung siji, yakuwi saka Hartadi. Sing omahe pancen mung adu poncot, wonge nglembah manah lan wis wanuh becik karo bapake. 


Uga pangrengkuhe wis kaya sedulur wae. Saben ndina Hartadi melu ngopeni sing lara. Nukokake tamba, lan malah kadhang kala uga nunggoni kaya patrape anak marang bapa kang ditresnani.


Nanging yen nurut saya nglayunge sing lara, mracihnani menawa sakabehing tamba kang wis ditamakke iku ora ana kang bisa mitulungi. 


Sing kaya mangkono mau saya nambahi wuwuhe Sudiarsih. Dheweke ngrasa was-kuwatir, manawa bapake wis ora bisa ngukup maneh.

Ing sawijining dina, nalikane Hartadi ora melu nunggoni bapake, tangane Pak Marto kumlawe, aweh sasmita supaya dheweke rada nyedhak lungguhe. Sudiarsih banjur lungguh nyedhaki bapake kang wis katon rusak awake lan aclum guwayane.


Kandhane Pak Marto alon,: “Ndhuk, tak kandhani ya. Mangertiya yen kahanane ndonya kuwi ora langgeng. Kabeh bisa rusak. Semono uga manungsa, yen wis tekan titi-mangsane uga mangkono. Kabeh mau wis karsaning Kang Gawe Urip, manungsa ora bisa suwala.”


Panyelane Sudiarsih,: “Nanging Pak, njenengan aja kesusu ninggal aku. Apa ora welas ta, Pak? Njur sapa hara sing bakal tak iloni? Dadiya njenengan ninggal aku, mbesuk wae yen wis ana sing tak ngengeri.”


Atine Pak Marto kaya sinendhal-sendhal, ketang welase marang anake,:


 “Ndhuk, pancen bener kandhamu. Karepe bapak, dadiya dipundhut ya suk yen wis menangi putu. Nanging ngertiya, mungguh bab pati-urip iku ora bisa digege lan ora bisa disemayani. Iku kabeh Ndhuk, ana ing Astane Kang Maha Kuwasa. Mula saka iku, samangsa bapak wis tekan janji, aja banget-banget entukmu sedhih.”


Eluhe Sudiarsih kang wiwit mau kumembeng, saiki wis ora bisa diampet maneh. Kaya barleyan coplok saka embanan, tumetes nelesi pipine. Sedhela wae Sudiarsih wis nangis ngguguk, tumusing kesedhihane kang mbrojol saka atine. 


Peteng, ora ana pepadhang ing pikire. Nuwuhake rasa atis lan miris marang lelakon uripe mengko kang durung diweruhi. Kamangka tanpa sanak tanpa kadang, gek lelakon apa kang tumiba marang dheweke, samangsane urip dhewekan.


Wusana Pak Marto ngarih-arih kebak panglipur,: “Sih, yen kowe meruhi rasaning atiku, kaya ngapa anggonku nyenyuwun marang Kang Kuwasa, nanging arep kepiye maneh, digedhongana dikuncenana, yen wis wancine ya tan wurunga.”


Sudiarsih ndengengek nyawang bapake karo mingseg-mingseg,: “Pak, yen ngono aku jaken ya.”

Pak Marto katon mesem,:


 “O ngger, kowe aja sumelang ing sapungkurku. Kowe wis ana kang bakal mengku, wis ana kang bakal kok ngengeri.”


Sudiarsih rada kaget, :


”Ana sing wis arep mengku?”


Pak Marto manthuk, :”Ndhuk, jejering urip iku jeneng wis jangkep yen wis bebojoan. Iku kalebu wajibing wong urip, ndherek dhawuhing Pangeran murih tumitah bebranahan.”


“Nanging durung karep kok, Pak. Aku durung kepingin omah-omah. Aku mung kepingin njenengan waras kaya wingi uni.”


“O, Ngger, rasaning awakku wis aweh sasmita, menawa wis meh tekan janjiku.


 Ndhuk, mumpung aku durung dipundhut, panjalukku kowe aja nduwa karepe bapak. Iku minangka piweles becik kang wis tak tampa lan kok tampa. Miturut rasaning atiku, ya mung Hartadi kang pantes mengku kowe. Aku ngandel yen Hartadi iku bisa kok ngengeri ing salawase uripmu.”


Krungu kandhane bapake kang mangkono mau, atine Sudiarsih saya wuwuh sedhihe.  Rasane uga perih kaya diiris-iris, kathik krenteging atine jebul beda karo krenteg atine bapake. Mula ing jroning atine banjur tuwuh rasa duwa-dinuwa. Kepriye anggone arep mangsuli marang bapake.


Suwe Sudiarsih ora kumecap, mung tumungkul karo mingseg-mingseg. Pak Marto uga ora kumecap. Mripate kang wis surem tansah nyawang marang anake wedok mau.


“Ndhuk, bapak rumangsa kepotangan budi kang gedhe banget marang Hartadi. Dheweke aweh pitulungan, aweh kemayaran ing sajroning kowe kerepotan. Dheweke wis nuduhake pangrengkuhe kang becik marang aku, kaya dene marang wong tuwane dhewe. Karo maneh, kanthi mangkono, sapungkurku mengko kowe wis ora kapiran.”


Satemene abot banget rasaning atine Sudiarsih, arep aweh wangsulan marang bapake. Banjur kepriye Hendriyanto, yen tanpa sebab apa-apa banjur medhot talining katresnane. Rasa duwa-dinuwa ing atine iku isih tetep nguwasani sanubarine. 


Sudiarsih meksa ora wangsulan marang bapake.

Bareng anggone meneng wis sauntara suwe, pungkasane dheweke kandha kanthi swara sing alon, 


:”Pak, pangestu njenengan kang ndaksuwun, murih uripku ing tembe mburine bisa nemoni kamulyan. Pak. Satemene katresnanku marang Hartadi iku katresnaning sedulur. Nanging sarehne wis dadi kersa njenengan, aku ya mung sumarah.”


Sejatine wangsulane Sudiarsih mau ora tumusing ati. Ana wangsulan kang ora kawetu, amarga wangsulan mau wis nyelaki janjine marang priya kang ditresnani, priya kang wis ngisi atine seprana-seprene. Nanging Pak Marto katon mesem lan marem krungu wangsulane anake mau.


 Bisa uga atine rumangsa lega, dene ing mangsane dheweke wis cepak janjine, anake kang banget ditresnani ngatonake rasa bektine.


Sorene, nalika Hartadi teka niliki Pak Marto, Sudiarsih kang maune nunggoni bapake, banjur klepat lunga. Ora kaya adat sabene padha lungguh jejer nunggoni bapake. Jalarane amarga bapake wis nglairake krenteging atine mau, ana rasa rikuh-pekewuh ing atine, menawa cedhakan karo Hartadi.


Dene Pak Marto malah rumangsa kayadene oleh kalodhangan kanggo nglairake rasaning atine marang Hartadi. Karo bisik-bisik  Pak Marto banjur prasaja marang Hartadi mungguh apa kang dadi karepe. Dene Hartadi mung sumarah wae marang karepe Pak Marto, sanajan maune ora tau nggagas babar pisan marang Sudiarsih. Jer katresnane dheweke marang Sudiarsih dianggep katresnane marang sedulur enom.


Let telung ndina Pak Marto sida kapundhut dening Kang Maha Kuwasa. Sarehne Hartadi pancen wis saguh, mula sakabehing kebutuhan wong kesripahan, Hartadi kang nganakake. Lan sabanjure, sawise Sudiarsih wis lejar atine, dheweke sakloron banjur netepi welinge wong tuwane, rerayatan, gendhon-rukon wong sakloron.


Ndilalah kersaning Allah, ora antara suwe Hartadi dipindhah menyang Semarang. 🌷


Omah ing Banyumanik saiki katon sepi. Wis ora katon maneh ana priyayi kakung-putri linggih sekaliyan ing teras ngarepan. Yen wektu-wektu kepungkur swasana regeng kang tinemu ing omah kono, sing tansah dadi pepenginane liyan, saiki swasana mau wis ilang, bareng karo lungane Sudiarsih.


Dina iku Hartadi katon bingung, sawise ditinggal Sudiarsih, kahanan ngomah wis ora kaya dheksemana maneh. Dheweke krasa keduwung karo olehe wis nundhung bojone. Sebab bareng dipikir-pikir, mokal yen Sudiarsih nindakake kaya kang ana ing surasaning layang. Dheweke mung nuruti ati kang kebranang. Mbok menawa wae ana kanca kang maeka bale-somahe, jalaran ana rasa meri marang dheweke.


 Mula dina iku dheweke bakal mara menyang nakndulure, bakal njaluk iguh pratikel ngenani ruweding pikire. Dheweke bakal ngabari bab lungane bodjone, lan takon apa kang kudu ditindakake sabanjure.


Bareng wis rampung anggone dandan, dheweke banjur metu karo nuntun anake. Sepedha montor ditokake, anake dilungguhake ana ngarep. Lakune sepedha montor alon-alon, amarga dheweke kuwatir yen anake ora kuwat ketampeg angin. Omahe nakndulure ora patiya adoh saka Banyumanik, mula sedhela wae ya wis tekan papan sing dituju.


Nalika iku anak-anake Rustomo pinuju padha dolanan ana ing latar.


 Bareng weruh Bagus banjur padha mlayu marani. Anake Rustomo kang nomer loro banjur nulungi Bagus, terus dibopong.


“Bapak apa tindak, Le?” pitakone Hartadi.


“Mboten, Pakdhe. Kala wau maos serat-kabar wonten nglebet.” Wangsulane bocah mau.


Dene anake Rustomo kang cilik banjur mlayu mlebu omah, arep ngandhani bapake yen ana dhayoh.


“We lha, mula prenjake ngganter wae,” celathune Rustomo karo methukake Hartadi.


Hartadi mesem karo nyetandratke sepedha montore. :” Sing marahi ana tamu agung iki apa.”

“Pakdhe ki gek arep apa maneh, rak ya ngengehi anak putu. 


Ayo Mas lenggah kene. Lho..Mbakyu kok ora dijak ki piye? Apa sajak repot?”

He…eh, rada repot.” Wangsulane Hartadi glageban.


Bu Rustomo banjur jumedhul saka njero, bareng ngerti dhayohe banjur age-age ngacarani,


:”Eh, lha ana tamu ta ki mau, wilujeng Pakdhe? Lha mbakyu kok ra ndherek?”


Wangsulane Hartadi karo mesem sajak kemba, 


:”Wilujeng, Dhik. Kera-kera. Niki wau ibunipun Bagus saweg repot kok, mila mboten tumut.”


“Iki mau jeneng kebeneran, Mas. Kaya dene andaradasihi.”


“Ana apa ta, Dhik?”

“Aku mau rasanan karo keng-rayi, ngene, Mas Tadi kok ora tindak-tindak mrene ya Bu, arep tak umuki  lehku mentas tuku babon Kedhu, tur murah regane,”


Bu Rutomo banjur nyela omongane sing lanang, :”Wiyah, lehmu umuk. Wong wujude wis ora ana wae kok dipamerke.”


“Lha dospundi ta, Dhik.”


Rustomo lagi arep kumecap wis diwangsuli bojone.


“Nggih niku ta, kala wingi keng-rayi saking kantor sampun ngasta babon Kedhu. Ngendikane mirah sanget. Dhasar sampun dangu kepingin ngingah ayam Kedhu. Mila bingah kula tanpa upami, Mas. Nanging inggih menika….”

Bu Rustomo ngguyu kepingkel-pingkel. Mangkono uga Rustomo ngguyu nggleges. Hartadi ora ngerti genahe, ya mung banjur melu ngguyu.


 “Dospundi ta kok gumujeng?”


Bu Rustomo isih ngguyu nyekikik, mula bojone  sing njawab,” 


Esuk mau pitike kejegur sumur, bareng wis kena ditimba mung kari kejet-kejet. Ya banjur dijupukke lading sisan…”


“O.., genahe iki mengko arep dipameri iwake ta. Lha wis tiwas kebeneran.”

“He..eh, Mas. Niyat sega mambu kok, arep pamer terus. Ning iki isih ana bacute, Mas. 


Bacute lelakone si babon Kedhu.”


“Lha kok esuk-esuk malah arep ndongeng,” saure Hartadi karo gumuyu.


“Iya, Mas. Niyat kaya dongeng jare. Ngene , Mas. Kocaping lelakon, si babon Kedhu mau wis dadi iwak. Disemur critane. Ndilalah iwak durung mateng, esuk mau putramu Bambang sing bagus dhewe lan sing ngudubilahi kae rewel njaluk iwak pitik. Keng-rayi semaya, mengko yen wis mateng. Lha ning dhasare Bambang, saka rumangsane ora bakal diwenehi. Tanpa kandha ika-iku, oleh-olahan semur mau banjur dijeguri uplik sing bar kanggo daden geni. Lha mesthi wae semure rasa lenga patra, ora enak dipangan…”


“Hahaha…” guyune Hartadi ora kena diampet. Wong telu ngguyu kepingkel-pingkel.


“Nggih niku, saking anyel kula, kelut duk terus kula saut ajeng kula gitikke teng Bambang. Tujune keng-rayi nyandhet, menggahna mboten, ah sing keduwung nggih kula piyambak.

 Bisa-bisa sepele malah dadi gawe,”



(Wonten tutugipun)


Komentar

Postingan Populer