Dhawet Manis ( 8 )

 “Saka bingungku, nalika wanuhanku bakul ana pasar ngajak aku ngalih nyang Semin kene, aku ya njur gelem ngono wae, “ wangsulane Sudiarsih karo nyawang Hendri,


 “Wanuhanku mau jenenge Yu Karti bakul beras. Nalika semana dheweke sambat, dene dadi bakul beras neng Sala pijer ngrowok babon wae. Mula dheweke kepengin mulih nyang Semin, kampung Keringan lor Kali Oya kono nganti saiki aku melu dheweke.


Yu Karti kuwi ya wis kaya aku, randha duwe anak wedok siji, antarane umur 12 tahun. Dene umur-umurane ya luwih tuwa sethithik tinimbang aku. Aku banjur melu bakul beras, wong loro ora tau pisah, kayadene mbakyu-adhi wae. Ning ndilalah, bakul beras pijer tuna wae, yu Karti banjur ajak-ajak adol dhawet, senajan ketoke sepele, ning lumayan bathine. 


Mulane aku manut. Sing ngajari gawe dhawet ya Yu Karti. Wong loro banjur dodol dhawet. Yen Pon karo Kliwon, neng pasar Mlambang, Semin. Dene yen Wage karo legi nyang Pasar Nggudhang, Ngawen. Wis tau yen legi nyang Pasar Mengger, Ngoyantara.


 Pancene neng kono laris banget,sedhilit wae sok wis entek. Nanging aku ora tahan karo kelakuwane para blantik sapi, menyang aku. Kanthi alesan sing werna-werna sing perlune bisa nyenggol awakku.  Mula dodolan nyang Mengger tak lereni.

Aku melu yu Karti udakara ya wis meh karo-tengah taun. 


Padatan aku ora ider, Mas, ya mung dodolan neng pasar. Ning sarehne pirang-pirang ndina iki rada kendho, mula yen awan tak iderke karo mulih. Satemene sajroning dodol dhawet iki ya akeh nemoni lelakon sing ora kepenak. Neng pasar kerep disembranani wong, dodol ning kampung apa meneh. Ning kabeh mau mung tak sabili (dicandhet hawa nepsune) wae. Malah nalika usum panen pari, yu Karti ajak-ajak dodol nyang sawah, yen ijol-ijolan karo pari, malah akeh bebathene. Dina kapisan wae,mulih entuk pari segendhongan, tur isih nganggo nggembol dhuwit. Yen ketiga usume dha nggaplek, ya dodolan menyang ngalas, sing lagi padha nggaplek. Yen ijol-ijolan ngono kuwi malah akeh bathine.

Kuwi Mas, antara liya lelakonku kang tak alami sawise aku dadi randha, ning ora duwe layang pegat. Akeh lelakon kang ora kepenak lan nyedhihake.


 Nanging aku tansah suka-sukur marang Pangeran, dene tansah pinaringan teguh, rahayu, slamet. Dene anane aku milih dodol dhawet iki,sing ketoke mung sepele, sing baku kareben uripku bisa tentrem lan adoh saka penggaweyan kang nerak anggering kasusilan. Wis ya, Mas. Wis entek critaku, aku tak mulih saiki, mengko selak diarep-arep Yu Karti. Merga adate yahmene iki aku wis ana ngomah.”


Hendriyanto unjal ambegan, mripate nyawang Sudiarsih tanpa kedhep.

Sudiarsih mesem, lan kandhane, “Ngapa Mas kok nyawang wae, dipamiti kok ora mangsuli. Wis ya pareng, selak sore.”

Sudiarsih menyat ngadeg saka palungguhane, nanging Hendri banjur nyandhak tangane Sudiarsih, karo panyegahe, “Mengko dhisik ta, Jeng. Aku arep kandha sethithik.”


Sudiarsih nyawang Hendriyanto kanthi plenggongan, banjur wangsulane alon, “Arep ngendika apa ta, Mas?”


Nanging nganti sawetara suwe Hendriyanto ora kumecap, mung mripate wae kang nyawang Sudiarsih tanpa bosen.


 Sudiarsih gumun meruhi kedadeyan kang kaya mangkono mau, mula dheweke banjur takon, :”Piye ta sliramu kuwi, Mas? Jare arep ngendika jebul malah mendel wae. Nyawang uwong kok ora kedhep-kedhep. Ana apa ta, Mas?”


“Jeng…!” mung kuwi tembunge Hendri kang kawetu, mripate isih tansah nyawang Sudiarsih.


“Piye ta sliramu iki?” Sudiarsih sajak bingung.


“Jeng,…upama….”

Nanging mung kuwi wae tembunge Hendriyanto kang kawetu. Lambene kaya abot kanggo caturan. Sudiarsih saya gumun nyawang Hendriyanto mung blekak-blekuk kuwi, mula Sudiarsih takon maneh,


 “Upama piye Mas, mbok wis ndang ngendika. Kathik malah blekak-blekuk ngono,”


Hendriyanto unjal ambegan maneh, wusanane kandha kanthi alon, :” Jeng, upama awake dhewe nerusake lelakon kang wus kawuri, nyambung tali kang wis pedhot ngono piye, Jeng. Apa sliramu kersa?”


Sudiarsih katon yen kaget, ora nyana yen Hendriyanto arep kewetu tembunge kang mangkono. 


Sudiarsih uga banjur wangsulan, “Mas, kok aneh timen sliramu kuwi. Aja mangkono, mas. Sliramu kuwi rak satriya utama, wajib dadi pangaubaning sapadha-padha. Ewasemono aku uga ngaturake panuwun, dene sliramu ora lingsem lan ora mitambuhi, sanajan kaananku saiki wis akeh bedane karo rikala jaman semana.”


“Jeng, aku rumangsa isin banget ngucapake tembung iki mau ana sak ngarepmu. Nanging kaya ngono mau satemene mujudake prentuling atiku kang suci. Jeng, aja kleru tampa. Aku iki wis gothang antarane telung tahun iki.”


Sudiarsih mesem, lan wangsulane, “ Hem kok luwes timen ngendikamu Mas, ana ngarepku. Mas, aja dhemen goroh mundhak growah. Karo maneh dudu wataking satriya utama , arep tumindak kang nguthuh (ora idhep isin).”


“Jeng, apa kang wis tak ucapake mau tulus saka atiku kang suci. Apa sliramu kepingin ngrungokake critaku? Kepengin ngerti lelakonku?” panantinge Hendriyanto.


Sudiarsih wangsulan semu bungah,”Aku seneng banget yen sliramu kersa nyritakake.”

Sawise nata lungguhe, Hendriyanto nuli nyritakake lelakone kanthi wijang, saka wiwitan tekan pungkasan. Sudiarsih katon nggatekake, malah katon le trenyuh, jer nyatane kanthi ora krasa netesake eluh.


Bareng wis rampung anggone crita, Hendri banjur nyawang Sudiarsih, nuli takon. “Piye, Jeng?”


Wangsulane Sudiarsih kanthi seret, “Mas, apa sliramu saguh ngapura sakabehing dosa kaluputanku?”


Hendriyanto mesem, nuli clathune, “Ora ana sing luput. Kuwi kabeh wis dadi kersaning Pangeran,”


“Nanging, apa sliramu ora lingsem?”


“Isin sing kepiye, Jeng?”


“Aku iki mung bakul dhawet. Wong kabur kanginan. Ora sanak ora kadang.”


“Kuwi tandhane wanita utama, Jeng. Aku ngandel, anane mbok lakoni dadi bakul dhawet kuwi marga lehmu arep ngantepi marang kautaman. Awit yen ora teguh imanmu, mesthi sliramu ora bakal kacipuhan, marga jamane saiki…jer bakul dhawet wae kok manis….”


“Nanging, Mas. Sliramu iku kesusu. Banjur wae ngandel karo omonganku, ngandel marang rembugku kang ora ana tandha yektine.”


“Aku ora duwe pikiran maido babar pisan. Kabeh kandhamu ndak percaya, awit iku mesthi nyata.”


Sawetara suwene ora ana kang kumecap. Wong sakloron padha ngumbar gagasane dhewe-dhewe. Mbok Tinah lan Retno Wulansari, kang wiwit mau ngrungokake rembugane Hendriyanto lan Sudiarsih tansah ndomblong lan gumun.


Pungkasane Sudiarsih banjur pamitan mulih, diterake Hendriyanto nganti tekan lawanging pekarangan. Nganti suwe Hendri nyawang lakune Arsih. Bareng wis ora katon dheweke lagi bali mlebu omah.


Mlebu bledheng ana ngomah wis dipapag Retno anake, karo takon.” Pak kuwi mau ki sapa ta?”


Hendri nuli mesem karo mangsuli, “Kae mau Bulik, sing suwe ora ketemu. Jalaran lunga adoh.”


“Kok lunga maneh, Pak?” pangoyake Retno.


“Suk emben lak bali mrene.” Hendri karo ngambungi anake.


Nalika iku Mbok Tinah mlebu omah, banjur nyedhak Hendriyanto nuli takon,”Nika wau sinten ta.. napa tesih sedherek kalih slirane?”


Hendri mung mesem, nuli wangsulane, “Mengko tak dongengi, Mbok. Mula bukane dheweke dadi bakul dhawet. Kae wedangku gawanen mrene ndhisik.”


Mbok Tinah ngguyu, lan banjur ngener tumuju pawon perlu arep njupuk wedang.

Bareng wedang wis cumawis ing ngarepe, lan Mbok Tinah uga wis lungguh neng ngarepe merga arep ngrungokake critane. Hendriyanto banjur nyritakake lelakone Sudiarsih wiwit saka prawan lan isih dadi pacangane, nganti tekan saiki dadi wong dodol dhawet. 


Nanging Hendri ora ngira yen jan-jane mbok Tinah wis ngerti critane. Merga kawit mau melu ngrungokake.

“Lha slirane sakniki ajeng nyrabi kecemplung kalen napa?” pitakone Mbok Tinah karo mesem. Ngotena nggih sae, kados nika lho tembang Asmarandana nika.”


“Tembang Asmarandana sing endi, Mbok?


“Nika lho : Saupama-saupami, ndika randha kula dhudha, ora tanggung perkarane…”


Mbok Tinah ngguyu nyekikik, Hendri uga ngguyu, dene Retno mung ndomblong wae.


Hendri banjur takon marang Mbok Tinah, “Apa kira-kira kowe ya mathuk ta Mbok?”


“Kathik mboten niku enten napa ?” wangsulane Mbok Tinah karo ngguyu, “Kalih-dene wong nggih mboten kuciwa, trus tilas pacangane pisan. Lho rak pun mungguh ta namine. Siyang wau jane kula pun mbatin, wong adol dhawet kathik ayune kaya ngono. Ati kula jane mboten ngandel nek asline pancen bakul dhawet, lha nyatane sakniki, nyata mboten?”


“Dadi kowe wis mathuk tenan ya Mbok. Lha terus Retno kepiye?”


Retno mung manthuk wae amarga ora ngerti karo apa kang dikarepake bapake.


“Tumrap kula.” Wangsulane Mbok Tinah karo ngguyu, ‘Langkung remen sanget. Wong njur onten le njaga betah nggriya, kula dados entheng,”


“Entheng piye Mbok, maksude?”


“Cobi, kula lak njur mboten ngladosi dhahar malih, mboten direweli Retno. Sedaya-sedaya pun keng rayi. “ wangsulane Mbok Tinah karo banjur ngguya-ngguyu.


Dene Hendriyanto banjur mlebu kamar, kanthi pangentha-entha kang dawa, upama tenan Sudiarsih gelem minangkani apa kang dadi panjaluke. Wektune wis meh wayah maghrib, Hendri malah turu klekaran, malah kadhang-kala mesam-mesem dhewekan.


(Wonten tutugipun)

Komentar

Postingan Populer