Dhawet Manis ( 5 )

 Ora kacarita kiyamate bengi, rahina wis lair.setengahing swasana kaendahaning esuk kang binarung ocehing manuk kang pating cruwet ing wit-witan, omahe Hendriyanto sepi wae ora keprungu swaraning uwong.


 Mbok Tinah lan Retno lagi lunga jajan, dene Hendriyanto lungguh dheleg-dheleg ana ing kursi, ngenteni tekane Mbok Tinah. 


Dheweke lagi nggagas marang lelakon kang nemahi awake.

Rancangan esuk iku dheweke arep lunga menyang Godean, perlu nusul bojone. Ing pangajab, bojone gek enggala gelem diajak mulih, ora kebanjur anggone mutung .


Ora gantalan wektu, Mbok Tinah wis teka. Hendri banjur sarapan. Sakbubare sarapan banjur menyang jedhing perlu wisuh tangan, terus marani Mbok Tinah, “Mbok, aku arep mangkat saiki, mangsa-bodhowa ngomah. Muga-muga wae lakuku slamet ora ana alangan sawiji apa, lan ibune Retno liliha atine.”


“Enggih, ndherekaken sugeng tindak mawon. Lha mengke slirane nyare napa mboten?”


“Sabisa-bisa ya tulak wae Mbok, aku ora tega marang Retno.”

“Saene nggih ngaten. Kula ajrih kok yen tengga griya kiyambak. Kalih malih wong putrane niku rada nakal, kula kuwatos nek ngantos rewel. Nek rewel lak nggih kojur ngaten.”


“Mulane kuwi, Mbok. Dak arah bisane tulak ora ketang sore.”

Hendriyanto banjur ngambungi anake kanthi welas lan asih. Sawise iku banjur mlebu kamar njupuk jas lan banjur mangkat.


 Nalika Retna ngerti bapake mangkat, dheweke nangis klayu, atine Hendri krasa sumedhot, banjur dheweke lunga.

Mlakune ngulon tumuju menyang terminal sing mapane ana ngarep kantor kecamatan, sing arep-arepan karo pasar Mlambang. 


Tekan kono Bis Baker jurusan Jogja wis meh mangkat. Age-age Hendri mlebu bis, kebeneran isih ana kursi kosong sing papane ana mburi dhewe.


Ora kacarita ing ndalan. l

Bareng wis tekan terminal Jogja, Hendri banjur mudhun, mlaku golek kendharaan sing menyang Godean. 


Kebeneran pas tekan ndalan entuk nunutan kendaraan menyang Godean. Ora nganti sakjam mobil mau wis tekan pasar Godean. Sauwise ngaturake panuwun karo sopir, Hendri banjur mlaku ngulon. 


Tekan prapatan, menggok ngidul ngener desa Njetak, omahe maratuwane.

Bareng wis tekan Jetak, maratuwane katon kaget, dene mantune teka mung ijen wae. Mula bareng wis satata lungguh, maratuwane banjur takon, “Kok ijen wae ta Le, lha anak bojomu ora melu ki ana apa? Rak ya dha slamet ta lakumu?”


Hendriyanto kaget, dene tekane dipethukake karo pitakonan kang kaya mangkono. Mula wangsulane ya rada gugup, “Pangestunipun bapak sekaliyan wilujeng. Panjenengan sekaliyan rak inggih sugeng ta,Pak?”


“Iya Le, slamet. Mung aku sing sok kerep lara, la ya eling-eling balung wis tuwa ki apa, awake dadi ringkih.”


Ibune maratuwa banjur takon, “Kok tekamu sajak kusung-kusung kuwi apa ana perlu kang wigati ta Le? Kathik kaya jaka, loncang-lancing dhewekan.”


“Inggih…” mung iku wae wangsulane Hendri, awit tutuke banjur kaya kemancing, angel kanggo guneman. Olehe mangkono iku satemene jalaran saka atine ketuwuhan rasa sedhih, njalari tutuke kaya blangkemen.


“Ana apa ta Le, sajake kaya wong bingung ngono?”


“Mboten, Bu. Pancen sowan kula mung piyambakan.”


“Geneya bojomu ora ta ajak? Lha wong aku ki wis kangen karo anakmu jare.”


“Inggih,” wangsulane Hendri karo tumungkul, “Retno sakmenika sampun ageng, sampun saged plajengan lan ngresahi, tur nggih pun radi kenes.”


“Lha iya, upama kok jak, rak ya kena kanggo regeng-regeng. Karo meneh yen tilik wong tuw kuwi patute rak ya srimbitan, ora kaya kowe kuwi mung ijen. Apa kowe iki mau mung mampir wae saka lungan?”


“Mboten, Bu. Kula saking nggriya, panci badhe sowan mriki.” Wangsulane Hendri kaya sajak wedi, “Inggih nyuwun sewu bapak, ibu, nyuwun deduka…”


“Deduka apa?” pitakone ibune karo sajak mlenggong, “Piye ta piye, kok nganggo nyuwun deduka barang. Nek matur kuwi mbok sing genah.”


Bapake maratuwa melu sumambung, “Iya, kok kadingaren temen kowe matur sajak glogap-glagep kaya wong bingung ngono. Kandhaa sing prasaja, ana gawemu apa?”


Karo tumungkul lan semu wedi Hendriyanto wangsulan, “Sejatosipun sowan kula mriki menika badhe nusul keng putra, amargi kesah lan nilar serat badhe sowan mriki.”

“Hara…rak ora karu-karuwan ta kuwi,” celathune ibune kaget lan gugup, “Bojomu ora mrene, ora ana wong mrene. Mrenea kowe rak ya weruh.”


Maratuwane lanang banjur nggenahake, “Piye ta piye, jalarane apa kok bojomu lunga tanpa pamit ngono kuwi?”


Hendriyanto nuli nyritakake sakabehing kedadeyan kang mentas kelakon, rong ndina kepungkur.

“O Allah, pake Retno, kowe teka kok dadi tega karo bojomu…” panutuhe ibu maratuwane, “Kok dadi kowe lena, nganti ora ngerti bojomu lunga.”


“Inggih, tiyang kesahipun nilapaken kula tur mboten pamit, gek sinten ingkang ngertos, Bu…”


“Nanging wong wedok kuwi ora gampang nesu lan purik, nek ora ditatoni atine. Nek ngono ateges kowe dadi wong lanang ora bisa njaga keslametane bojo.” Kojahe ibune.


Ibune maratuwa banjur senggruk-senggruk nangis, dene sing kakung mung kendel wae ora kumecap, semune ana sing digagas.”


Hendriyanto uga tanpa sabawa, sirahe tumungkul marikelu. Dhadhane seseg, atine jibeg. Ora nyana menawa tekane ing Godean, mung bakal ditutuh lan dianggep wong lanang kang ora bisa njaga keslametane wong wadon. Dheweke ora ngerti, apa sebabe wong tuwane wadon malah ngluputake dheweke.


Wusana swarane ibune maratuwa mecah kasepen, “Njur piye hara, lehmu arep nggoleki nyang ngendi?”

Hendri isih tetep tumungkul, atine jibeg ora ngerti apa kang arep diucapake kanggo wangsulan. Dene maratuwane kakung uga meneng wae ora kumecap.

Ibune maratuwa clathu maneh isi panutuh, “Njur piye hara nek wis ngene iki. Cekake prakara iki, genah pake Retno sing luput.


 Anane lelakon iki mesthi sing gawe mesthi kowe, mokal nek mung prakara sepele wae banjur direwangi lunga. Mutunge iki mesthi jalaran diserik-serikake atine. Mokal banget yen ora.”


Bapake maratuwa kumecap kanthi sabar kanggo ngendhakake bojone, “Bener,Bu. Pake Retno ora bisa wisuh. Ning rak ya aja njur kok luputke. Jer mesthine wae pake Retno dhewe uga ora ngira menawa bakal ketaman lelakon kang kaya ngene. Bu, becike aja tutuh-tinutuh, jalaran ngono mau ora becik.”


Nuli noleh marang Hendri, pitakone, “Njur piye le, arep kok goleki nyang ngendi?”


“Sasaged-saged inggih kula padosi ngantos kepanggih. Kinten-kinten kemawon, keng putra mantuk dhateng Sala.”


“Apa kowe durung nggoleki nyang Sala?” ibu maratuwane nyaut.


“Dereng, Bu. Tiyang kasebat ing serat wangsul teng ngGodhean, mila kula jujug mriki. Nanging kula pitados bilih keng putra mantuk teng Sala.”


“Yen ketemu neng Sala, mengko liya dina jaken mrene.” Ibune wis rada lilih

Wasana bapake banjur ngendika, “Rehne iki perkara kang perlu banget, mula kowe becike tak tundhung saiki, njujuga Sala. Pamujiku muga-muga gendhuk mung ndhelik neng Sala wae,”


“Inggih, Bapak.” Wangsulane Hendri dibablasake pamitan, “Rehne sampun radi siyang, kula kepareng nyuwun pamit, badhe dhateng Sala. Sarta nyuwun pangestu, mugi lampah kula angsal damel. Ibunipun Retno wonten Sala.”


Wangsulane maratuwa lanang wadon meh bebarengan,: “Iya nyangoni slamet,”


Hendri banjur mlaku rerikatan ngener menyang ndalan gedhe. Kok ya kebeneran banget, tekan ndalan ketemu karo tanggane maratuwane, Pak Sastra sing kagungan toko ing pasar Godean, arep lelungan menyang Sala, perlu kulakan bathik, sing pabrike ana sacedhake wong tuwane Hendri.


 Dheweke dijak bareng sisan menyang Sala.

Ora kacarita lakune ing ndalan, Hendriyanto wis tekan Sala kanthi slamet. Malah dheweke diterake tekan ndalan ngarep omahe. Hendri uga nembung yen arep ndherek PakSastra maneh tekan Jogja, menawa wis rampung urusane. 


Pak Sastra malah seneng dibarengi Hendri. Jare kanggo kanca ngobrol rikalane ana ndalan. Malahan mengko arep dipethuk yen wis rampung le kulakan.

Bapak-ibune kang wektu iku lagi lungguhan ana ing mburi, krungu suwarane Hendri uluk salam, banjur metu menyang ngarepan. Ibune mesem karo takon,”Kok ijen wae, ora karo bojomu?”


Krungu pitakone ibune sing kaya mangkono mau, atine Hendri mak glong gela lan sedhih. Dadi cetha yen bojone ora ana ing Sala.


 Mula dheweke ora enggal mangsuli, malah banjur lungguh kursi, sajak lemes, nggresah lan unjal ambegan jero.

Meruhi kahananing anake kang kaya mangkono mau, bapak-ibune rada kaget, gek apa darunane. Mula ibune banjur takon, 


Teka-teka kok nggresah, polatane peteng sajak sedhih, ana apa ta, Ndri?” 


Bapake nyambungi melu takon, “Apa bojomu lara ta, Le?”


Sawise Hendriyanto nggresah maneh lan unjal ambegan, nuli wangsulan alon, “Kula wau rak saking ngGodhean sowan Bapak Ibu. Perlunipun madosi keng putra, awit sampun kalih dinten kesah tanpa pamit. Wusana sareng dumugi ngGodhean boten kepanggih, malah kula dipun dukani. Nanging kula taksih gadhah pangajeng-ajeng, mbokmenawi keng putra wonten mriki. Nanging sareng ibu malah mundhut pirsa wau, pangajeng-ajeng kula wau mboten kadumugen.”


Bapak-ibune katon yen kaget, ibune banjur takon, “Lha piye ta, kok bojomu dadi lunga kuwi jalarane apa?”


Hendriyanto banjur nyritakake kedadeyan kang dialami rong ndina kepungkur kanthi gamblang.


Wusana ngendikane ibune, “ Nek ngono kowe kuwi ya luput, Ndri… sowan wong tuwa kuwi perlu, iku nuduhake bektine. Arepa repot dikaya-ngapa, ya diselakake, pegaweyan kuwi ora ana enteke.”


“Benere ya ngono, pegaweyan ditinggal rong ndina rak ya ora apa-apa,” sumambunge bapake.


Hendriyanto banjur wangsulan, “Kasinggihan dhawuhipun Bapak saha Ibu. Nanging rehning ngajengaken pandadaran murid, mila kula semadosi. Wusana jebul piyambakipun lajeng kesah tanpa pamit. Naming anehipun Bapak, dene ing serat kasebataken dhateng ngGodhean, nanging teka mboten dumugi mrika,”

Sawetara suwene ora ana kang kumecap. Ing semu lagi padha nggagas.


Wusana celathune bapake alon, “Nek tak gagas pancen ya aneh, ing atasing mung bab butuh tilik wong tuwane wae, teka banjur lunga tanpa pamit. Tur manehe, anake ditinggal. Nek temen-temen kangen karo wong tuwa, mesthi tekan ngGodhean temenan. Nanging yen tak rasak-rasakake, ing semu, bojomu iki kok kaya ana wadine. Bab le kepengin tilik wong tuwa mung dianggo pawadan wae.”


“Sajake kok ya ngono Pak, ana wadi-wadine. Amarga jeneng mokal yen ora duwe karep seje,”sumambunge ibune.


(Wonten tutugipun)


*

Komentar

Postingan Populer