Dhawet Manis ( 7 )

 “Nanging rak nalika semana ta , Jeng. Dhek semana kamasmu lak lagi ketliweng, saiki rak ya wis lilih, ta?”


“Ora, aku luwih seneng adol dhawet kaya saiki. Ya ben idhep-idhep napakake Bagus, muga-muga ing tembe dadiya wong sing utama. Ah, Mas. Aku arep nutugake anggonku dodol, wis kepareng ya, aku tak nyuwun pamit.”


“Wis, saiki dhawetmu tak borong kabeh. Nanging critamu tutugna, aku kepingin ngerti lelakonmu.”


Sudiyarsih nyawang marang Hendriyanto, banjur noleh ngiwa nengen sajak ana sing digoleki. Dheweke banjur kandha, “Mas, aku ora kepengin ngganggu-gawe marang bebrayaning liyan. Aku ora kepingin disujanakke liyan. Aku ora kepengin disujanani keng rayi.”


“Jeng…,” wangsulane Hendri, “Sliramu ora perlu kuwatir apa-apa, jalaran ibune Retna lagi lunga.”


Sudiarsih banjur lungguh maneh, nuli kandhane, “Ning aku arep mulih, Mas.”


“Mulih ya sakarepmu, aku ora bakal nglarang, ning anggere aku wis ta critani wae,”


“Ah, ngisin-isini banget, Mas lelakonku.” Kandhane Sudiarsih miwiti critane,: “Lungaku saka ngomah karo rawat-luh, saka dayane kasedhihan sing ndak sandhang. Lungaku tanpa tujuwan, ngendi kang arep tak jujug ora genah. Mung ngenut lakuning sikil.


 Nanging banjur tuwuh tekadku, arep ngendhat nyemplung segara wae. Mula aku banjur ngener dalan menyang pelabuhan. Nanging banjur eling, menawa tumindak kang kaya mangkono mau dosa tumraping agama. Mula aku banjur bali ngener setatsiun, gagasanku arep bali menyang Sala. Arep niliki kuburane bapak-ibuku ndhisik, dene mengko urip sabanjure durung tak pikir.


 Bareng aku mudhun neng setatsiun Balapan, aku kepethuk tilas kancaku sekolah mbiyen. Wiranti mbiyen kae lho, Mas, sliramu rak ya kengetan ta mesthine?”


Hendriyanto banjur njengkerutake bathuke, ngeling-eling. Banjur kandhane, “Apa Wiranti sing diparabi Trinil kae ya?”


“He-eh. Nalika iku dheweke aruh-aruh menyang aku. Malah takon ana apa aku kok ketara susah. Rehne nalika iku aku pancen lagi susah, mulane tanpa rikuh-pakewuh, ndak critakke apa lelakonku kang lagi tak sandhang. Sajake Wiranti trenyuh lan welas krungu critaku mau, nuli clathune, Wis ta mbak, yen durung karuwan sing arep mbok jujuk, becik nenga nggonku dhisik, atimu ben tentrem, dene tembe mburi sakersamu, aku ora arep malangi. Mengkono kandhane Wiranti,mesthi wae kasaguhane tetulung iku agawe bungahing atiku, jer nyatane durung karuwan ngendi sing arep tak jujug.


 Dadi kebeneran banget Mas, dene ana tilas kanca sekolah kang wis welas lan arep menehi pitulungan. Aku ya wangsulan ulas-ulas,”Ah dhik, mundhak gawe kerepotanmu.”

Nanging kandhane Wiranti,” Ah, ora Mbak. Malah tiwas kebeneran, banjur ana kancaku.”


Aku takon, “Lha bapak-ibumu neng ndi?”


Diwangsuli Wiranti menawa bapak-ibune wis ngajal wis sawetara suwene. Mula aku ya manut wae karo pangajake Wiranti, aku banget ngaturake panuwun.

Koperku banjur dicandhak Wiranti, aku mung kari nggawa tas. Metu saka setatsiun banjur numpak becak ngener endheg-endhegan bis, karepku arep terus menyang Kartasura, neng omahe Wiranti. Nanging bareng tekan ndalan, Wiranti ngajak nginep wae. Aku ya manut wae, mula tukang becak banjur tak kandhani supaya menyang Losmen Lestari. Babar pisan aku lali marang sejaku sekawit, yen arep niliki kuburane bapak-ibuku neng kuburan nDewegan.


 Ana losmen, Wiranti ngajak mlaku-mlaku ndhisik, ning jalaran aku krasa lungkrah lan kesel mula aku emoh. Aku trima nduwel neng kamar wae. Mula dheweke banjur lunga dhewe. Dayane awak lungkrah lan kesel mula banjur mak les turu. Nglilir-nglilir wis jam 11 bengi, ning Wiranti durung ketara bali. Grenengku, gek bocah iki mau lunga nyang ngendi wae. Nanging ora let suwe, aku keturon maneh. Bareng byar esuk, tangine dhisik aku. Nganti aku wis rampung dandan, dheweke  lagi tangi.

Wiranti tak takoni mulihe jam pira, jare jam 11, seka ndelok bioskop sing diputer keri dhewe. Nanging jroning batin aku maido, lha wong jam 11 aku nglilir dheweke durung mulih, kok kandha tekane jam 11. 


Sak banjure, Mas, bareng jam 9 esuk aku wong loro banjur metu saka losmen nerusake laku menyang Kartasura. Bareng tekan omahe Wiranti aku dadi cingak, dene omahe Wiranti wis malih gagrag, loji gedhe tur ya bregas tenan. Keluwargane ora ana saliyane batur wadon cacah loro. Aku dipapanake ing kamar sisih rada mburi. Karo kamare Wiranti keletan ngongrongan rada jembar. Dheweke kandha menawa sing yasa omah mau dheweke dhewe, entuk saka bebathene anggone para (bakul mas inten). Wis mesthi wae aku ana kono dadi sesanggane Wiranti, awit aku durung bisa nyambut gawe apa-apa. Nanging sajake Wiranti ora nggresula menehi pangan marang aku. Malah dheweke saguh ngajari aku melu para. 


Jare para iku yen kebeneran, akeh bebathene. Aku wis nyicil ayem, dene ana kanca kang bakal tetulung ngajari nyambut gawe kanggo cagak urip ing tembe mburiku. Ah…nanging tan kocapa….”


“Ana apa, Jeng?” takone Hendri karo sajak plenggongan.


“Hiii, mengkirig githokku, Mas.” Wangsulane Sudiarsih karo kirig-kirig sajak kamigilanen, “Ah…aja mu-tinemu karo lelakon ing omahe Wiranti mbiyen. Lha piye, Mas…aku nemoni lelakon kang meh wae…ah…”

Hendri saya ora ngerti karepe Sudiarsih. 


Mula dheweke banjur takon maneh,”Ana apa ta? Wis ta enggal gek critakna.”


“Nalika iku,” mengkono Sudiarsih mbacutake critane. “Ing wayah sore, aku lungguhan karo Wiranti neng ngarepan. Banjur dheweke ketekan dhayoh priya kang isih mudha, loro cacahe. Tekane nunggang sepedha-montor. Rehne aku rikuh, mula aku banjur menyat saka palungguhanku arep mlebu ngomah. Nanging dumadakan digondheli Wiranti, kepeksa aku banjur melu jejagongan lan nepungke jenengku. Banjur padha ngobrol ngalor-ngidul, ning sing diobrolke dudu bab prakara dagangan, nanging sing diobrolke malah bangsane pilem, crita roman ing majalah lan sapanunggalane. 


Aku babar pisan ora bisa nyambung karo sing padha digunem wektu iku, pancen aku ya ora ngerti tenan. Nanging nganti kesel olehku lungguh, lan wektune wis meh surup, dhayoh mau ora mulih-mulih, malah banjur ngajak Wiranti menyang Sala. Lha jebul Wiranti malah semrinthil, ning aku dijak ora gelem, luwih seneng neng ngomah wae.


Sarehne aku ora gelem, Wiranti banjur melu nom-noman mau. Ning anehe, dene priya sijine mau, yen ora kleru sing jenenge Yuwono, ora melu lunga. Nanging malah ngganyik ngejak rembugan aku. Gandheng aku pekewuh yen dhayoh mau tak tinggal, mula aku ya kepeksa sok-sok nyambungi kandhane.

Nanging jebulane dhayoh sing isih ana ngomahe Wiranti mau ora ngerti wayah. Wis jam 8 bengi meksa durung pamitan mulih. Lehku lungguh nganti kesel, isih kepeksa ngancani Yuwono, jenenge pawongan mau. 


Nanging, hmmm….jebul rembuge Yuwono mau suwe-suwe banjur nggladrah kaya rembuge priya kang ora ngerti tata susila, rembuge wong urakan. Malah banjur kurang ajar, lungguhe alihan, nyedhaki lungguhku. Lan kanthi kurang ajar banjur nyekel tanganku. Nanging banjur tak kipatake. Aku diarani angkuh. Ning aku ora mangsuli, aku banjur menyat ngadeg arep nglungani. Nanging jebul tanganku malah digondheli, dheweke arep nyikep aku. Tujune aku prayitna, dheweke tak kipatake sarta aku banjur mlayu mlebu ngomah, lawang tak kancing, enggal-enggal aku mlebu kamar karo awak kang isih gemeter. 


Sawise lawang kamar tak kancing , aku banjur nggloso ing paturon, eluhku ora krasa ndlewer nelesi pipi.

Bareng wis aso atiku, aku banjur lungguh karo dheleg-dheleg. Nggagas lelakonku, dene tansah nandhang lelakon kang ora ngenakake ati. Nganti suwe anggonku lungguh karo dheleg-dheleg mau. Bareng ngono, atiku duwe krenteg kepengin oncat saka omahe Wiranti. Awit sakjroning atiku, aku duwe panyakrabawa manawa apa kang ditindakake dhayoh mau, wis gedheg-anthuk karo Wiranti. Lan kira-kira wae Wiranti wis ora suci maneh, wis dadi palanyahan lan arep ngedol awakku. Mula aku banjur gawe layang pamitan marang Wiranti, ing wengi iku uga sejaku arep oncat saka papan kono.


Awit Mas, tumrap aku, aluwung ora nyawang kahanan ndonya iki tinimbang nglakoni sing kaya ngono. Dosa, dadi uwuhing bebrayan ing masyarakat, Alhamdulillah, aku isih pinaringan eling. Mulane iku bareng wis rampung anggonku tata-tata, aku banjur metu saka ngomah kono ngener menyang dalan gedhe. Kebeneran ana becak sing gelem ngeterake aku menyang Sala. Rehne wis bengi lan bingung sing arep tak jujug, mula aku banjur njujug losmen Islam Keprabon. Tujune isih bisa ditampa.


Nanging ing bengi iku, aku ora bisa turu-turu, amarga pikiranku tansah kagodha ing lelakon-lelakon kang ndak sandhang. Bareng esuke, aku lagi menyang Tipes, njujug omahe tanggaku. Tekaku gawe kagete sing tak parani. Bareng tak critani lelakonku, dheweke banjur ngrangkul aku karo mbrebes-mili. Bisa uga dheweke trenyuh lan welas marang awakku. Lan begjaku, dheweke gelem mulung aku lan menehi panggonan.


Lelakon sateruse, aku banjur eker-eker sarana dodol bumbon neng pasar. Sing tak nggo pawitan, anggonku adol kalung sing sasuwene iki tansah ngancani aku. Urip iku pancen adil, Mas. Nyatane, senajan aku ora tau-taune bebakulan iya tetep kepayon. Dene bebathene ya lumayan, kena kanggo cagak urip saben ndinane. Ning jebulane lelakonku durung tutug nganti semono, isih kudu nglakoni lelakon kang ora kepenak lan ngrekasa ing ati maneh. Neng Tipes, aku mung tansah diganggu lan dijaragi, uga disembranani dening priya-priya.  Tindak kang kaya mangkono mau agawe risi lan marakake aku ora krasan manggon suwe neng Tipes. Mulane aku banjur lunga saka Tipes, mondhok ana omahe tepunganku padha dene bakul, ing kampung Dagen, kidul pasar Ledoksari. Mas semene dhisik ya, aku selak arep mulih.”


“Mbok ora kesusu ta, Jeng. Aku isih kepengin krungu critamu nganti tutug. Sing nganti cunthel kae. Aja sumelang Jeng, dhawetmu tak borong. Mengko yen kewengen, tak dherekake menyang pondhokanmu,”


“Sesuk tak sowan mrene maneh,Mas,  aku lilanana mulih saiki.”

“Ora, Jeng. Timbang sesuk rak ya apik crita saiki wae. Sesuk gek arep ngenteni apa? Tinimbang aku mengko bengi ora bisa turu amarga tansah ngira-ira critamu sabanjure,”


Sudiarsih trima ngalah, mula banjur nutugake critane. “Bareng aku ngalih ana ing Dagen, murih bisa slamet uripku, aku arep njarag ora tau dandan. Malah jungkatane wae mung yen arep turu, supaya ora nggimbal rambutku. Ning ya embuh  awakku iki, duwe lelakon kok ya durung tutug.


 Manggon ana Dagen rong sasi wae wis nemoni lelakon sing nganyelake.”


Hendriyanto nyela, “Mbok ya nglakoni omah-omah, ben aja ana godha wae.”


“Durung ana pikiran prakara kuwi, Mas,” wangsulane Sudiarsih karo mesem, “Nemoni lelakon kang mangkono iku, atiku saya bingung, njur kudu kepiye awakku iki.


“Mesthine sliramu digodha wong lanang meneh,” pambedheke Hendri, “Gek sapa maneh sing nggodha?”


“Anu, Mas.” Wangsulane Sudiarsih, “Sing nduwe omah. Sing nggumunake kuwi, wong duwe bojo tur ya ayu pisan ta, bareng tak pondhoke malah terus duwe sir karo aku. Kawetu pambujuke, ning aku ora nglanggati.”


Hendri takon karo nyawang Sudiarsih, “Sing nduwe omah? Lha teruse piye kok nganti sliramu bisa tekan kene, banjur malih dodol dhawet?


(Wonten tutugipun)

Komentar

Postingan Populer