Dhawet Manis ( 4 )

 Sawetara sasi maneh Hendriyanto wis oleh ketetepan saka pamarentah mulang neng kutha Semin. Lagi sesasi ana kene, dheweke wis ndhedher wiji katresnan anyar maneh marang kenya njatmikani, jenenge Sri Sukeksi.


 Semining wiji katresnan iku saya mundhak sasi saya urip subur ngrembuyung. Jaka lan kenya padha dene gedheg lan anthuk, wong tuwane sakloron uga mathuk. Arep apa maneh, mulane Hendri banjur mbangun bebrayan karo Sri Sukeksi. Iku minangka sarana kanggo nglalekake marang Sudiarsih. Uripe katon rukun, mong-kinemong, agawe bungahe wong tuwane sakloron.


Begjane Hendriyanto lan Sri Sukeksi, dene setaun candhake, kekarone wis diparingi momongan wadon, mrengil, ayu rupane. Ndadekake saya wuwuh atut-runtute wong sakloron anggone padha bebrayan. Apa maneh saben mundhak sasi, anake wis bisa diajak gojegan, saya muwuhi bungahing wong sakloron.

Anake tansah diengklek-engklek, dikudang-kudang. 


Bareng wis umur watara telung sasinan, saya nyenengake maneh. Lan saya gawe rakete bapa lan biyunge. Awit bocah kang umur semono kuwi wis ngerti yen diajak gojegan. Seneng ngrungokake swara kang laras, lan banjur liyer-liyer turu. Yen bangun esuk, rikalane bapak ibune isih enak-enak turu, dheweke wis kroncalan dhewe karo nywara kang durung bisa dimangerteni tegese. 


Kadhang kala Hendriyanto banjur tangi mbopong anake kang clewa-clewo mau karo dikudang-kudang. Anake ngguyu karo kroncalan karo nyuwara kang bisa nglipur atine. 

Nanging ndonya iki papan jang rame. Papane godha lan rencana. Senajan diupamakke wong mlaku kang wis ngati-ati, nanging isih ana kalane kesandhung utawa kebentus. Sri Sukeksi ketaman ing godha.


 Godhaning priya kang minta sihing wanita. Atine ringkih, kegiwang priya liya. Dheweke ora bisa ngendhih kanepsone, sulap marang gebyaring bandha kang dipamerake. Sukeksi sulap marang gilaping cet montor kang tangeh bisane diwujudake dening bojone.


 Mulane dheweke nglanggati marang panggodhaning priya aran Raharjo. Direktur CV “Santosa Jaya” ing Semarang, kang lagi mbangun dalan ing laladan kono.


Atine kang wis sulap, atine kang wis lali marang drajate, atine kang wis ketliweng nuwuhake rasa adreng, amrih enggala bisa uwal saka tangane Hendriyanto. Tansah golek jalaran, tansah golek pawadan kanggo nglungani.


Sawijining dina ing wayah sore, nalika Sri Sukeksi lagi lungguhan ana ngarepan karo bojone, dheweke kandha,”Mas, wis pirang-pirang sasi iki awake dhewe ora sowan embahne Godean. Aku wis kangen, Mas, kepengin sowan mrana. Ngiras pantes karo nuduhake Retno. Mendah rename embahe yen pirsa menawa Retno wis bisa clewa-clewo lan playon,”


Hendri karo mesem seneng banjur wangsulan, :”Mathuk, Jeng. Aku yaw wis kangen.”

“Mendah senengku yen nyawang Retno mengko dikudang-kudang mbahe.”

“Hla iya, karo meneh wayahe ya mung lagi siji ndhil kuwi lho.”


“Tindak suk Setu wae ya Mas, mumpung aku perlop, dadi bisa tutug,”


“Suk Setu?”


“He..eh. suk Setu. Neng kana sepasar, dadi tutug olehe kangen-kangenan.”


“Apa bisa ta, Jeng?”

“Ora bisa kuwi ana apa ta, Mas? Lak panjenengan bisa perlop. Gajege taun iki njenengan durung tau perlop,”


“Dadi guru kuwi ya ora kaya sliramu. Perlope ya yen bocah-bocah padha prei kae. Dadi swayah-wayah ora bisa pamit lan ninggalake penggaweyan. Guru kaya aku iki kudu ngerti empan papan.”


“Empan papan piye ta Mas. Aku kok dadi ora ngerti karepmu.”

“Maksude ngene,” kanthi sareh Hendri jlentrehake marang sing wadon,”Guru kuwi, yen arep ninggal kuwajibane, ya kudu ngungak marang kahanan, ora angger kecandhak butuhe dhewe. Awit kuwajibaning guru mono, tanggug jawab marang kebutuhaning murid. Kebutuhaning murid ing bab ngangsu kawruh, ya kudu dimenangake.”


“Dadi sliramu ngalahake marang kabutuhanmu dhewe?”

“Iku yen perlu, Jeng.” Wangsulane Hendri tetep sabar, “Murih murid-muridku ora nandhang kapitunan. Apa maneh iki wis ngarepake pandhadharan kang pungkasan.”


Sri Sukeksi katon ora seneng krungu wangsulane bojone, mula kandhane kanthi songol, “Ora Pak, wose panjenengan kersa apa ora tindak Godean suk Setu? Ora perlu kakehan pumika.”


“Mbok ya aja suk Setu ta, Jeng. Aja ngono.” Hendri nywara alon karo mituturi, “Yen krungu tangga rak yo  ngisin-isini. Disengguh aku ora bekti marang wong tuwa.”


“Ngisin-isini apa!” wangsulane Sri Sukeksi sora, “Aku emoh Mas nek mung tansah dikalahke karo kewajiban. Ora bisa kaya lumrahing bojo.”


“Hlo…piye ta Jeng. Aku lan kowe iki lak mung tansah rukun, mong-kinemong ngono, kok malah jare dikalahke karo kuwajiban?”


“Hla gena Mas Wanto kae, najan dadi guru kok ya ora kaya njenengan ndika menika,” kandhane Sri Sukeksi melehake.


“Hla ya genah, Mas Wanto beda karo aku. Jeneh yen padha lha rak bungung le arep nitik. Lha nek nganti kleru njur piye,” wangsulane Hendri karo ngajak gojegan.


“O lha eling-eling tilas badhut, mula ya ndlewer,” Sri Sukeksi katon anyel.


“Badhuta kae rak yo bojomu ta, Jeng?” Hendri karo mesem.


Sri Sukeksi banjur ngomong karo mlengos sarta songol, “Sing marahi rak yo  sliramu,ta? Coba nek sliramu ora marahi lak ya ora. Lha wong durung wanuh kok aruh-aruh.”

Hendri banjur mesem karo nyawang bojone, “ Ngonoa kae yen kowe ora butuh, rak ya ora kelakon ta, Jeng?”


“Ora arep omong.” Kandhane Keksi karo ulat kang ora padhang, banjur ngadeg nyat, ninggal sing lanang. 


Hendri mung nyawang karo mesem, nanging ora melu menyat saka palungguhane.

Satemene nesune Keksi mau mung arep dianggo pawadan wae. Pancen wis disedya direncana, dheweke bakal golek jalaran kang sekirane ora bisa dituruti bojone. Sejane kang ora kelair, arep nuruti derenging atine sing lagi keyungyun marang sesawangan anyar.


 Hendriyanto ora ngerti ngenani karepe bojone, rumangsa kang kelakon iku mung kapinujon wae.

Ing dina candhake, saulihe saka sekolahan, Hendriyanto rada kaget, dene omahe kok katon sepi. Bojone ora ketara kemlebate. Mula bareng dheweke nyendhekake sepedhane, banjur ngungak neng pawon. Anake, sing dijenengi  Retno Wulansari kang wektu kuwi lagi ngrusuhi Mbok Tinah, bareng ngerti bapake banjur mlajoni. 


Gapyuk ngrangkul sikile bapake,. Anake banjur dibopong karo takon,:  “Wis maem Ret?” Anake mung gedheg.


“Kok sepi, Mbok. Ibune Retno menyang ngendi?”


“Ngendikane dhek enjing wau ajeng tindakan ngoten. Ning kirang terang, tindak teng pundi.” Wangsulane Mbok Tinah karo disambi nyugokke geni.


Hendriyanto banjur mlebu ngomah karo mbopong anake, saperlu cucul penganggo. Sawise cucul banjur mapan lungguh ana kursi sacedhake meja mangan, kang ing kono wis cumawis sakabehe. Hendri banjur mangan kembulan karo anake.


Bubar mangan, anake banjur dituntun menyang ngemper, banjur lungguh maca koran. Anake depel-depel neng pupu. Nanging kadingaren, atine Hendri ora sreg anggone maca, mula koran Kedaulatan Rakyat banjur diselehke meja maneh.


 Dheweke banjur klithih-klithih mlebu ngomah, bablas menyang kamar karo nggendhong anake. Mripate weruh amplop gemlethak ing kasur. Karo dibarengi rasa tratapan, amplop mau enggal dijupuk lan banjur dibukak. 


Sawise diwaca, dheweke nggresah lan unjal ambegan jero. Sajak ketara yen nelangsa atine. Layange isih tetep dicekel lan disawang, nuli dibaleni maca maneh:

Katur Pake Retno

Mas, dina iki aku sida mangkat nyang Godean, ijen wae. Putramu tak tinggal kareben diemong Mbok Tinah. Aja duka lan kaget ing penggalih, lungaku iki bisa uga terus ora bakal bali, lan aku wis ora saguh ngladosi panjenengan maneh, wong panjenengan nyatane ya ora nggatosake aku, Mula mangsa bodhoa putramu.

Wasana andum slamet.


Bune Retno.


Atine Hendriyanto sumedhot lan angles banget, suwe dheweke datan bisa kumecap. Dheweke lagi sadhar rikalane anake prembik-prembik nangis.

Retno nuli dipangku, dikekeb-kekeb lan diambungi kanthi rasa kang angles lan trenyuh. Nganti sawetara suwe tumindake Hendri marang anake kang mangkono. 


Retno Wulansari, sing ora ngerti rembug, mung plorak-plorok nyawang bapake.

Wusana Hendri gumremeng alon, “O Ngger, wis bejamu. Dene ibumu kok banjur tega karo kowe kaya mengkono.”

Retno banjur mlorot saka gendhongane, banjur marani boneka kang temumpang ana rak wadhah dolananane. Dheweke banjur katrem karo dolanane.


Hendriyanto isih lungguh dheleg-dheleg, njethung, nggetuni lungane bojone. “Oh Jeng, Jeng. Kowe kok dadi mentala marang cuwilaning dagingmu. Dadiya tega rak ya karo aku, aja banjur ngilok-ilokake Retno kang ora ngerti apa-apa. Wong mung sepela kok malah dadi gawe.”

Hendri banjur ngadeg menyat marani lemari wadhah sandhangane bojone. Bareng dibukak jebul wis kothong. Hendri mung gedheg-gedheg karo nggresah lan unjal ambegan wae. Atine bebeg-jibeg ngrasakake lelakone.

Bareng wis aso atine, dheweke banjur nyedhaki anake kang isih ketungkul anggone dolanan. Nuli dituntun menyang pawon nggoleki Mbok Tinah kang lagi nggodhog wedang.


 Retno banjur mlayoni lan ngrangkul Mbok Tinah saka mburi. Sing dirangkul kaget, meh kelumah. Ning banjur Retno diranggeh, terus dirangkul, diambungi karo dikudang-kudang.

Hendriyanto mesem, ning sajak kepeksa. Dheweke banjur kandha karo Mbok Tinah, “Mbok, piye iki?”


“Pripun, enten napa ta?”

Karo sendhen cagak pawon, dheweke mangsuli, 


Aja kaget atimu ya Mbok, ibune Retno jebul purik menyang ngGodean .”


“Ooo..” sajak Mbok Tinah kaget, “Hla terus pripun niki, kathik putrane ditegakake,”

“Sesuk tak susule Mbok, muga-muga wae wis lilih atine.”

“Prayogine nggih ngaten, disusul mrika.”

“Ning kowe menenga wae ya Mbok, yen krungu tangga ngisin-isini.

“Nggih ta mpun, ampun semelang, pun sepuh lak nggih saged nyimpen wados.”

“Ning mung gumunku kuwi lho Mbok, lha wong mung perkara sepele kok direwangi mutung,”

“Lha enggih niku ta, kalih malih purik-purikan napa niku rak nggih mboten onten paedahe. Rak nggih mesakake Den Rara Retno,”

“Iya, Mbok. Mesakke Retno. Bocah semono ditinggal ibune. Ya bener yen durung karuwan nek terus, ning rak ya piye, wong Retno durung ngerti apa-apa.”

“Enggih, dadosa purik, Den Rara rak nggih dijak, dados mboten dipun westani tega teng putra.”

“Pamujimu wae, Mbok. Muga-muga ibune Retno gek ndang gelem mulih, selak mesakake Retno. Nek ibune mono mung nuruti karepe dhewe.”

“Sokur bage menawi keng rama ibu ngrika malah ndukani keng rayi. Awit limrah tiyang sepuh temtu mboten rena menawi putrane kondur piyambakan.”

“Bener, Mbok. Wong tuwa adate ora gelem nampa anake purik, mesthi banjur diterake bali. Sing mengkono mau murih kriwikan aja nganti dadi grojogan. Ning ngonoa kae, aku sesuk meksa arep nusul.”


(Wonten tutugipun)


*

Komentar

Postingan Populer