Dhawet Manis ( 6 )

 “Menawi kula manah-manah kados leres ngendikanipun Bapak tuwin Ibu,” wangsulane Hendri, “Kados dene wonten ing serat kemawon, piyambakipun sampun criyos, bilih anggenipun kesah menika badhe salaminipun. Tembung mekaten wau ateges sampun mboten purun bebrayan kaliyan kula malih.”


“Ndri,rehne bojomu wis lunga ora karuwan parane, pancen wajib kok eklasake. Awit cetha yen bojomu iku wis ora nglungguhi kautamaning wanita somahan. Wis nerak marang tindak kasusilan, malah mentala marang anake dhewe. Wanita kang kaya mengkono mau wis ora patut diantepi.” Ngendikane Bapake ngemu pitutur.


Sawetara suwene sing padha jejagongan ora ana kang kumecap. Sabanjure ibune takon, “Lha Retno kancane njur sapa, Ndri?”


“Kaliyan Mbok Tinah. Sejatosipun kula nggih mboten tega badhe nilar piyambakan menika wau,”


“Saiki mumpung isih yahmene, becike enggal muliha wae. Mesakke Mbok Tinah nek anakmu rewel. Sesuk-sesuk kono yen sela tilika rene maneh, nganti rong ndina apa telung ndina malah apik.” Bapake aweh pamrayoga marang Hendri.


“Kula ngentosi Pak Sastra, mangke badhe ndherek nunut dhateng Jogja malih.”

“Mbok wis numpak bis sing jurusan Semin wae ta Ndri. Lha kowe lagi tekan Jogja, yen numpak bis lak ya wis tekan ngomah. Karo maneh selak mesakake anakmu.”


“O enggih, nggih Pak. Kula ngantos mboten gadhah pikiran, menawi sakmenika wonten trayek bis Giri Indah jurusan Sala-Semin. Yen ngoten kula tak matur Pak Sastra rumiyin, menawi mboten sios ndherek,lajeng mesisan nyuwun pamit, mangke badhe lajeng dhateng terminal Nggemblegan” wangsulane Hendri, kang saking judhege pikire nganti ora kelingan yen ana bis jurusan Sala-Semin. Malah sedina kaping pindho, yakuwi bis Giri Indah karo Dwikarya.


“Ya wis sing ngati-ati, selak mesakke anakmu.” Ngono pangandikane Bapak lan Ibune.

Iku lelakon kepungkur kang nggodha pikirane, sawise dheweke maca adpertensine Hartadi sing nggoleki bojone.


Ndonya iki pancen papan kang rame, pepak lelakon kang nrenyuhake uga sing gawe bungah. Ana padhang ana peteng, ana rina ana ratri. Nyakramanggilingan tanpa mandheg. 🌷


Petunge wis rong tahun luwih lungane Sri Sukeksi, ibune Retno kang jalaran lupute Hendriyanto. Retno Wulansari saiki wis umur 4 tahun, wis pinter nyanyi-nyanyi wulangane ing Taman Kanak-kanak, agawe regenge omah ing kidul lapangan iku. Lan kasepening atine Hendriyanto kang jalaran tanpa mbok ratu, saiki wis kalipur karo anake. Saya gedhe, rupane Retno Wulansari, saya ngemperi rupane ibune.

Hendriyanto rumangsa begja, dene Retno ora kelingan marang ibune.


 Rumangsane Retno, biyung kang nganakake dheweke iku Mbok Tinah, kang ngopeni dheweke wiwit bayi abang. Malah wis tau, Retno takon marang bapake mangkene, “Pak, pak, simbok ki apa ya mbokku tenan ta?”


“Lha witikna apamu Ret, yen dudu embokmu?” wangsulane Hendri karo mesem. Nanging ora jinarak banjur mak nyut, atine sumedhot marga kelingan ibune Retno. Banjur tuwuh pangentha-entha jroning atine , mendah kaya ngapa rasane wong sakloron, yen meruhi anake bareng gedhe kenes tur micara.


Retno sajak maido karo wangsulane bapake, “La kowe enom kok simbok wis tuwa, hara. Kae rambute simbok wis putih kabeh.”

Bapake ngguyu nyekakak, Retno dirangkul trus diambungi. “Rambute mbokmu kae, dhek enome kutahan labur, mula saiki dadi putih kabeh.”


“O iya ta Pak. Yen ngono mengko tak takon simbok.”

Mangkono pitakonane Retna ing sawijining wektu kang wis kepungkur.


Nalika iku mangsane mangsa ketiga. Dayane hawa panas kang sumelet, njalari awake Hendriyanto krasa sumuk banget. Cendhela kang dingakake njeglag, siliring angin sing liwat cendhela, meksa ora bisa nyuda rasa sumuk ing sakojuring awake. Mula dheweke banjur metu saka kamar karo ngobat-abitake buku tipis kanggo tepas-tepas, karo mlaku ngalor ngidul. Nuli ngener tumuju pawon. Mbok Tinah katon isih uthek ana ngarep keren, karo jengkang-jengking  ndamoni geni.


Hendri banjur takon marang Mbok Tinah, “Anakmu mau nyang ngendi, Mbok?”

“Lha wau rak kalih slirane ta?” semaure Mbok Tinah karo ndengengek noleh.

“Wong mau metu kok.” Hendri karo isih ngobat-abitake bukune.

“Ayake mawon dolan teng nggene Murni kilen ngriku.”

“Mau rak durung mangan ta?”


“Dereng, wong wau ajeng kula dulang mboten purun.”

“Mbok ya digoleki ta, angger dolan mesthi lali mangan.”

Nanging dumadakan banjur keprungu suwarane Retno gedebugan mlayu mlebu omah karo bengok-bengok, “Pak….pak…!”


Hendri banjur mlebu omah, karo mangsuli, “Ret, bapak ana kene.”

Retno njedhul saka kamar karo krenggosan marani bapake.


“Kok mlayu-mlayu kuwi ana apa ta, Ndhuk?”


“Pak, nyuwun dhuwit.”


“Dhuwit dinggo tuku apa ta?”


“Nggo tuku dhawet. Gelis Pak, kae lho bakule dhawet wis rene.”


“Njaluka mbokmu kana.”

Tanpa wangsulan Retno banjur mlayu marani mboke menyang pawon, “Mbok tukokna dhawet.”


“Endi sing adol?”


“Kae lho neng ngarepan.”

Mbok Tinah metu karo ngetutake Retno menyang ngarepan. Hendri ya kepengin ngombe dhawet, mula kon nukokke sisan.


 Sing maune Mbok Tinah ora kepengin tuku, ning bareng ana ngarepe sing dodol dhawet ya dadi kepingin tuku. Malah entek rong mangkok. Retno ya entek rong mangkok. Dene Hendri uga ditukokke rong mangkok, banjur digawa menyang pawon perlune disalini gelas. Regane dhawet wis dibayar kabeh karo Mbok Tinah.


Nanging sing dodol dhawet ketoke kentekan banyu, mula dheweke banjur nembung marang Mbok Tinah, :”Keleresan toya kula telas. Kula nyuwun toyane nggih, Den.”


Mbok Tinah wangsulan karo mesem, “Dhi, ampun ngundang kula Den. Kula niki namung rencang mawon. Pun samang ngundang mbakyu mawon. Nika lho sumure onten wingking sampeyan mendhet. Dhawete kula tunggokne.”


“Walah mbakyu…ditengga enten napane. Mboten-mbotene nek ical.” Wangsulane bakul dhawet mau karo mesem.


“E…lha nek dithotholi pitik lak nggih eman-eman.”

Sing dodol dhawet banjur ngadeg nuli nyangking kendhil karo mesem. 


Mbok Tinah nyawang bakul dhawet mau nganti ora katon, menggok neng mburi omah tumuju menyang sumur. Sajake Mbok Tinah gumun banget marang rupane sing adol dhawet mau. Ing batin dheweke ngudarasa ning guneme kawetu senajan mung alon, “Ambakna wong dodol dhawet kok le rupane ayu jan ora mekakat. Jane ya ora patut yen bakul dhawet, eman-eman yen kepanasen. Ah iba ya nek dandan,gek kaya ngapaaa…”


“Ngapa mbok?” takone Retno karo nyekel tangane mboke

Mbok Tinah gragapan karo mangsuli, “Ah…ora apa-apa.”

“Lha kowe mau kok grenang-greneng jare ayu ngono. Sapa sing ayu?”

Mbok Tinah mesem karo mangsuli, “Sing ayu ki ya anake simbok iki.” Tangane karo nyiwel pipine Retno.


 Rumangsa dialem, Retno malah banjur nglendhoti njaluk pangku mboke.


Nalika iku, Hendriyanto kepingin metu menyang jamban, sawise ngombe dhawet entek rong nggelas. Mula dheweke age-age metu saka ngomah, liwat pawon banjur ngener menyang mburi. Nanging jegagik…! Sajak padha kagete, sawise Hendri adu arep karo sing adol  dhawet. Wong loro padha pandeng-pandengan nganti sawetara suwe. 


Wusana mak prog….kendhil lemah kang dicangking sing adol dhawet mau, merga tangane nggregeli, tiba pecah neng lemah, mulih menyang asale. Banjur semparet arep mlayu.


 Nanging Hendriyanto ora kurang ing kaprayitnan, bakul dhawet dioyak, banjur tangane dicandhak.

“Jeng Arsih….” Clathune Hendri.


Sing dodol dhawet mau ora mangsuli, tangane tengen banjur nyandhak slendhang lurik, kanggo nutupi raine.


“Kowe kok….” Kandhane Hendri kepeksa dipunggel, amarga sing adol dhawet mau banjur nangis.

Hendriyanto nyawang sing bakul dhawet nganti sawetara suwe lan ora kumecap. 


Hendri banjur mlayu menyang ngarepan, akon marang Mbok Tinah, “Mbok, dodolan dhawet kuwi usungana mlebu ngomah ndhisik,”


Nanging sing dodol dhawet banjur nututi karo kandhane nyegah, “Wis ben, aku arep nutugake olehku dodolan.”


“Mengko yen kowe arep nutugake olehmu dodol kena wae, ning lungguha dhisik,” pangarihe Hendriyanto.


“Aja Mas, ngisin-isini,”


“Ora, aku ora isin. Aku mung arep takon sithik.”


“Arep takon apa?”


“Wis ta, ayo lungguh ngomah ndhisik, aku arep takon.”


“Aja Mas, aku tak nutugke olehku dodol. Aku ora kepingin disujanakke ing liyan.”


“Ora apa-apa. Ora ana wong sujana. Wis ta ngguguwa aku.”


Wusanane sing dodol dhawet ora bisa suwala, dheweke manut. Hendriyanto banjur ngetut-buri sing dodol dhawet mlebu omah. Banjur padha lungguh ing kursi ngongrongan tengah. Mbok Tinah karo Retna Wulansari padha pating plenggong nyawang Hendri karo sing dodol dhawet. Mbok Tinah arep nyela takon, ning ora wani.


Hendriyanto pancen ora ngira babar pisan yen bakal ketemu karo tilas pepujaning atine. Ketemu karo Sudiarsih. Ngimpi wae ora. Malah rumangsane dheweke lagi ngimpi. Ning tangane dijiwit ya tetep krasa lara.

Dheweke nuli takon marang Sudiarsih, “Jeng, sliramu kok dadi bakul dhawet ta? Gek apa wis suwe? Kok bisa bakul dhawet ana kene kuwi larah-larahe kepriye?”


“Lelakon kok, Mas. Gek raiku arep tak dhelikake ngendi?”


“Aku ora duwe pamrih apa-apa, Jeng. Ora perlu isin rikuh lan pakewuh,”


“Nanging aku wis rumangsa luput lan dosa marang panjenengan. Aku iki wanita sing ora bisa ngregani katresnane priya. Aku wis mblenjani marang janjiku dhewe.” Wangsulane Sudiarsih kebak panalangsa.

Hendriyanto lagi arep kumecap, nanging wis kalah dhisik karo wetuning tembunge Sudiarsih,


 ”Nanging Mas, satemene aku kepeksa nglakoni omah-omah, beteke nuruti kersane wong tuwa kang wis arep tinggal donya.”

“Ya kuwi sing arep ndaktakokake marang sliramu, Jeng. Lan uga aku kepingin kok critani nganti sliramu banjur dodolan dhawet iki.”


Sudiarsih ndengengek nyawang Hendriyanto, kang mripate isih kembeng eluh. “Apa sliramu kersa ngrungokake lelakonku, Mas?”


“He eh, aku kepingin banget krungu critamu.”


Sudiarsih banjur nyritakake lelakone kang wis suwe mungkur, mungguh jalarane nganti gelem nglakoni omah-omah karo Hartadi. Betek-beteke mung nuruti panjaluke wong tuwane. Olehe crita wijang, saka miwiti kongsi mekasi. Dene Hendriyanto anggone ngrungokake kanthi tuwajuh.


 Nanging bareng dheweke rampung nyritakake jalarane lunga saka tangane Hartadi, banjur mak brebel eluhe Sudiarsih tumetes deres, karo kandhane seret, “Aku kelingan anakku, Mas.”

“Lha saiki anakmu ana ngendi?”


“Melu bapakne, pisah karo aku wiwit umur 3 tahun. Nek slamet uripe, mesthine saiki wis umur antarane 6 tahunan, kuranga mung sethithik.”


Hendriyanto karo manthuk-manthuk, nuli takone, “Sebabe apa sliramu biyen kok tega marang anakmu dhewe?”


“Jalaran kepeksa, Mas. Anakku ora oleh tak ajak.”


“O ngono ya? Dadi sliramu kangen karo anakmu?”


“He-eh, ning arep piye? Aku ora bisa ketemu anakku, merga aku ora kepengin ketemu bapake sing wis gawe sengsarane uripku.”


“Ah, ya aja ngono, Jeng,” pamenggake Hendriyanto, “ Jeneh kok ora bakal bisa ketemu anakmu.”


“Ora Mas. Aku wis kebanjur serik didakwa sing ora-ora. Didakwa tumindak nistha, didakwa tumindak sedeng. Kamangka aku ora tumindak tenan. Yen genah tumindak tenan, iku pancen ukumane. Lha bareng aku ora nglakoni, nyang ati kelara-lara banget.”


(Wonten tutugipun)

Komentar

Postingan Populer