Dhawet Manis ( 1 )

 Sawijining wektu ing tahun 1965.

Kadingaren ing sore iki omah kang dumunung ing Banyumanik ing kutha Semarang iku sepi wae.


Kang keprungu mung swarane tangis, kang agawe trenyuhing atine kang krungu. Kang mangka adat-sabene kursi ing ngarepan, ing teras iku mesthi ana priyayi kakung lan putri disambi momong bocah cilik watara umur 3 tahunan. Kadhang sing kakung maos layang kabar, sedheng sing putri gojegan karo putrane. Terkadhang uga kekarone katon padha mbebeda putrane, katon olehe padha rena ing penggalih.


Sesawangan kang ngresepakake, sesawangan kang agawe kemerenaning liyan iku jalaran saka olehe atut runtut kaya penganten anyar, jebul ing sore iki ora ana. Kang keprungu mung tangis kang nrenyuhake ati.


 Miturut swaraning tangis kang diampet mau, mracihnani manawa kang nangis iku dudu bocah cilik, mesthi wong kang wis umur lan duwe rasa pakewuh lan rasa isin yen nganti keprungu ing liyan.


Satemene kang nangis mau Rini,  Rini Sudiarsih. Undang-undangane ora Rini, ning Sudiarsih. Wanita kang yen sore linggih jejer karo kakunge ana kursi teras iku saiki lagi nangis ana kamare. Anggone nangis mau karana nembe wae pasulayan karo sing kakung. Padudoning wong bebrayan iku jarene dadi kembanging wong jejodhowan, jalaran dadi rabuking katresnane.


Nanging iki beda. Tuwuhe ontran-ontran lan kang njalari Rini Sudiarsih nangis kelara-lara iku, watara dhek jam setengah telu mau. Sing kakung lagi wae bali saka nyambut gawe, banjur nesu banget. Malah keladuk gunem kawetu tembunge kang nundhung lunga marang sing putri. Awit sing kakung mau rumangsa wirang banget, jalaran saka tumindake sing putri, kang dirasa nerak angger-anggering kasusilan.


Hartadi, iku jenenge bojone Rini. Nalikane isih ana ing kantor dheweke nampa layang sing ora genah sapa pengirime. Surasane layang kang baku, ngandhakake menawa Rini, bojone atindak sedheng, nerak marang anggering kasusilan wanita utama. Rini Sudiarsih atindak sedheng ing mangsane Hartadi ora ana ngomah. Lungane mesthi ana becak kang methuk. Dene paseksen kang dikanthekake ing layang iku awujud potrete Sudiarsih kang jejer karo priya liya. Priya kang durung tau diwanuhi Hartadi.


Tampa layang kang mangkono surasane, sarta mawa paseksen potret iku, prabawane njalari murubing atine Hartadi, rumangsa yen ditandhingake, rumangsa manawa katresnane ora ditimbangi karo bojone.


 Mulane nalika teka saka kantor durung nganti salin penganggo sarta durung nganti dititi tlesih, wis nesu banget.


Sadurunge tuwuh ontran-ontran, nalika bojone teka saka kantor, Sudiarsih methukake karo nggendhong anake, lan eseme kang manis nyungging lambene. Tindak kang mangkono mau pancen tinemu ing saben ndina ing samangsane mulih saka kantor. Lan adat saben Sudiarsih methukake mangkono mau, sepedha montore banjur dijagrag ana ing plataran omah lan agahan ngrebut anake, digendhong. 


Nanging ing awan mau, eseme Sudiarsih sing manis ora ditimbangi sarta ora banjur nggendhong anake, nanging malah pleg…pleg…pleg, raine Sudiarsih ditapuki. Sanalika iku uga Sudiarsih njempling kegawa saka kagete, karo banjur mlayu mlebu omah. 


Anake kang ngerti ibune nangis, dheweke uga melu nangis, nanging banjur direbut Hartadi, diulungake marang rewange.


Clathune Sudiarsih pedhot-pedhot, “Dhuh, Mas…, sampeyan kok banjur duka….lan mulasara… kaya ngene iki….gek kersamu wae piye…lan apa dosa…keluputanku….?”


“Heh…ora dosa?” wangsulani Hartadi songol, lan mripate mencereng murub. Nuli clathune, “Ora bakal wong lanang menehi paukuman marang bojone yen tanpa dosa. Awit tindak kaya ngono mau rak ateges dak menang,”

Clathune Sudiarsih karo nangis sesengrukan, “Mas…, yen dosa, dosaku apa mara aku wenehana ngerti. Perlune aku ya ben ngerti keluputanku, panyuwunku yen aku salah sliramu kersaa paring pangapura,”

Hartadi nggedrugake sikile, ketara yen kemropok banget, “Huh! Ngapura? Kathik lehe enak timen. Luput dingapura, sesuk ya gawe kaluputan maneh. Nekat tumindak saksire dhewe, merga ngerti yen tindake sing luput mau ora ana paukumane apa-apa. Ngono,iya!”


Sudiarsih marani sing lanang, karepe arep ngrangkul sikile sing lanang, ngatonake bekti asihe marang guru-lakine. Nanging durung nganti klakon, Sudiarsih malah klumah amarga didugang.


 Lagi wae arep tangi Hartadi wis nempiling pilingane.

Hartadi katon olehe waringuten, nganti tega mulasara marang bojone kaya mangkono. Kangmangka, padatan aja maneh nempiling apa nepang. Nylenthik wae rumangsa eman banget, yen ora seneng atine kang jalaran bojone luput, mung banjur meneng wae. 


Lagi bengine, ing samangsa arep mapan turu, kaluputane bojone mau banjur dituduhake, sarta dipituturi alon-alon supaya sabanjure aja nganti gawe kaluputan maneh. Bisa uga olehe waringuten nganti tega mulasara mangkono iku jalaran saka kemropoke, dene bojo kang ditresnani iku atindak sedheng, nerak angger kasusilane wanita utama, nerak angering wanita kang wis bebrayan, kaya pokale wanita rucah ing ngisor asem.


Sudiarsih kang krasa lara dipulasara iku, sanalika metu kaprawirane. Eluhe dadakan garing , ora tumetes maneh. Kanthi tatag takon marang bojone:


 “Mas, wong wedok ngono ringkih. Kok pulasara, mesthi wae ora bisa males, ditemah remuk-rempu wis kareben. Sanajan wong wedok iku ringkih, nanging ora samesthine yen mung kanggo tabokan lan dugangan. Ana rembug, dirembug. Ana prakara, dipriksa dhisik. Perlune ben dadi padhang, meruhi marang jejering perkara. Aku kang kok anggep luput, ora bakal mingkuh saka paukuman, apa wae angger wis ngerti apa kaluputanku.


 Durung ngendika apa-apa, teka banjur kasar temen, naboki, mulasara, mesthi wae ya menang, wong aku iki dudu tandhingmu.”

Ing semu, Hartadi kaprabawan marang kandhane Sudiarsih mau, ketitik anggone rada nglendheh. Nuli pitakon kanthi tembung kasar:


 “Hara, apa sing kok tindakke, nalikane aku ora ana ngomah?”


Sudiarsih ndengengek, katon gumun karo pitakonane bojone kang kaya mangkono mau, mula wangsulane :”Mas…wong wedok iku mesthine ya ngopeni anak karo ngopeni kebutuhaning omah.”


Panyentake Hartadi:”Yen rampung open-open  omah, apa kang kok tindakake?”


Wangsulane Sudiarsih alon, :”Sampeyan ki kok aneh timen ta Mas…. Lha kok dadi mundhut pirsa kaya pangadilan mriksa pesakitan. 


Gene sliramu wis pirsa dhewe mungguh panggaweyanku neng ngomah saben ndinane.”

“Kerep lunga!” celathune Hartadi seru, :”Kowe gawemu lunga dipethuk becak! Ayo ngaku ora, lunga nyang ndi?!”


Sudiarsih kaget banget, amarga ora ngerti babar pisan marang karepe bojone. 


Mula dheweke banjur pitakon, :”Lunga nyang ngendi ta Mas? Aku ora tau lunga, kejaba nindakake kang dadi kabutuhane organisasiku.”


“Ora perlu mukir!” panyentake Hartadi karo gedrug-gedrug, “Ora perlu selak. Ora perlu wedi-wedi! Wong kuwi nek wis dilakoni ya sing sisan. Arep kok selakana, wis ora bakal bisa nulung marang kaluputanmu.”


Sudiarsih nyawang marang bojone kanthi gumun. Nuli clathune, :”Saka rumangsaku , aku ora tau lunga nindakake apa-apa, apa maneh kang dadi pepacuhing wanita utama.


 Mas, Mbok Nah mesthine ya ngerti apa kang ndak tindakake saben dinane.”

Hartadi ora lilih diwangsuli mangkono mau, malah clathune saya seru, :”Sapa sing ngerti yen wis gedheg karo anthuk! Wis ta ora susah mubeng-mubeng, ora perlu selak! Wose kowe rak wis ora seneng karo aku ta? Nek ora seneng ki mbok ya bares wae, ora susah ndadak slinthutan, tumindak kang ora patut. Kaya tindake wanita ngisor asem, ngedol awake!”


Kaya didhodhoh alu dhadhane Sudiarsih, krungu unine bojone sing kaya ngono kuwi. Keranta-ranta, mripat sing mau wis garing, saiki teles maneh. Eluhe temetes deres. Sudiarsih nangis maneh, lan clathune alon, : “Adhuh Mas…kok abot timen pandakwamu marang awakku. Ora taknyana babar pisan yen sliramu kagungan panyakrabawa kaya mangkono. Mas, sapa wonge ora banjur kelara-lara lan serik atine, menawa selawase mung tansah njaga kautamaning wanita kaya awakku iki, ora tau nalisir saka angering kasusilan, teka banjur didakwa atindak nistha kaya patrape wong palanyahan. Mas, aku isih tetep eling, cukup ngerti menawa atindak sedheng marang guru-lakine iku gedhe walate, duraka lan nerak anggering pager-ayu. Mas, Sudiarsih kang ana ngarep sampeyan iki, isih tetep suci, tetep kaya Sudiarsih kang sampeyan tembung saka wong tuwaku, tetep wutuh, resik ora kalepetan ing tindak kang mlenceng saka reh kautaman.”


“Huh!” panyentake Hartadi karo nggebrag meja. Kandhane karo nuding-nuding,: “Kandhamu kok dakik-dakik, kaya pendhita mulang-wuruk, nanging isine mung kothong-mlompong ora ana nyatane. Ora perlu kemresik-resik, arepa kowe selak kae aku tetep ndakwa, yen kowe wis atindak nistha, tindak sedheng, mangro tingal!”


Wangsulane Sudiarsih isih karo mingseg-mingseg,: “Adhuh Mas, sirikan gedhe tumraping wong jejodhowan yen gumampang ngandel marang swaraning liyan.


 Mas, mesthine sliramu ya wis ngerti, yen wong liya iku ana sing seneng lan uga ora kurang sing gething. Wis dadi watake wong, meri marang kabegjane liyan. Jail, srei lan drengki. Mulane wajib diteliti ndhisik aja age-age duka.”


“Meneng! Ora susah kakehan wangsulan, bukti wis dak cekel, lan ora bisa diselaki maneh. Wose wiwit dina iki aku nyekarep kowe, apa kang kok karepake, tindakna sakarepmu. Ora sah wedi-wedi. Nanging kowe kudu lunga saka kene, aku ora sudi kanggonan bojo kang ora bisa njaga marang kautamaning wanita. Ora bisa nglakoni kaya dene ibu sejati. Ayumu mung ayu pulasan, ora tulus tekan batin. Nya, iki buktine delengen dhewe.”


Hartadi nguncalake layang amplopan, nuli semparet metu saka ngomah. Embuh arep menyang ngendi, ora ana kang ngerti.

Sudiarsih nangis ngguguk, kelara-lara. Serik atine didakwa tumindak sedheng . jer saka rumangsane ora tau nglakoni tindak kang mangkono. Sabarang tindake tansah ora tau nalisir saka reh kautamaning wanita.

Sawise sauntara suwe, lagi aso atine. Bareng wis rada aso dheweke banjur ngranggeh layang amplopan kang diuncalake bojone mau. Sepira kagete bareng mangerteni ana potret kang nuduhake yen dheweke jejer karo priya kang durung tau wanuh. Gumun. Dheweke gumun banget, amarga ora rumangsa potret karo priya kang durung tau diweruhi kuwi. Lan uga ora ngerti neng papan ngendi dheweke jejer karo priya kang kacetha ana ing potret kang saiki dicekel.  Dieling-eling, nanging meksa ora kelingan neng ngendi anggone potret karo priya mau.


Layang nuli diwaca, nanging durung nganti tutug pamacane, kaselak wis ora kuwat ngampet wetuning eluhe, pating clethok netesi kertas kang diwaca. Keranta-ranta atine, dene ana wong kang kumawani andakwa marang dheweke atindak nistha. Dheweke ngrumangsani, yen sakabehing katresnane mung gumolong dadi siji marang guru-lakine. Ora dibage-bage kaya surasaning layang kang lagi dicekel.



(Wonten tutugipun)

Komentar

Postingan Populer