Dahwet Manis ( 10 )

 Ngerti yen ana dhayoh, Hartadi banjur age-age njagragake sepedha montore karo mbopong Bagus mlebu omah ngarep.


 Hendriyanto karo Sudiarsih banjur ngadeg aweh kurmat marang sing duwe omah.


Hartadi katon kaget bareng ngerti yen dhayohe Sudiarsih tilas bojone, nanging tujune wae banjur bisa nyamudana, dheweke nuli mesem karo kandhane, “Sampun dangu rawuhipun?”


“Wis rada sawetara, Pak! Wong wis kawit mau.” Sukeksi kang mangsuli.


“Nyuwun pangapunten, kula wau dhateng panggenanipun mitra,” kandhane Hartadi karo lungguh.

 

“Malah kula, Dhimas ingkang nyuwun pangapunten,” sumaure Hendriyanto.


Hartadi lan Hendriyanto banjur padha tetepungan. Senajan lelorone lagi adu arep sepisan iki, nanging sarehne padha dene jembar pasrawungane, mula sedhela wae wis padha pundhuh, kaya dene wis tetepungan suwe.


Sidane Hendriyanto saanak bojone nginep ing omahe Hartadi. Beteke anggone pinter ngepek-epek atine bocah, mula Bagus Bintoro uga banjur lulut marang Sudiarsih, lan uga rukun karo Retno Wulansari’.


Esuke Hendriyanto saanak bojone padha mulih, malah Bagus uga gelem diejak ibune mulih menyang Semin. Bab iku andadekake bungahe Sudiarsih. 


Beda karo Retno Wulansari, senajan ibune meksa olehe arep nyandhet, Retno meksa ora gelem keri. Mula nalikane arep padha pepisahan, Retno dirangkul lan diambungi kanthi luh kang terocosan. 🌷


Wayahe wis bubar ashar. Bagus karo Retno katon anggone rukun. Lelorono lagi padha dolanan ing latar. Dene Hendri lagi lungguhan ana emper karo maca layang kabar. 


Hendri banjur noleh menyang prenahe suwara kang undang-undang dheweke. Sudiarsih mara karo kathung-kathung nggawa amplop.


“Mas, panjenengan mau tampi layang, gilo.”


Hendri banjur nyelehake layang kabare, banjur takon,”Saka sapa, Jeng?”


“Saka Ibune Retno.”


“Wis kok waca?”


“Durung. Wong genah amplope wae isih tutupan rapet ngono kok ndadak mundhut pirsa.”


Hendri banjur nyuwek amplop, layange didudut banjur diwaca. Layang iku nganti pirang-pirang lembar.


 Miturut njembloking tulisan, genah yen nalika nulis eluhe tumetes. Bareng wis rampung anggone maca, Hendri nuli mesem, lan kandha marang sisihane,


 “Gilo Bu wacanen. Ibune Retno ndongeng.”


“Ndongeng apa, Mas?”


“Ah mbok gekdiwaca dhewe kono, rak njur ngerti surasane.”


Sudiarsih banjur nampani layang mau, sabanjure nuli diwaca.


Katur Mas Hendriyanto

.

Mas, sadurunge aku nyritakake lelakonku, aku kepingin ngaturake sakabehing kaluputanku. Panyuwunku sliramu kersoa maringi pangapura. Ing pamrih bisa nyuda dosa-dosaku kang kapungkur, kang mratelakake ing bab lungaku saka ngomah kanthi ngapusi. Kuwi tak akoni Mas, dene lungaku biyen ora mulih menyang Godean, jalaran lagi ketliweng kena godha. Mengkono uga, nesuku mbiyen mung tak nggo jalaran golek dadakan wae, jer dhek semana pancen ana karep kang maton, amrih aku bisa uwal saka sliramu. Sing baku, kaya kang tak aturake ing ngarep, lagi ketliweng, nuruti godha tanpa eling, tanpa petung apa kang bakal kelakon ing tembe mburine.

Nanging kira-kira wae Mas, ora ngemungake aku wae kang kesinungan lali menawa lagi ketaman godha-rencana, amarga miturut kahanan, iya akeh wong liya kang ketliweng kaya aku iki. Ya jalaran wong ketaman godha iku nuwuhake lali, saka ora waspada yen uriping manungsa iku tansah cinaketan ing godha lan bebaya. Mengkono uga aku Mas, jalaran seka dayaning panggodha, banjur babar pisan ora kelingan endi kang diarani bener, lan endi kang diarani luput.

Nanging Mas, kanyatane kahanan kang tak arep-arep murih aku bisa mulya, ora maujud. Ora kelakon kaya kang ana impenku. Nanging piye maneh, bareng wis kebanjur, isin yen ta mundur,malah aluwung mbacut. Dhek semana ora ana sing tak anggep nek tumindakku mau luput, nistha lan ala. Malah aku nesu yen ana wong nacad marang awakku.

Sejatine aku rumangsa isin banget arep nyritakake lelakonku. Nanging Mas, bareng tak pikir luwih jero, pangrasaku luwih becik yen lelakon mau ana kang ngerti, tinimbang mung tak endhem neng jroning atiku wae. Malah idhep-idhep kena kanggo pangeling-eling, mbesuke kenowa kanggo gondhelan anggonku momong anak putu, amrih tansah rahayu kang tinemu.

Mas, sadurunge lelakon kang nyedhihake iku tak sandhang, dhek semana aku sambung katresnan karo sawijining priya. Kira-kira panjenengan ya durung kesupen Mas, marang Raharjo, direktur CV “Santosa Jaya” Semarang. Dheweke iku kang nggodha aku Mas, kang njalari aku ketliweng, sulap marang gebyaring donya. Lan nyatane priya iku lamis wae, wusana mung ninggal semprung kaya patrape tawon wae. Dadi lambe madu ati asu.

Mas, kaya ngapa sedhihing atiku, jer ing pangangen-angenku mung tansah ngalela cetha marang sliramu lan anakku Retno. Ing batin aku nyuwun pangapura marang sliramu, nanging senajan mangkonowa, aku ora kepengin mbaleni sliramu. Merga aku ngrumangsani gedhening dosa kaluputanku, uga karana isin. Isin yen ta nganti bali marang priya kang wis tak gawe serik atine.

Mas, aku ora bisa ngampet sedhihku merga bakal tak critakake lelakon sabanjure. Hmm..nistha banget. Kanthi ngendelake ayuning rupaku, aku banjur njegur ing donyaning kanisthan. Iya Mas, merga aku emoh urip ngrekasa, kang mangka aku ora bisa nyambut gawe apa-apa. Mula golek penggaweyan sing gampang wae.

Nalika iku aku mung duwe keyakinan yen katresnan iku palsu. Dadi ora ngemungake priya wae kang bisa gawe katresnan palsu, nanging wanita uga bisa. Aku ora pilih-pilih uwong, sing baku mung dhuwit, dhuwit lan dhuwit. Aku ora ngerti liyane iku, marga dhuwit kang bisa nguripi awakku.

Anggonku nglakoni dadi uwuhing bebrayan kurang luwih ana setahun. Ing sajroning aku nglakoni mangkono mau, wis pepak lelakon-lelakon lan kedadeyan-kedadeyan. Lan ing perlu tak aturake sawijining lelakon kang nyedhihake kang mujudake korbaning ayuku. Lan sawise ana kedadeyan iku, jebul atiku banjur eling, trewaca panduluku, menawa tumindakku setaun iku nisthaning-nistha. Lan iku jalarane aku banjur eling, mundur saka jagading palanyahan.

Nalika semana aku tepung karo wong lanang wis tuwa, kang pantes tak undang bapak. Dheweke kepencut kepati-pati kepengin ngrabeni aku. Nanging mung tansah tak enaki rembug, jer aku nglanggati dheweke iku mung melik marang dhuwite wae. Akeh barang pawewehe, akeh dhuwit kang wis diulungake marang aku, pepenginane ngrabeni aku ora bakal keturutan. Nanging bareng ing sawijining dina aku krungu kabar manawa dheweke mati ngendhat, marga nganggo dhuwiting pamarentah tur ora bisa mbalekake. Nalika iku eluhku tumetes trenyuh, welas marang sing ngajal, dene puputing nyawane marga saka panggodhaku. Ya iku Mas kang njalari aku banjur eling, menawa tumindakku mau nistha. Lan aku kepingin bisa oncat saka kono.

Lan bejane awakku, dene banjur ana sawijining dhudha punggawa pamarentah kang saguh ngentasake awakku saka jurang kanisthan, mesthi wae ndadekake bungahing atiku. Wiwit iku aku dadi bojone mas Hartowiyono, juru tulis kepala ing Kantor Balai Kota Semarang. Atiku rumangsa lega, atiku seneng bisa ninggalake jurang palanyahan. Tumindakku tansah tak ati-ati, murih bojoku ora sujana, ngelingi wis tau tumindak kang murang tata. Taun candhake, aku pinaringan momongan lanang, Haryanto. Ah.. Mas, lelakon yen durung tutug. Anakku lagi umur rong sasi, jebul bapake lara nganti dadi lan tiwase. Kaya ngapa sedhihku Mas, ora bisa tak aturake ing kene. Tujune wae bojoku punggawa Pamarentah, dadi aku entuk pensiun randha. Upama ora, adhuh njur lelakon apa maneh kang kudu ndak sandhang.

Bareng bubar pitung ndina, mak nyut aku kelingan marang bapak-ibu. Aku njur nangis Mas, dene kok nganti kelimput lali marang wong tuwaku. Tuwuh pepenginanku mulih menyang Godean, dene prakara pensiyunan bisa tak parani pendhak sasi.

Sepira bungahku dena aku bisa tekan Godean kanthi slamet. Nanging Mas, sepira cuwaning atiku bareng aku mung kari ketemu Bapak thok. Ibuku wis seda.

Mas, aku ngrungkebi pangkone Bapak karo nangis. Tak rumangsani dosaku marang wong tuwaku, jer nyatane sedane Ibuku marga menggalih marang awakku.


Sudiarsih ora kuwat ngampet wetuning eluhe, bikut olehe ngusapi eluh. Iya, atine Sudiarsih trenyuh ngerti marang lelakone Sri Sukeksi, Ibune Retno. Dene Hendriyanto mung meneng wae karo nyawang. Nanging senajan atini trenyuh, elluhe trocosan,  Sudiarsih kepengin ngerti critane Sukeksi sateruse, mula anggone maca banjur ditutugake.


Bareng neng Godean, aku banjur mbudidaya golek penggaweyan. Pamitran lan kanca lawas tak jaluki tulung. Tujune bisa oleh, aku banjur nyambut gawe ing swasta dadi juru tik. Senajan blanjane sethithik, nanging lowung kena kanggo tambel butuh.

Lelakon sabanjure, jalarane aku ketemu karo Mas Hartadi, yaiku nalika menyang Semarang perlu nyadhong pensiyun.


 Sabubare nyadhong, aku banjur mampir menyang toko “Hien” saperlu golek bakal klambi. Ndilalah aku krasa didhesuk uwong lan krasa yen dhompetku ora ana. Aku banjur alok yen kecopetan. Tujune wae ana wong lanang  sacedhakku ngerti glibete wong kang nyopet dhompetku mau, mula banjur ditututi karo wong-wong kang ana kono. Copet bisa kecandhak banjur dipulasara wong akeh. Ora suwe ana pulisi teka. Aku, wong sing nulungi karo copete digawa neng kantor pulisi. Wong kang nulungi aku mau semanak banget. Nalika wis rampung papriksane, dheweke banjur mbarengi lakuku metu saka kantor pulisi. Wong sing nulungi mau ya Mas Hartadi.


Merga wis sore, lan rehne aku ora bisa nampik marang pitulungane, sidane aku diterake Mas Hartadi mulih menyang Godean kanthi numpak taksi.


Ah Mas, aku wis kesel. Mula tak cekak wae sidane Mas Hartadi kepengin mengku aku. Lan nganti saiki iki aku diwengku Mas Har. Wis Mas semene critaku, atiku wis cumeplong. Muga-muga padha tansah ginanjar wilujeng, slamet. Lan bektiku aturna Mbakyu.


O, ya Mas. Aku nyuwun weling sethithik. Sasi ngarep, aku karo pake Haryanto arep sowan mrene. Ning aku njaluk bebana, Mbakyu kudu kersa nggawekake dhawet. DHAWET MANIS.


Bune Retno.


Sarampunge maca Sudiarsih njiwiti sing lanang karo greget-greget lan kandhane, “ Sing marahi ya sliramu ta Mas, ndadak ngendika barang.”


“Ana apa ta?” pitakone Hendriyanto


Sudiarsih banjur wangsulan,” Lha iki ibune Retno terus ngenyek aku kon nggawekake dhawet.”


Hendriyanto ngguyu karo mangsuli, “Kuwi ora ngenyek lho Jeng, ning kowe rak luwih utama timbang dheweke.”


Sudiarsih mesem,layang banjur diselehake neng meja. Sawise iku dheweke banjur menyat ngadeg marani anake loro pisan kang ketungkul dolanan ana ing latar. 


Bareng wis cedhak banjur kandha, “Wis sore, ayo padha adus dhisik.” 

Retno Wulansari banjur ndengengek, nanging ora mangsuli, nanging banjur ngadeg. 


Nanging Bagus ora ngrewes, isih terus urak-urik nggambar neng lemah. Mula Ibune banjur kandha, “Liek, Bagus. Wis sore, ayo adus dhisik.”


“Kosik ta,” wangsulane Bagus, “Iki durung rampung, Bu. Arep tak rampungke dhisik,”


“Ee, wong wis sore ngene kok isih semaya. Mengko didukani bapak lho!”


“Ora. Bapak ra ndukani.”

Kupinge Bagus Bintoro dijewer, nuli mak jranthal mlayu. Nanging bareng tekan kadohan banjur mandheg. Noleh banjur ngiwi-iwi ibune.


Cunthel.


*

Komentar

Postingan Populer