Dhawet Manis ( 9 )

 Kahananing omahe Hendriyanto saiki wis ora sepi maneh, bareng Sudiarsih wis sida ngratoni bebrayane. Dene Retno Wulansari banjur lulut wae marang ibune kuwalon, beteke Sudiarsih pinter ngepek-epek atine si bocah.


 Pangrengkuhe ora beda karo anake dhewe, ora pisan-pisan dheweke nganggep menawa Retno mau anake kuwalon.


 Nanging kang mangkono mau ana sebabe, Sudiarsih tresna banget marang Hendriyanto, awit saka iku dheweke uga tresna marang sempalaning kulit-daginge Hendriyanto. Dadi dheweke arep bapake, ya arep karo anake.


Nalika semana pinuju padha ngadhepi meja dhahar. Retno didulang ibune, dene Hendriyanto tembal-tembel mangan kanthi puluk dhekem, nanging banjur kandheg olehe mangan, bareng weruh yen bojone netesake eluh.


“Jeng, kok nangis ana apa? Apa ana sing kok rasakake?” takone Hendri marang sing wadon.


Nanging Sudiarsih ora mangsuli, mung banjur tumungkul, lan tangane pisan-pisan ngusapi eluhe kang tumetes.


“Jeng, apa ora kepenak awakmu?” sepisan maneh Hendriyanto takon.


“Aku ora apa-apa kok Mas, awakku waras-wiris ora lara.” Wangsulane Sudiarsih.


“Geneya kok nangis?” Hendri nyedhak karo ndemek bathuke bojone.


“Mas, yen pinuju ngene iki , yen aku ndulang Retno, teka banjur ana rasa panalangsa ing atiku. 


Apa iya putramu Bagus Bintoro ya ngalami sing kaya ngene iki.” Kandhane Sudiarsih karo nyawang Hendri.


“Ya muga-muga wae uripe Bagus tansah bagya mulya.” Hendriyanto karo ndemok pundhake Sudiarsih, “ Jeng, yen sekirane slirane wis kangen tenan karo Bagus, ayo Minggu sesuk kuwi tilik Bagus menyang Semarang. Numpak Dwi Karya sing jam lima, mengko rak bisa tulak.”


Iba bungahe Sudiarsih tanpa upama. Sakjane wis suwe anggone kepingin niliki anake, Bagus Bintoro menyang Semarang, ning mung diendhem jroning ati, ora wani nglairake marang sing lanang. Dina iki tanpa dilairake, Hendriyanto malah ajak-ajak tilik menyang Banyumanik.


Esuk umun-umun, sakbubare sholat Subuh, wong telu wis mangkat menyang stanplat Semin. Jam 5 thet, bis Dwi Karya jurusan Sala, kang liwat Manyaran, Wuryantoro, Wonogiri, wis ninggalake stanplat Semin. Lakune bola-bali mandheg, awit akeh bakul-bakul kang arep kulakan nyang Pasr Legi, Sala padha nyegat ana ndalan. 


Tekan stanplat Manyaran bis wis kebak, malah wis ana sing ngadeg barang.

Tekan Sala banjur ganti bis kang jurusan Semarang. Ing kono ora nganti ngenteni suwe, merga bis jurusan Semarang saben seprapat jam ana sing mangkat.


 Watara jam sepuluhan wis mudhun neng Banyumanik, banjur disambung numpak becak nganti tekan ngarep omahe Sudiarsih biyen.


Mudhun saka becak, banjur mlebu ing plataran omah. Ing kono wis ana wong setengah tuwa kang nggendhong bocah cilik. Sudiarsih mandeng wong mau, semono uga wong sing nggendhong bocah cilik mau uga mandeng tamune kanthi rasa kang bingung.


“Mbok Yah…!”


“Den Ayu…!”

Wong loro banjur gapyuk rerangkulan padha tetangisan. Kabeh ora kuwat ngampet wetuning eluhe, eluh kabungahan awor karo eluh rasa trenyuh. Jalaran padha dene ora ngira yen isih bakal bisa adu arep maneh.


Hendriyanto mesem, dene Retno ana sandhinge nyawang kedadeyan iku karo ndomblong, beteke ora ngerti karepe.


Sudiarsih banjur clathu, “ Aku ora ngira yen bisa ketemu kowe maneh, Mbok!”

Karo ngusapi eluhe kang dleweran.


 Mbok Yah mangsuli, “Kula kados ngimpi kepanggih slirane niki, Den. Tiyang kula nggih mboten nginten babar blas.”


Mbok Yah nuli nudingi momongane, “Lare alit niki putrane garwane keng raka sakniki. Lha nika keng putra Bagus pun ageng.”


“Bagus?” takone Sudiarsih karo mlenggong, jalaran satemene dheweke rada pangling. 


Mbok Yah manthuk.


 Sudiarsih banjur mlayoni Bagus, terus dirangkul, diambungi karo ditangisi. Bagus mung ndomblong, kelop-kelop karo nyawang Mbok Yah, merga ora dhamang.


Mbok Yah sajake krasa karo panyawange Bagus, mula kandhane marang Bagus, “Nang, kuwi sibu. Sing lunga dhek emben kae.”


“Sibu…?” pitakone Bagus karo isih nyawang Mbok Yah, “Sibu neng ndalem ki?”


“Ibumu ana loro. Kuwi ya ibumu…” jlentrehe Mbok Yah

Bocah cilik sing lagi digendhong Mbok Yah nangis, mula genti dibopong karo dientrok-entrok kareben meneng. 


Mbok Yah banjur noleh marang Hendri lan Retno, banjur takon marang Sudiarsih, “Lha nika sinten, Den?”


“Kae bojoku, bocah cilik kae anakku.”


“Ooo…, lha ajeng tindak pundi ta?”


“Arep sowan mrene,” wangsulane Sudiarsih, banjur takone, “ Mas Hartadi ana ndalem ora, Mbok?”


“Keng raka nembe tindakan niku, sing onten namung garwane. Engga ta lenggah kriyin, kula aturane,” ora ngenteni wangsulane Sudiarsih, Mbok Yah nuli mlebu ngomah. 


Bagus Bintoro mberot saka rangkulane Sudiarsih, nututi Mbok Yah. Diundang ibune tanpa ngrewes. Hendriyanto, Sudiarsih lan Retno Wulansari banjur mlebu ing omah ngarep lungguh kursi. Ngenteni sing kagungan dalem.


Nalika iku Mbok Yah metu maneh, karo ngadeg rada adoh. “Pun aturi ngentosi sekedhap, saweg dandos.”


“Iya, Mbok.” Semaure Sudiarsih, “ Lha terus Bagus mau menyang endi Mbok?”


“Wonten nglebet, kula purih medal mboten purun.” Dheweke banjur takon. “Sakniki slirane dedalem enten pundi, Den?”


“Aku saiki ana Semin, Mbok. Dusun Pundungsari. Suk dolan rana ta, mung kidul lapangan Semin.”


“Enggih yen sela kula tak sowan mrika, wah sakniki keng putra niku nakale mboten jamak.”


“Nakal sing kepiye, Mbok?”


Wangsulane Mbok Yah karo tangane sraweyan, “Wah nggih pun nakal cekake. Tiyang nek sekolah mawon kedah kula tenggani niku. Nek mboten ditengga mboten purun sekolah.”


Sudiarsih ngguyu, nuli kandhane, “Ya lumrah ta Mbok, wong bocah semono kuwi isih duwe rasa wedi. Ning nakale ora prakara sing mutawatiri ta?”


“Mboten,” wangsulane Mbok Yah, “Kenging diwestani nakal tinemah nika.”


Sudiarsih ngguyu nuli micara maneh,”Nek bapake marengake, tekaku mrene iki sing baku arep njaluk Bagus, arep tak jak ana Semin, Mbok.”


“Wadhuh, lha kula rak njur kecalan inten ngaten.”


“Inten?”


“Enggih, lha tresna kula teng putrane niku pun mbalung sungsum niku. Lha nek pisah rak nggih kecalan inten kula ngaten,” wangsulane Mbok Yah karo ngguyu.


“O, ngono ta.”


Rembugane Sudiyarsih karo Mbok Yah kandheg, bareng sing kagungan dalem wis jumedhul saka lawang. Lan Mbok Yah banjur mire (nyimpang) lan terus mlebu ngomah, arep gawe unjukan kanggo tamune.


Kocap kacarita, bareng Hendriyanto weruh kang kagungan dalem, dheweke njomblak, kanthi ora krasa kawetu ucape, “Jeng Keksi?”


Dene sing kagungan dalem uga kaget banget, katandha puceting polatane lan banjur greg mandheg ing ngarep lawang, dheweke banjur ndhungkluk tumungkul karo mbrebes mili.


Sudiarsih plenggongan gumun meruhi kahanan kang mangkono mau, mula gek nyawang marang bojone, gek nyawang marang sing kagungan dalem. Apa maneh bareng sing kagungan dalem bikut ngusapi luhe, Sudiarsih sangsaya gumun.


Tujune Hendriyanto banjur bisa nyirep marang kahanan kang mengkono mau, clathune alon marang Sudiarsih, “Jeng, eloking lelakon. Lha teka sing kagungan dalem kuwi ibune Retno Wulansari.”


Sudiarsih takon kanthi kaget, “Ibune Retno?”

Hendri mung manthuk wae.

Ora sranta, Sudiarsih banjur menyat ngadeg marani ibune Retno, banjur gapyuk rerangkuan. Wong sakloron padha tetangisan.

Retno kang dhepel-dhepel bapake banjur ngomong karo prembih-prembih arep nangis, “ Pak, sibu kok nangis ta?”


Retno banjur dipangku Hendri, karo wangsulan, “Mengko rak ya meneng.”

Nganti sawetara suwene Sudiarsih karo Sri Sukeksi rerangkulan karo nangis.


 Hendriyanto mung nyawang kanthi trenyuhing ati.

Nanging suwe-suwe Hendriyanto ora mentala, mula Retno banjur diudhunake saka pangkone, banjur marani wong loro mau karo kandha alon, “Wis, Jeng. Lelakon kang wis kepungkur aluwung ora dieling-eling wae. Ayo saiki padha lenggahan wae.”

Sri Sukeksi lan Sudiarsih bareng anggone nguwalake rangkulane, banjur padha ngusapi eluhe dhewe-dhewe, nuli marani kursi, banjur lungguh.


Hendriyanto banjur omong marang Sukeksi, “Jeng, apa kowe pangling, iki rak anakmu, Retno Wulansari.”

Sri Sukeksi ndengengek sajak kaget, “Iki Retno? Wis gedhe timen kowe Ndhuk?”


Retno nuli ditubruk, dirangkul karo nangis. Retno kaget, mula banjur arep mberot saka rangkulane ibune, karo ngundang Sudiarsih, “Sibu, sibu…”

Karo mbrebes mili jalaran trenyuh, Sudiarsih ngrangkul Retno kang isih ana rangkulane Sri Sukeksi.


Atine Hendriyanto trenyuh, unjal ambegan jero. Lan sajroning atine tansah ngungun dene nemoni lelakon kang nrenyuhake, kang tanpa kanyana-nyana sadurunge.


Nalika iku Mbok Yah metu saka ngomah arep menehake momongane marang ibune, ditut-buri dening Bagus. Mbok Yah kaget bareng ngerti bendara lan tilas bendarane padha nangis karo ngrangkul Retno. Merga dheweke ora ngerti larah-larahe mula ya mung mandheg ndomblong.


Nanging bareng ngerti ibune, momongane mau banjur nangis kroncalan. Mula bocah mau banjur diwenehake ibune. Sukeksi banjur ngeculake Retno, lan nampani anake sing lagi nangis. Dene Bagus banjur dhepel-dhepel Sukeksi. Ngerti anake dhepel-dhepel Sukeksi, Sudiarsih gage olehe arep ngrangkul anake, nanging Bagus banjur nangis lan banjur mlayu menyang omah.


Bareng wis rada sareh, Sudiarsih banjur ngomong, “Jeng, kula mboten nginten menawi badhe manggih lelampahan ingkang makaten,”


Sukeksi mesem, wangsulane, “Semanten ugi kula mbakyu, dene kok kados dongeng mekaten,”

Sumambunge Hendriyanto, “Eloking lelakon, Jeng. Kathik kaya ngimpi aku. Ndonya iki kok kaya mung sagodhong kelor,”

Ing kono banjur padha gumuyu suka. Kosok balen karo sing dhepel-dhepel Sudiarsih.


“Ret,” clathune Sudiarsih, “Kowe bisa ngemban adhik ora?”

Wangsulane Retno, “Bisa wae, Bu. Adhik kuwi dipek entuk ora Bu?”

Kandhane Retno kuwi njalari padha ngguyu, wangsulane Sukeksi, “Oleh wae, ning Retno ndherek ibu neng kene.

“Engng..” Retno mlengos karo ngrangkul Sudiarsih.

“Mbakyu,” clathune Sukeksi karo nyawang Sudiarsih.


 “Kula ngaturaken panuwun, dene mbakyu sampun kersa ngopeni anak kula.”


Wangsulane Sudiarsih,:”Yektosipun, Jeng. Anggen kula ngopeni keng putra menika dereng dangu, tiyang kula saweg watawis kalih wulan kok. Malah kosok wangsulipun kula ingkang ngaturaken panuwun kagem slirane.”


Sukeksi mesem nuli kandhane,:” Kula ngenger keng raka menika ugi dereng dangu kok mbakyu, tiyang saweg watawis setengah taun menika.”

“Ooo,” ucape Sudiarsih rada kaget. Nuli clathune,:’Dados keng putra menika….”


“Bektan kula, mbakyu,” panyelane Sukeksi,”Haryanto menika dipun tilar ngajal bapakipun wiwit kala umur kalih wulan, kabekta nandhang sakit.”


Nalika iku mbok Yah ngladekake suguhan, ditutburi Bagus Bintoro.

“Rene, Liek.” Pangundange Sudiarsih. Nanging Bagus malah mlayu nglungani.


Bareng suguhan wis ditata ing meja, nalika mbok Yah arep mungkur, dicandhet Sudiarsih karo celathune,:” Mbok, kowe rak durung ngerti ta, nek satemene Jeng Keksi iki biyen rayine sing mengku aku saiki?”


“O,” clathune Mbok Yah gumun, “ Eeee, lha kok elok ngaten, kathik kados dongeng mawon.”


“He-eh kaya dongeng, anu mbok aku banget ngaturake panuwun dene kowe wis ngopeni anakku ngandi saiki wis gedhe,”


“Ah,” wangsulane Mbok Yah, “Kula niki rak mung sadremi mawon ta, Den.”


Nalika iku ana swara sepedha montor saka ndalan gedhe mlebu menyang pekarangan omah. Bagus Bintoro banjur mlayu methukake.


Sukeksi banjur clathu, “Lha menika pakipun Bagus sampun dhateng.”


(Wonten tutugipun)

Komentar

Postingan Populer