Dhawet Manis ( 2 )

 Iku jalarane Sudiarsih nangis kelara-lara ana ing kamare, lan layang iku kang dadi jalarane ontran-ontran mau. Saumpama anake ora bengak-bengok nggoleki, dheweke mesthi isih nutugake ungkep-ungkep neng kamare. Nanging bareng krungu panangise anake, dheweke banjur gurawalan metu saka kamar. Anake, Bagus Bintoro banjur dibopong lan diambungi. 


Sawetara atine kelipur karo lucune Bagus, kang tansah criwis lan clewa-clewo. Tangane wae uga thrithikan, nganti Sudiarsih kirig-kirig merga keri.

Bareng bengine, anake wis turu, Sudiarsih kelingan maneh marang lelakon dhek awan mau. Sanalika brebel, eluhe tumetes maneh lan ndlewer ing pipine, nuli nangis sesenggrukan.


 Dheweke gumun banget dene bojone ora gelem nliti ndhisik bener lan lupute pandakwa kang kaya mangkono mau. Beda temen karo pakulinane adat saben kang sarwa sabar lan sareh.


Kegawa saka panalangsane atine, wusana banjur mak nyut, kelingan marang bapake kang wis ora ana. Bapake kang ditresnani, lan kang njodhokake dheweke karo Hartadi, nalikane arep ngungkurake karameyane ndonya, lan banjur ora bisa nyawang maneh salawase. Banjur nyut kelingan marang priya sing mbiyen nate ditresnani, priya pilihane atine nalika dhek semana. Hendriyanto.


 Seprana-seprene wis ora tau kelingan marang tilas kekasihing atine. Betek-beteke netepi kautamaning wanita kang wis sesomah. Nanging bareng nemahi lelakon kang gawe panalangsane, sakal banjur kelingan dosa kaluputane marang Hendriyanto. Dosa marang kekasihe, jer janji kang wis diucapake ora dileksanani.


 Sudiarsih medhot talining katresnan kanthi ora cecala. Dheweke ngrumangsani luput najan ta temene apa kang dilakoni iku jalaran saka kepeksa. Kepeksa dening kahanan kang wis ora bisa diselaki maneh.


Nalika iku wis jam 12 bengi. Nanging bojone durung mulih. Dheweke ora ngerti apa sebabe dene nganti kliwat wayah, bojone durung katon mulih. Jalaran saka sumpeking atine, dheweke banjur lungguh dheleg-dheleg ing pinggir paturon. Bareng mripate wis ora bisa disuyudi maneh, nuli ngglethak ngeloni anake. Ora krasa banjur les, turu tanpa ngancing lawang kamar. 


Tangi-tangi wis byar esuk, sawise diuleng-uleng anake.

Karo mbopong anake metu saka kamar, dheweke niliki kamare bojone, tinemu isih suwung. Cetha yen bojone ora mulih. Kedadeyan iku njalari tuwuhing rasa sujana ing atine, aja-aja bojone saiki wis salin slaga. Duwe simpenan mbok enom, lan layang kuwi mung gaweyane dhewe kanggo mbuwang tilas olehe wis ora tresna. 


Sudiarsih banjur menyat neng mburi, sawise ketemu Mbok Yah banjur celathu,:


 “Pake Bagus kok ora kondur mbok, wingi ngendika apa?”

Mbok Yah nuli noleh karo mangsuli,: “Mboten ngendika napa-napa kok.” Banjur kandha maneh,: 


“O, nganu Den, dhek slirane tesih muwun enten kamar nika, bapake kondur. Gek weling kula yen slirane didhawuhi mbikak laci meja, criyose enten serate napa ngoten wingi nika.”


Sudiarsih kaget,: “Layang apa?”


“Kirang terang nggih, bapak mboten ngendika,” wangsulane Mbok Yah tanpa tumoleh.


Sudiarsih banjur ngudhunake anake saka bopongan, banjur age-age mlebu ruwangan tengah marani slorogan meja. Atine samar lan dheg-dhegan. Ing batin tuwuh pitakonan ing atine,”Gek layang apa?”


Bareng wis tekan sangarepe meja, lorogan banjur digeret, layang nuli dibukak, njur diwaca. Nanging tangane banjur katon ndhredheg, awake gemeter, mripate netesake eluh. Wusana banjur ndheprok lan nangis ngguguk, tangane loro pisan kanggo nutupi raine.


Bagus teka-teka nimbrung nangis, nggandhuli karo banjur undang-undang ibune.

Mbok Yah krungu panangise sing dingengeri, tanpa sranta banjur nututi mlebu. Bagus banjur dibopong cemot, nuli ngarih-arih lan nglelipur marang bendarane putri. 


Nanging Sudiarsih wis ora ngrewes, dheweke tetep nangis ngguguk.

Nanging tujune wae atine Sudiarsih banjur eling, yen lelakon kang disandhang saiki ora rampung ditangisi. Ora pulih digetuni. Lan ora lilih yen terus sedih. Mula sanajan atine serik banget, kelara-lara ya meksa ditrimakake.


Sudiarsih banjur ngomong karo Mbok Yah, :”Mbok, pake Bagus pranyata wis tega tenan karo aku.”


“Tega pripun ta, Den?”


“Dheweke wis emoh tak ngengeri maneh, lan dina iki uga aku kudu lunga saka kene.” Sudiarsih karo srikutan ngusapi eluhe kang deleweran ana pipi.


Mbok Yah ketara yen kaget, “O, duka saestu ta?”


“Sajake ya ngono, puluh-puluh wis dadi nasibku kudu ngene. Mula aku ora arep suwala. Nanging olehe kabangeten iku kok pake Agus isih nyiksa awakku.”


“Nyiksa kados pundi ta?”


“Aku kon lunga dhewe, Bagus kon ninggal. Aku kudu medhot katresnanku marang Bagus.”


Mbok Yah nuli ngrangkul Sudiarsih, sambate,:


 “Halah…gek pripun, Den?” Tangise ngguguk gawe ngeresing atine Sudiarsih.


Kedadeyan esuk iku pancen nrenyuhake. Wong loro padha tetangisan. Sing kaya mangkono iki pancene ora aneh, jalaran ngengere Mbok Yah ana kono wis luwih telung tahun, wis ketuwuhan rasa tresna, kaya tresnane kulawarga kang angel pedhote.


Nanging arep kepriye maneh, najan digetunana, bojone wis kewetu tembunge kang nundhung dheweke. Wis ora sudi kanggonan bojo kang dianggep wis reged, wis atindak sedheng, wis atindak nistha kaya patrape wanita palanyahan.


Ing batin Sudiarsih nutuh bapake kang wis ngajal, dene kabeh kekarepane wis dituruti, sarta kapeksa medhot katresnan marang priya sing dadi pilihane, jebul tibaning ngendon, nemoni lelakon kang nyedhihake. Ditundhung lunga dening bojone.


 Sudiarsih keduwung banget.

Anggone ngekeb anake, kaya ora bisa uwal. Dipithing-pithing, dikekeb-kekeb, lan diambungi kanthi luh kang trocosan. Ketang tresnane marang cuwilaning daginge, kang ing dina iki uga bakal ditinggal, bakal pisah salawase. 


Lungane Sudiarsih saka ngomah kono kanthi rerawatan luh, awake lemes kaya ora kuwat ngglawat, balunge kaya dilolosi. 🌷


Sudiarsih iku dhek isih prawan, karan prawan Tipes. Awit omahe dumunung ing kampung Tipes, ing kutha Solo. Dheweke iku anak dhudha, anake pak Martodiharjo. Embokne wis tinggal donya nalikane Sudiarsih lagi umur rong tahun. 


Mulane dheweke ora kelingan kaya apa rupane embokne, wujuding biyunge kang wis nyusoni saka bayi abang. Nalika lulus SR, karo gurune ditambahi jeneng Rini. Mula nggon ijasah SR katulis Rini Sudiarsih. Marga pancen bocahe dhasare ayu lan manis, jare gurune luwih trep yen ditambahi Rini.


 Sudiarsih mung manut wae. Nanging wong dhasare jeneng asline mung Sudiarsih, bapake lan kanca-kancane yen ngundang ya tetep Sudiarsih.


Sangajaling bojone, Pak Martodiharjo ora gelem rabi maneh. Trima urip dadi dhudha karo ngopeni anake. Kang mangkono iku kejabane ngelingi kahanane kang mlarat, iya kuwatir yen ora bisa nyampeti kabutuhaning bojo, lan uga kuwatir menawa mbok kuwalon iku ora tresna marang anak kuwalone. 


Pak Marto kuwatir manawa nganti crita-crita kang wis tau dirungu, saka dongenge mbahe ndhisik yen arep mapan turu, jare mbok kuwalon kuwi sok nggodhog anake ana kuwali dawa. Dedongengan iku nggambarake alane biyung kuwalon.

Sudiarsih diopeni kanthi asih lan tresna, disambi karo nyambut gawe bakul beras menyang pasar. Biasane nempur beras ing prapatan cedhak omahe, banjur didol menyang pasar Nggemblegan. Entuk bathi sithik bisa kanggo mangan karo anake. 


Akeh tangga kang welas nyawang Pak Marto, padha mrayogakake supaya anake dipasrahake marang uwong liya wae, tinimbang bocah cilik diajak mrana-mrene golek pangan.


 Nanging sajake Pak Marto ora bisa pisah karo anake, sanajan kepriye wae meksa ditemah.

Begjane Pak marta, dene bareng Sudiarsih ngancik ing kadiwasan lan wis birahi, jebul pinaringan rupa kang ayu dening Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ora mantra-mantra babar pisan, manawa mung anake Pak Marta, dhudha mlarat bakul beras saka kampung Tipes. Nanging kadhang kala ya sok duwe rasa was-was marang kasulistyaning anake, menawa ayuning rupane mau dadi marganing kawirangan. Awit rupa ayu mono akeh godhane, menawa kurang panjagane marang anake, bisa ngrusak katentremane uripe’

Ayuning Sudiarsih pancen gedhe prabawane. Ora mung nggoregake priya-priya ing kampung Tipes wae, nanging akeh saka liya kampung kang uga kedanan karo kasulistyane Sudiarsih. Malah sing wis padha nyambel wijen wae akeh kang gandrung kapiluyu.

Sudiarsih sugih esem, sumeh njatmikani. Gek dhasar grapyak sumanak. Rasa ciptane kang agung, nyungging polatan kang padhang. Mripat blalak-blalak kawimbuhan andheng-andheng ing pojok mripate,nambahi kasulistyane, yen pas nyawang arang kedhepe. Mula akeh kanoman kang kayungyun. Nanging Sudiarsih tansah bisa njaga kapribaden, ngerti marang wates-watesing kasusilan. Iku kabeh awit piwulang saka wong atuwane.

Pakaryane Pak Marto olehe nempur beras mau mung nerusake penggaweyane bojone mbiyen. Mung yen esuk dina pasaran sak durunge mergawe kang pokok. Pak Marto mono sawijine buruh ngecap, ing pabrik bathik “Soetarno” kang mapan ing Singasaren, awit saka iku, magroke ing ngomah mung sawise ngarepake surup. Mulane ing saben ndinane Sudiarsih mung tansah ijen wae. Wayah-wayah kang sela dipigunakake kanggo mbathik, awit dheweke luwih krasan ana ngomah, tinimbang sanja kang tanpa tanja. Ya marga watak kapribadene kang becik mau, mula sanajan katone empeh lan ora wingit, nanging ora gampang pethik-pethikane. Sadhengah wong kang sumedya kurang ajar marang dheweke, sing arep methik kang mung kanggo dolanan, ora bakalan kelakon sejane. Bisa-bisa malah kena landheping eri kang njaga ing sakubenge. Sudiarsih ora gampang kenggah lan kongkih dening kabeh godha kang nemahi dheweke. Malah bisa nggugah atine, murih luwih ngati-ati ing sabarang tindake. Nanging sanajan Sudiarsih iku tansah anteng, ora kongkih ing panggodha, temene wae uga ora nyumpet marang mekaring rasa kadhiwasane. Dheweke wis mbundheli janji, wis ana tulisan ing telenging atine karo Hendriyanto. Lan sisihe ana tulisan maneh “mung sliramu kang bakal ndak ngengeri.”

Hendriyanto kuwi sawijining priya tilas kanca sekolah mbiyen, kang wis akeh labet-labuhe marang dheweke. Awujud urubing jiwa kang suci, kang thukul rikalane isih padha bocahe. Kang sabanjure thukulan wiji katresnan mau saya subur ngrembaka kasiram tekad lan anteping ati. Nganti Hendriyanto nutugake sekolahe ing liya kutha, thukulan iku tetep ngrembuyung ora tau alum. Jer sanajan adoh dununge, arang bisa sapatemon, nanging layang-layang kang tansah tinulis sakarone, bisa ndayani caketing atine wong sakloron.

Sipat kahanane donya mono ora langgeng. Tansah owah gingsir. Bapake Sudiarsih kang ngupaya pangan saben ndinane, nandhang lara. Kang njalari ora bisa nyambut gawe kaya adat sabene. Larane bapake mau gawe prihatine Sudiarsih, jalaran dheweke kudu ngopeni bapake lan golek tamba murih enggal waras. Ditambah maneh uga kudu bisa nyukupi kebutuhan uripe kanggo saben ndinane. Tuwuh pikirane arep sambat marang Hendriyanto, murih dheweke gelem aweh pitulungan. Nanging bareng ngelingi yen Hendriyanto durung cekel gawe, pikiran kaya ngono mau banjur disingkirake. Dheweke ora gelem ngrepoti Hendriyanto.


(Wonten tutugipun)


*

Komentar

Postingan Populer