Edo Iskandar

PANTUN JOWO
                       
Wajik klethik
gulane jowo,
wulune sithik, barange dowo
(sikat botol).

Pitik walik
nguntal watu,
wes nganggo gaya molak-malik
kok ora metu-metu
(nguthik celengan).

Sego gurih
lawuhe sate usus,
pertamane perih
maringono bludhas-bludhus
(tindik kuping).

Becik ketitik
olo rupamu,
digoyang sithik
ben cepet metu
(ngundi arisan).

Weruh wong gemblung
marai mules,
nduwur diambung,
kok ngisore teles
(nggendong bayi ngompol).

Kue putu
diwadahi piring,
nek ra metu2,
jajal karo miring
(kuping kelebon banyu).

Awak kurus
dikiro mlarat,
dikocok terus
suwe2 muncrat
(coca-cola).

Ono marmut
lungguh nang dingklik,
mari dimut
kok dadi cilik
(permen)

hayoo......
mikir sing anèh2....

Komentar

  1. No Deposit Bonus Code at Grades Casino
    The online febcasino.com casino offers 100 free spins without deposit for no 바카라 사이트 wagering requirements. This bonus is 메이피로출장마사지 one of the most popular microtouch solo titanium and most well-known https://febcasino.com/review/merit-casino/

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan Populer