SURAT SOKO BAPAKMU

Serat saking bapak ing ndhusun kangge putranipun ingkang mondhok wonten pesantren ..........
====================================================
Dul...
Bapak njaluk ngapura dene wulan iki ora isa kirim duit. Neng ngomah usum paceklik. Gawean sepi. Sumbangan bareng-bareng. Ora mangkat kondangan ya isin wong wis diteri berkat disik. Adimu lanang wis 3 dino ndelik neng longan njaluk ditukoke sepeda bmx. Adimu wedok klambine lungsurane mbakyumu yo wis sesek2. Ana tabungan sitik wis dijupuk nggo biaya mbokmu babaran neh.
Oh ya, winginane kowe njaluk sandal neckerman. Bpk wis golek neng pasar. Nanging duite ora cukup. Iki tak tukoke sandal "neckerban" wae. Mereke GOOD YEAR. Jare bakule malah awet iki.
Iki bapak mung isa kirim nggo kebutuhanmu sewulan, muga2 wae cukup.
~beras bulog 2 karung @10 kg.
~iwak asin 1 kilo. (diwet2 yo)
~mbako sak klembak menyane sak buntel.
~duit 15 ewu nggo bayar syahriyah. (awas nek malah nggo tuku pulsa)
~uyah beryodium 10 bungkus.
Wis ngono wae. Pesene bapak "neng pondok ya diakehi riyadhohe, ojo mayoran terus. Akehno melek bengi nggo dzikir aja malah OL wae".
Ttd
Bapakmu.

Komentar

Postingan Populer