GEGURITAN

MARGINING INGKANG MURBENG DUMADOS
Geguritan: Ratmaya Urip*)
Margining Ingkang Murbeng Dumados punika margining ukhuwah
Margi ibadhah ingkang tansah ngasta ganjaran lan berkah
Sanes margi kagem crah lan pecah
Ugi sanes margi ingkang ngajap ing gerah utawi kerah
Sanes ugi margi kagem padudon lan nyepata
Ingkang saget mijilaken bibrah
Margining Ingkang Murbeng Dumados punika kagem angripta apik lan kebak ing sih
Supados gesang punika nir ing sambe kala
Margining Ingkang Murbeng Dumados punika margi kagem amanah
Margi keslametaning donya akherat
Kasaenan lan tuhu ing ngagesang sanes mijil karana dipun jala
Nanging amargi kesadaraning batos ingkang tansah enget ing akhirat
Taqwa punika sanes mijil karana anjiret manah
Nanging karana manah tuhu enget endhahing gesang sasampunipun pralaya
Margining Ingkang Murbeng Dumados tansah kebak ing ampunan
Sianosa dosa sampun ngrembuyung lan nyengkuyung
Karana tansah wonten panggenan kagem munajat lan hajat
Saking tindak culika lan angkara kang nate ngrembaka
Kagem ingkang ngersakaken taubat
Ugi kagem ingkang sadhar menawi namung Margining Ingkang Murbeng Dumados
Margi ingkang saget ngasta tumuju ing kasampurnan jati donya akherat
Karana margining Ingkang Murbeng Dumados mboten nate mandheg njegreg utawi pralaya
Kagem suluhing ngagesang lan sunaring margi ingkang tumuju ing lestarining swargi
--------------------------
Terjemahan BEBAS Bahasa Indonesia:
JalanNYA
Puisi Religi: Ratmaya Urip
JalanNYA adalah jalan ukhuwah
Jalan ibadah yang membawa anugerah dan berkah
Bukan jalan untuk kita saling berbelah dan pecah
Atau bukan jalan yang mengajak gerah atau saling enyah
Bukan pula jalan untuk saling menghardik dan menyumpah
Yang dapat membuat kita tercabik-cabik
JalanNYA untuk menjadi baik dan saling bertabik
Supaya hidup ini menjadi laik
JalanNYA adalah jalan untuk berserah pada amanah
Jalan menuju selamat dunia akhirat
Kebaikan dan kebenaran bukan hadir karena jerat
Namun karena sadar diri yang membuatnya ingat akhirat
Ketaqwaan bukan tiba karena memasung nurani
Namun karena jati diri telah sadar betapa indahnya kehidupan surgawi
Di jalanNYA selalu ada ampun
Meski dosa telah terhimpun menjadi rumpun
Karena selalu ada tempat untuk munajat dan hajat
Dari peri laku khianat atau laknat yang sempat menjerat
Bagi yang ingin taubat
Juga bagi yang sadar bahwa hanya jalanNYA
Jalan yang dapat membawa kepada sempurna dunia akhirat
Karena jalanNYA tak pernah berhenti atau mati
Bagi pelita kehidupan dan cahaya kebenaran surgawi

Komentar

Postingan Populer