PITUTUR JOWO

"Dunyo iki wis tuwo, wis tuwo tur keronto-ronto" Contone :

Akeh putro wani karo wong tuwo;
Akeh joko dadi dudo.
Akeh dudo ngaku joko.
Akeh prawan nglairke putro tanpo bopo
Akeh omah ibadah ra tau disobo.
Sing disobo malah omahe germo.

Diajak ibadah mesti semoyo.
Jare sambat boyoke loro.
Elingo yen sak wayah-wayah dipundut Sing Kuwoso, ora enom ora tuwo.
Malaikat podo ngincer sing leno.
Mulo jo lali ibadah madhep Sing Kuwoso.
Yen mati ben mlebu suargo.

Yen mlebu surgo jo lali Hp-ne digowo, ben iso ngabari lan WA-an karo konco-konco.

Yen mlebu neroko Hp-ne ra usah digowo, amargo sinyale ra ono.
Urip iku mung sedelo.
Mulo, tulung pitutur iki disebarno marang liyo

Sing meneng berarti rumongso.
Sing mesem lan ngguyu berarti kulino.
Sing manyun berarti ra'iso boso jowo.

Mumpung sasiné arep mlebu poso, jenengé menungso mestiné okèh klèra klèru sing rak sengojo mulo aku sak keluwargo njaluk ngapuro marang kabèh nganti jiworogo..

Naskah kiriman : Yoki Wiwit Andrian

Komentar

Postingan Populer