GUYON MATON

Ora iso bali

dening: Edo Iskandar


Mulai isuk Udin (tukang becak teko Tulungagung) wis nyanggong nang pangkalan becak .
Buru awan oleh penumpang cewek huayu ambune wangi rambute teles mari kramas.
Udin sueneng poll.

“Ajeng teng pundi Mbak?” jarè Udin.
"Nang rungkut cak . .” jarè cewekè.

“Waduh, kula mboten ngertos nggenè Mbak . .” jarè Udin.
“Wis cak pokokè sampeyan mancal aè nurut komandoku . .” jarè cewekè

“Oke boss . . ”  jarè Udin ambek mbukak terpal becakè, karepè cekne iso ngrasakno ambu wanginè rambutè cewek iku.

"Kiri cak . .” Udin nurut menggok kiwo.
“Kanan cak . .” Udin nurut menggok kanan.

“Kanan maneh.." Udin nurut.
"Kiri .” “Kanan . .”, “Kenceng ae cak ..”
“Kanan maneh, terus kiri “
Udin nurut aè , sing penting iso ndelok gegerè cewek ayu.

Luwih teko sak jam setengah Udin mancal ngantek gobyos.....

“Wis stop...stop kènè aè Cak !!” moro-moro cewekè mudun ambek ngekeki dhuwik seket ewu.

Udin nangis mbrebes mili.
“Lho opo'o Cak, kurang tah, iki lho tak tambahi maneh",  jarè cewekè ambek ngekeki dhuwik seket ewu maneh.

Udin ijik nuangis ae.
“Sepurane yo Cak, sik kurang tah, iki lho tak tambahi maneh . .” jarè cewek mau ambek ngekeki dhuwik seket ewu meneh.

Udin ijik nuangis ae..
“Waduh Caaak sampeyan njaluk piro?, Age ngomongo.” cewekè bingung.

“Ning aku nangis gak perkoro dhuwike kurang . .” jarè Udin.
“Lho opo'o Cak ?” jarè cewekè

“Aku lali dalane mulih . . .”

Komentar

Postingan Populer