DAGELAN - BANJARAN MBAH SARKIM

"BANJARAN MBAH SARKIM"
-----------------------------------------
Oleh :Gaguk Wahyu Tigakali Mta
1. RONG ATUS EWU..
Mbah Sarkim 54th karo Saropah ulang tahun pernikahan sing ke 30 tahun.
Digawe nostalgia tempo doeloe, mbah Sarkim ngajak nginep nang Hotel ndik kutho Bandung.
Pas melbu Lobby Hotel, onok Tina arek wedok enom sing ayune gak umum karo nggawe rok mini (ngetokno sikil muluse) nyopo mbah Sarkim (koyok wes tau kenal) ambek ngekek'no kartu nama.
Nang ngarepe Saropah mbah Sarkim JAga IMage 'purak purak' gak seneng disopo Tina arek wedok ayu iku (gayae setengah koyok ngusir).
Ndelok mbah Sarkim kasar ngono iku Saropah nesu karo nyeneni mbah Sarkim : “mbah ojok kasar kasar tah, wong arek'e ayu karo sopan ngono lho !”
Mbah Sarkim mbisiki Saropah :“Iku ngono Call girl pramu syahwat !”.
“Aku gak percoyo, wong arek'e koyok mahasiswi, putih, bersih, sopan, ngono kok cewek panggilan ?” jare Saropah.
“Yo wes nek gak percoyo ayok dibuktekno, engkok deloken dewe !”. jare mbah Sarkim.
Sakmarine melbu kamar hotel mbah Sarkim telpon resepsionis, njaluk cewek iku mau teko nang kamar 411.
Mbah Sarkim : “Oke, sak'iki kon ndeliko mburine lawang jeding, rungokno omongane arek iku !”.
Saropah ndelik nang mburine lawang jeding.
Gak suwe lawang kamar 411 krungu ditotok uwong.
Mbah Sarkim mbukakno lawang terus cewek ayu sing jenenge Tina iku melbu kamar.
“Sido pelayanan plus plus plus tah Mas ?”. jarene Tina karo lungguh sofa.
Mbah Sarkim takon : “Piro sak'iki taripmu ?”.
“Sak'iki Taripe gawe langganan cumak rong juta ae mas, plus sak juta digawe tambahan servis spesial.”
Mbah Sarkim kaget, “Telung juta ?!, Edaan cik larange, yok opo nek rong atus ewu ae (digawe langganan lawas)" jare mbah Sarkim karo bisik bisik lirih.
Tina ngguyu ngakak karo ngalih metu kamar 411.
“Yo wes mas berarti durung jodoh. Bye…!” Tina ngalih, Saropah metu teko mburine lawang jeding.
“Mashaallah, aku gak percoyo, untung sampean lungo karo aku mbah !” jarene Saropah.
“Wes, gak usah dipikir !, Ayok golek panganan nang cafe ngisor ae". jare mbah Sarkim.
Nang Cafe Hotel sing nggone sebelahe lobby, mbah Sarkim karo Saropah lungguh karo mangan snack disambi ngopi.
Cewek ayu sing jenenge Tina mau nyidek'i mbah Sarkim karo ngomong :
“Sampean isok mbandingno khan, kualitas sing rego Telung Juta karo rego Rong Atus Ewu ???!!!!".
×@#÷$=%€&£¥₩
mbah kesereten lemper
2. CEWEK PENGGODA...
Mbah Sarkim 54 th, nduwe kenalan cewek ayu arek embong kaliasin Suroboyo Jenenge Astutik.
Mari ijolan pin BBM karo nomer WA, sisuke Astutik iku wes agresif PDKT karo mbah Sarkim.
Masiyo wes tuwek rek mbah Sarkim aura playboyne jik ketok mencorong.
Wedok endhi sing gak amblas nek mungsuh dewek'e.
Astutik termasuk bonek, wani PDKT karo mbah Sarkim.
Astutik : " Mas, sampean iki hebat yo, nduwe usaha dewe sing wis jalan dadi gak kekurangan secara ekonomi karo keuangan."
Mbah Sarkim : " Yo, Iku ngono olehku ngrintis kaet cilik Tik ?! "
Sisuke sak ben isuk mbah Sarkim nompo tilpone Astutik sekedar say hello.
Astutik : " Kapan yo mas awak'e dewe isok dinner bareng maneh ?" takone.
Mbah Sarkim : " Oke kapan ae isok kok, sak kobermu".
Maringono Astutik VS mbah Sarkim luwih intensif ketemuan utowo hubungan liwat BBM utowo WA. Gak onok dino sing keliwatan gak komunikasi.
Sampek akhire Astutik ngungkap isi atine, " Mas aku ngerti sampean wes nduwe bojo. Tapi, aku gelem kok sampean dadekno bojo keduamu. Aku siap Mas...?!, Sepurane nek sampean kurang berkenan".
Mbah Sarkim njawab : " Dik ?! Aku ngerti karo paham perasaanmu. Tapi, aku kepekso nolak karepmu.
Aku ngerti awakmu luwih ayu luwih enom dibanding Saropah bojoku. Tapi aku isok dadi koyok ngene iki, usahaku isok maju sukses ngene iki, mergo dorongan semangat teko bojoku Saropah.
Awakmu cumak ndelok tampilan ku sak'iki ae karo akehe donyaku tok, gak melok sorone tibo tangi ngrintis mbangun ekonomi keluarga molai nol.
Masiyo Saropah jahat karo aku, tapi dewek'e selalu ndongakno karo ngancani aku waktu susah utowo waktu seneng.
Nek awakmu seneng karo mbah Sarkim yo gak opo opo, (cinta tidak harus memiliki) anggepen ae awakmu tuku COCA COLA Tik, ngombe isine, balekno botole".
@#×÷$=%/€£¥₩..lanjuuut..
3. ADIK IPAR.....
Mbah Sarkim 54 th nduwe adik ipar jenenge Sarinah umure 30 th, jik perawan arek'e ayu. (timbang Saropah mbakyune).
Wes seminggu iki nginep ndik omahe mbah Sarkim, yo omahe mbakyune Saropah, perlune ngelamar gawean nang Tunjungan Plaza.
Mbah Sarkim malih berubah gak tau lungo metu omah sak onoke Sarinah nang omahe.
Sarinah senengane nggawe rok mini utowo katok jeans sing cekak suwek suwek, celono ketat karo gak tau kutangan.
Sarinah atek rajin masak, umbah umbah, sregep ngepel lantai, nyirami kembang, menek dingklik makani ingon ingon manuk'e mbah Sarkim.
Onok pemandangan alam sing mbangkitno gairah ngono iku mangkane mbah Sarkim malih krasan ndik omah (sampek koncone sing jenenge Matsari gak keplaur ha..ha.).
Dino iku pas Saropah bojone lungo blonjo nang pasar, sakmarine ngepel lantai, Sarinah sing nggawe rok mini munggah ondo loteng karo moro moro nguculi sempake ambek mlaku.
Mbah Sarkim kaget ketenggengen ndelok polahe Sarinah ngono iku.
Sarinah terus mbuwak sempake nang ngisor ondo karo koyok ngeke'i kode "ngejak" mbah Sarkim munggah loteng.
Mbah Sarkim, ditawani ngono iku yo semrinthil nututi budhal.
"Sik tak nutup lawang pager dhisik" bathine mbah Sarkim.
Mbah Sarkim gak munggah loteng dhisik tapi metu njobo omah arep ngunci lawang pager.(cik weruh nek Saropah sewaktu waktu mulih teko pasar).
Pas metu njobo omah, mbah Sarkim njenggirat kuaget, Saropah bojone moro wes ngadeg ngarepe lawang tamu karo ngomong :
"Sampean tibak'e hebat mbah, wong lanang sing gak gampang digudho wong wedok ayu !, masiyo digudho adikku Sarinah ngono iku malah mlayu metu !".
(Diamput iwak pindang wurung dipangan kucing !!) bathine mbah Sarkim.
!+×@#÷=$%€£*&¥
4. FASILITAS HOTEL......
Mbah Sarkim 54 th, lungo Touring karo Saropah bojone nang Yogyakarta nginep ndik Hotel daerah Malioboro.
Pas melbu nang Lobby Hotel..
Recepcionist : "Sugeng siang bapak !".
Mbah Sarkim : "Siang Mas, aku njaluk kamar sing onok AC-ne, karo kamar mandine sing jembar utowo ombo".
Recepcionist : "Bapak, sampean arep nginep opo arep adus......??".
Mbah Sarkim : "Yo nginep Mas, tapi kan perlu adus barang..?!".
Recepcionist : "Adus dhisik,...... opo nginep dhisik baru adus ???".
Mbah Sarkim :
"Heh iku rahasia..., yo wis iki kamare sido onok opo enggak ??".
Recepcionist :
"onok Pak, iki nang kamar nomer 304.."
Mbah Sarkim :
"Atase kamar jumlahe cumak 5 ae, atek nomer 304 barang !".
Recepcionist :
"He..!! He..!! he..!!.. sido nginep opo enggak iki Pak ???".
Mbah Sarkim :
"Sido, sido..,iyo sido !".
Akhire mbah Sarkim karo Saropah bojone sido nginep nang Hotel.
Sesuk isuke.....
Recepcionist : "Wah selamat pagi bapak,......... seger temenan sampean Pak...!".
Mbah Sarkim :
"Seger gundulmu!!!, Aku gak isok turu wong kasur akeh kecoake ngono, endhi isok, tangi turu terus awak seger !!".
Recepcionist :
"Yo dianggep bonus ngono ae lho Pak ha..ha..ha..".
Mbah Sarkim :
"Nek ngono Aku arep check out sak'iki......, sido mbayar piro iki ?".
Recepcionist : "Murah kok pak 700 ewu ae".
Mbah Sarkim : "Haaaah!!!!.. hotel koyok ngene iki ?? banyune matek, kasur akeh kecoake mbayar 700 ewu ???".
Recepcionist :
"Iyo Pak, iku wes termasuk ongkos nggawe kolam renang, karaoke karo diskotik...".
Mbah Sarkim :
"Lho tapi aku lak nggak renang, karaoke utowo nang diskotik ?!".
Recepcionist :
"Pak, sing penting Hotel lak wis nyediakno fasilitas.
Perkoro nggak digawe renang, karaoke utowo diskotik, yo salahe sampean dewe.!,
Yo wis Pak, gek ndang mbayar nek enggak engkok tak celukno polisi !!!".
Mbah Sarkim akhire mbayar, tapi cumak 50 ewu repes.
Recepcionist :
"Loh kok cumak 50 ewu iki yok opo critane ??!!".
Mbah Sarkim :
"Iku wis tak itung termasuk ongkos biaya 'nggawe' jasane bojoku gedhene 650 ewu repes".
Recepcionist :
"Lho sopo sing nggawe jasane bojo sampean... ?!".
Mbah Sarkim :
"Aku yo nggak mau tau..., mbok gawe opo enggak., sing penting aku lak wis nyediakno fasilitas, perkoro nggak mbok gawe yo salahmu dewe…!!!".
mbah Sarkim mulih
@×÷#$=%€&£¥₩
5. NGGOLEKI BOJONE.....
Mbah Sarkim 54 th, koyok biasane guaya nek cangkrukan mesti nang lobby Hotel.
Gak suwe olehe tenguk tenguk, moro onok wong wedok ayu nang lobby Hotel ambek ngamuk ngamuk setengah nangis karo nggowo lading pawon landep.
Wong wedok ayu iku mekso takon resepsionis karo njaluk melbu kamar perlu nggoleki arep ngetok manuk'e bojone.
Mergo wong wedok ayu iku duwe informasi karo yakin nek bojone lagi 'check in' nang Hotel kono ambek wong wedok enom gendakane.
Mergo dianggap nggawe kisruh karo membahayakan, mangkane wong wedok ayu iku akhire diamano karo Satpam Hotel.
Mbah Sarkim marani wong wedok ayu iku mau melok ngademno situasi karo panase atine.
"Ngene lho neng, Hotel iki lak rame karo akeh tamu tah, kamare yo akeh, sampean gak weruh bojomu nang kamar sing ndik endhi ?, karo maneh nek kamare di totok wonge yo pasti mlayu". jare mbah Sarkim.
"Entenono kene ae, bekne engkok sewaktu waktu wonge liwat rak ketemu" jare mbah Sarkim maneh.
Krungu omongane mbah Sarkim ngono iku mau, akhire wong wedok ayu iku meneng karo rodok mikir.
Pas suasanae wis rodok adem wong wedok ayu mau terus kupinge dibisiki karo mbah Sarkim, ngerti maksude ndase mantuk mantuk tondo setuju.
Maringono mbah Sarkim nyilih mik sing nang mejo resepsionis, terus ngucapno pengumuman himbauan digawe pengunjung Hotel utowo wong lanang sing dimaksud supoyo ndang metu hotel liwat ondo darurat, mergo onok wong wedok sing nggoleki bojone karo nggowo pedang nang lobby Hotel.
Gak suwe sakmarine diumumno ngono iku ambek mbah Sarkim, Ndadak ondo darurat dadi ruame poll uwong lanang gembrudug mlayu gupuh kabeh, kesusu susu, gulung gemek sibuk nggawe klambi, sepatu sak kenek'e.
Mbah Sarkim mringis tok karo garuk-garuk ndase sing enggak gatel.
Hi...hi...hi...hi...
@×÷#$=%€&£¥₩
6. BANDAR TOGEL.....
Mbah Sarkim 54 th, lagi santai tenguk tenguk ngarep omah ngedep wedang kopi karo Cak Matsari koncone.
Mbah Sarkim ancene wonge super mbetik poll, polah tingkahe karo akale akeh.
Saiki mbah Sarkim terkenal ndik kampunge dadi Bandar Togel.
Duduk Mbah Sarkim jenenge nek golek duit gak wani uji nyali utowo rodok nyerempet nyerempet bahaya.
Bolak balik omahe mbah Sarkim ditekani / digerebeg polisi sing perlune nggeledah golek barang bukti sing arep digawe njiret dadi tersangka bandar togel.
Polisi teko Polsek, Polres, Polwil sampek teko Polda podo lungo teko tapi durung isok nyekel mbah Sarkim.
Yok opo carane Polisi olehe arep nggowo barang bukti ?, wong modus operasine mbah Sarkim gak nggawe kertas tulisan rekapan, sms yo gak onok, duit yo gak nang omah.
Soale bagian nampani duit iku tugase Cak Matsari sing jemput bola marani nang pelanggane nggawe kata sandi "arisan harian".
Terus carane pasang nomer Togel (ojok ditiru rek) nulise gak ndik kertas opo maneh nggawe pulpen, soale isok digawe barang bukti, tapi carane nulis nang tembok omahe mbah Sarkim nggawe areng utowo kapur.
Sing nulis nang tembok kono wonge yo pancet iku iku ae dadi mbah Sarkim apal gak katene lali.
(Misale lali utowo gak kebayar paling sing pasang yo gak wani lapor polisi).
Nek wes mari tarikan nomere metu, temboke yo dibusek utowo cukup diguyang banyu ae wes bersih.
"Ha..ha..ha.. tak bujuk'i..." jare Mbah Sarkim.
@×#÷=$%€&£¥₩
7. WEDHI TETANUS..........
Mbah Sarkim 54 th, awak'e jik kurang fit, nggawe klambi apik lagi siap-siap arep lungo.
Karo Saropah bojone ditakoni, “Arep nang endhi maneh mbah, wong awak'e jik kurang sehat ngono lho ?!”.
Mbah Sarkim njawab, “Arep nang Dokter”.
Saropah takon maneh, “Jik gak enak awak tah, opo tambah nemen lorone ?!”.
“Nggak kok,” jare mbah Sarkim
“Aku cumak arep njaluk Vitamin karo Viagra ae kok digawe nguwatno awak ". jarene mbah Sarkim maneh.
Moro moro Saropah gupuh melok siap-siap arep melok lungo sisan.
Mbah Sarkim kaget ndelok Saropah 'mbanyak'i' ngono iku, terus ganti nakoni : “Lha kon iku yo arep lungo nang endhi ?”.
Saropah njawab :
“Aku yo tak melok nang Dokter nek ngono !”.
“Laopo melok melok nang Dokter ?” takone mbah Sarkim.
“Aku arep njaluk suntik Anti Tetanus ae gawe jogo jogo "ngladheni" sampean, nek sampean atase wis tuwek ae kok yo jik doping ngombe Viagra barang !”. jarene Saropah.
@×÷#$=€&£¥₩
8. MASUK ANGIN
Mbah Sarkim 54 th, rodok gak enak awak, koyok'e kudu masuk angin.!
Mbah Sarkim : "Pah......... Saropah !! bojoku mrinio dik".
Saropah : "opo cak, nek waras kelayapan ae, nek loro sitik ngalem celak celuk ae...opo ? !!".
Mbah Sarkim : " Aku rodok masuk angin iki dik, tolong opok'o tukokno obat gawe masuk angin nang warunge yuk Jah !".
Saropah : "iyo cak.aku tak budal !".
Maringono Saropah budal nang warung, tapi gak suwe wes balik maneh.
Mbah Sarkim : "Oleh opo enggak iku obate ? kok wes balik !".
Saropah : " Gak onok cak obate, stok obate entek, tapi mau sakjane onok obat masuk angin sing jenenge TOLAK ANGIN cak !".
Mbah Sarkim : " Lha opok'o kok gak mbok tukokno ae....?".
Saropah : " Iyo gak tak tuku cak, soale aku ndelok iklan ndik TV iku jarene (ORANG PINTAR MINUM TOLAK ANGIN), padahal sampean iku lak GOBLOK !!!".
@×÷#$=%€£¥₩
kerokan ae wes.
9. KAMAR 902......
Mbah Sarkim 54th, wonge jahil senengane ngerjani uwong, ngerjani preman wes tau, ngerjani Polisi sering, Sopir, tukang becak, copet, Profesor, setan wes tau 'dikerjain' kabeh.
Saiki critane gak tanggung tanggung, mbah Sarkim arep ngerjani utowo nggarap pejabat jenenge Gubernur sing sekaligus yo ketua Partai sing gede karo kondang terkenal (korupsine).
Mbah Sarkim nduwe kartu Truf, yoiku wes dadi kebiasaane nek onok pejabat lungo terus nginep ndik Hotel, mesti wes disediyani gundik utowo pramu syahwat digawe ngelayani pejabat iku, masiyo tah lungone dikawal karo bojone.
Deloken tah 'action' e mbah Sarkim saiki.
Nang Suroboyo lagi onok acara Munaslub Partai, ketepakan ketua partai sing sekaligus menjabat Gubernur iku nginep ndik Hotel sing biasane digawe Mbah Sarkim cangkrukan.
"Wah iki onok rejeki nomplok" pikire mbah Sarkim.
Mbah Sarkim ngejak Matsari koncone cangkruk nang lobby Hotel.
Satpam Hotel wes apal karo kenal kabeh nek karo mbah Sarkim, mangkane dijarno ae masiyo lungguh lungguh nang lobby Hotel, padahal arep ketekan tamu akeh yoiku pejabat karo petinggi Partai.
Digawe ngelancarno operasi "Mission Impossible", mbah Sarkim telung ulan kepungkur wes spekulasi booking kamar Hotel nomer 901.
Durung suwe Mbah Sarkim olehe lungguh, moro gembruduk onok rombongan sing dikawal voorijder, teko sing jenenge Bapak Ir.H.Sangkuni SH.MM. ketua Partai dikawal 1.Bojone, 2.Polisi, 3.Satpam, 4.Satgas Partai, 5.Preman, 6.Protokol Partai.
Wong wong iku gembruduk melbu lobby Hotel, terus langsung bablas numpak lift, munggah nang lantai nduwur Hotel.
Moro onok suworo 'Cling' SMS HPne mbah Sarkim metu tulisan "802".
Mbah Sarkim paham, informasi teko telik sandi (mata mata), sing ngandhani nek iku kode nomer kamar sing biasane dienggoni pejabat tinggi nginep karo bojone.
Mari oleh informasi mbah Sarkim langsung munggah nang kamare nomer 901.
Jam 10.00 Munaslub Partai wes mulai dibukak.
Mari sholat Maghrib, mbah Sarkim mudun nang lobby Hotel maneh, barengan karo iku moro onok wong wedok uayu teko nang lobby njupuk kunci nang resepsionist, dilirik mbah Sarkim kuncine nomer 902.
Wong wedok ayu iku langsung numpak lift melbu nang kamare sing ndik lantai 9, kamar 902.
Maringono ganti Mbah Sarkim nyusul numpak Lift melbu nang kamare Hotel nomer 901, terus monitor ngawasi kamar 902 sebelahe.
Pirang menit engkas diinceng karo mbah Sarkim teko lawang kamare, temenan ketok muncul onok Bapak Ir.H. Sangkuni SH. MM. ijenen gak onok pengawalan 'nylintung' (menyelinap) melbu nang kamar 902 nggone wong wedok ayu mau nginep.
Sakmarine dienteni limang menit, mbah Sarkim (notok lawang) karo nyelempitno liwat ngisor lawang kamar nomer 902, kertas sing tulisane :
Yth. Bapak Ir.H. Sangkuni SH.MM.
SAYA TAU BAPAK SEKARANG BERSAMA SIAPA DIKAMAR 902,
PADAHAL IBU SEKARANG ADA DIKAMAR 802.
HARAP BAPAK TIDAK KELUAR KAMAR, KARENA SEKARANG IBU ADA DILUAR BERSAMA BEBERAPA WARTAWAN (KARENA SUDAH SAYA HUBUNGI).
ATAU JANGAN KONYOL MEMANGGIL POLISI,SATPAM, SATGAS PARTAI ATAU PREMAN.
JIKA INGIN SELAMAT, SIAPKAN SAJA DANA PENGAMANAN NAMA BAIK CASH 1M, LIMA BELAS MENIT DARI SEKARANG DAN YANG MENGANTAR HARUS IBU SENDIRI DILETAKKAN DIDEPAN KAMAR 902. TERIMAKASIH.DITUNGGU.
Ngenteni gak sampek setengah jam, diinceng teko lawang kamar nomer 901, onok wong wedok (Ibu Sangkuni) ijenan nggowo tas kresek gedhe isi duit, dideleh ngarepe lawang kamar 902.
Mari ndeleh terus ngalih melbu lift maneh.
Sakpungkure Ibu Sangkuni teko kono muncul Matsari (wes diskenario) njupuk tas kresek isi duit dilebokno ransel langsung mlayu mudun liwat ondo darurat.
Sementara mbah Sarkim, mari nyambut gawe nggarap Pak Gubernur, metu kamar karo santai liwat lift, bablas minggat teko Hotel, goncengan sepeda montor karo Matsari sing wes ngenteni nang embong.
Ha..ha..ha..ha..mbah Sarkim sukses nglakono "Mission Impossible".
@×#÷$=%&€£*¥₩

10. LOMBA RENANG....
Mbah Sarkim 54 th, dalam rangka ngramekno HUT Kemerdekaan Indonesia 17 Agustus, melok lomba renang lintas alam nyebrangi kali porong sing ombone 200 meteran.
Melbu Babak Final, Pesertae kari siso wong telu tok, selain mbah Sarkim, sing siji teko Pelaut, sijine maneh teko Penyelam tukang golek pasir.
Pas wayahe Final, arus kali Porong pancen buanter nemen, sampek isok ngintirno truk sing ngangkut pasir nang kali kono.
Peserta pertama teko Pelaut, mencolot kali Porong karo gagahe, tapi lagek oleh 50 meter wes kelelep kintir katut arus kali Porong.
Pesertae nyerah sakmarine ditolong panitiane mentas teko kali terus dadi ramutan nang Puskesmas.
Peserta kedua teko penyelam tukang golek pasir kali, saiki genti nyemplung nang kali Porong.
Tapi lagek oleh 100 meter, wes nyerah gak sanggup mergo kelelep karo kintir kegowo arus kali Porong sing buanter.
Akhire wong iku melbu Rumah Sakit dadi ramutan mergo semaput.
Peserta sing terakhir yoiku mbah Sarkim, (rodok nggrogi, gugup karo wedhi ndelok peserta sak durunge sing podo kintir karo dadi ramutan serius kabeh).
Akhire karo ragu-ragu setengah ati mbah Sarkim mencolot nyemplung kali Porong.
50 meter berhasil diliwati.
100 meter slamet diliwati.
150 meter lolos diliwati.
Tapi bareng wes jarak 190 meter,.. moro moro mbah Sarkim renang muter balik nang nggone garis Start maneh.
Panitia karo penontone podo ndomblong heran karo nggumun.
Panitiane takon : “Opok'o mbah, kok sampean mbalik nang garis Start maneh ???,..... padahal garis Finish jarake lak kari 10 meter engkas ?”
Mbah Sarkim : (menggos menggos karo ndredeg gemeteran mergo kademen)
“Aduh mas, aku nyerah ae wes, aku gak kuat, aku gak sanggup, timbang aku matek luwih nemen koyok peserta liyane mau, mangkane mending aku pilih mbalik ae !!!".

11. RAJA COPET......
Mbah Sarkim 54 th, teko terminal Bungurasih arep nang Pasar Kupang kepingin tuku Manuk.
Mbah Sarkim wes puluhan tahun olehe malang melintang nang njero terminal, wes paham karo ulah kelakuane pencoleng, pencopet, tukang gendam karo preman sing 'dines' nang kono termasuk apal prejengane wong wong iku (soale yo tau dadi sopir bis, angkot, travel termasuk nyopet ha..ha..ha).
Pas Mbah Sarkim numpak angkot, (sing jare sering kedadian aksi pencopetan) ketepakan ketemu dibarengi onok arek 3 tukang copet sing moduse munggah angkot dewe dewe gak barengan cik gak ketoro.
Mbah Sarkim wes apal gaya karo strategine gerombolan copet iku.
Sing siji lungguh mburi dewe, sing siji lungguh lawang, sing siji jejer mbah Sarkim.
Mbah Sarkim meneng ae pas copet sing nang sebelahe nggondol dompete.
Maringono copet sing lungguh mburi dewe, pertama mudun karo nggowo dompete mbah Sarkim.
Sakmarine komplotan copet iku mudun mbah Sarkim njawil copet sing nang sebelah karo omong :
"Diamput, duitku rong juta rek digondol karo copet iku mau !".
Copet sing dijawil iku kaget (kok weruh pikire) tapi purak purak kaget karo takok :
"Lho temen tah mbah sampean kecopetan rong juta ?!".
Krungu omongane mbah Sarkim ngono mau copet sing lungguh pinggir lawang langsung mudun teko angkot.
Ketoke copet sing wes mudun mau percoyo omongane mbah Sarkim, cepet cepet mudun
selak njaluk bagian karo koncone sing wes mudun dhisik mau.(padahal dompete mbah Sarkim isine cumak duit rong ewuan 10 lembar).
Kari copet sing lungguh sebelah mbah Sarkim sing durung mudun,
copet iku gak kroso nek prejengane difoto karo HPne mbah Sarkim digawe barang bukti.
Maringono copet iku pamit mudun.
Rodok adoh sitik teko copet terakhir iku mudun, mbah Sarkim melok mudun, nyabrang dalan numpak angkot balik maneh sing arah terminal Bungurasih.
Nang warung kopi pojokan terminal Bungurasih, teko kadohan copet telu iko mau ketok eyel eyelan rebutan duit hasil nyopet sing jarene rong juta.
copet sing mudun pertama nggowo dompet mau diantemi konco koncone, mergo dianggep gak jujur.
Mbah Sarkim teko nang TKP copet telu sing lagi gembyeng tukaran, ngagetno telu copet iku mau.
Copet sing mari diantemi koncone iku dicengkiwing mbah Sarkim karo diancam :
"Duitku rong juta balekno, nek gak mbok balekno saiki, engkok bengi aku Yasinan ndik omahmu !".
Konco koncone copet podo tolah toleh melok bingung ndelok mbah Sarkim, akhire purak purak ngeroyok copet koncone sing dicengkiwing mbah Sarkim iku karo ngongkon mbalekno duite.
Akhire dompete mbah Sarkim dibalekno wutuh, ditambahi duit rong juta.
Mbah Sarkim budal maneh nang pasar kupang keturutan isok tuku
Manuk rego rong juta.
@#×÷$=%&€£¥₩

12. GAK DUWE WEDHI.........
Mbah Sarkim 54th, mari cangkrukan jagong bayi karo Matsari nang deso sebelah.
Malem jum'at kliwon Jam 01.00 parak isuk mbah Sarkim ijenan mulih mlaku ngliwati tuang, sawah, karo kuburan.
Dalene wis peteng karo becek sisan mari udan gerimis, terus angine yo silir silir kroso adem, nambah serem suasana.
Pas ngliwati kuburan sing terkenal jarene angker iku, moro moro mbah Sarkim diketok'i setan sundel bolong ngadeg nang pager kuburan ngisor lampu (dadi ketok jelas), Tapi mbah Sarkim blas gak wedhi, Sundel bolonge malah keplayu balik melbu njero pagere kuburan mergo diplorotno clonone mbah Sarkim.
Mbah Sarkim ngomong : “Aku iku ngerti pengapesan mu ojok atek macem macem karo Sarkim !"..
Sakmarine Sundel Bolong keplayu mergo isin ndelok 'bekakase' mbah Sarkim (gagal olehe medheni), Koncone sing jenenge setan pocong genti unjuk gigi mencoloti pager kuburan ngetoki mbah Sarkim.
Tapi jenenge duduk mbah Sarkim nek wedhi cumak karo setan pocong.
Mbah Sarkim malah ngguyu kemekelen wetenge kaku.
Mbah Sarkim ngomong : “Iki maneh.. Setan Goblok !..koyok film Indonesia ae, wes eruh dalan diaspal alus mulus, laopo mencolot mencolot ?!.”
Setan Poconge cegek tersinggung diilokno mbah Sarkim ngono iku, terus keplayu sisan balik melbu maneh njero pagere kuburan.
Ndelok onok menungso sing setan gak doyan dhemit gak ndulit, jenenge mbah Sarkim, akhire setan sak kuburan bareng podo metu kabeh, molai tuyul, suster ngesot, kuntilanak, genderuwo sampek jerangkong muncul kabeh ngetok'i mbah Sarkim.
Tapi sayange kuabeh gagal olehe medheni mbah Sarkim, malah podo keplayu mbalik melbu pager kuburan kabeh, mergo ndelok mbah Sarkim gak celonone tok sing diplorot (saiki mudho blejet).
mbah Sarkim : “Percuma kon nyewo klambi karnaval Agustusan, Sarkim gak mempan diwedheni, Sarkim gak wedhi karo sopo sopo....Ha..Ha..Ha..”(ngguyu ngakak buanter).
Kumpulan setan iku akhire podo ndelik kabeh njero kuburan.
Moro moro teko kadohan krungu suworone wong wedok (Saropah bojone) nyeluki jenenge mbah Sarkim.
Saknaliko mbah Sarkim mencoloti pager kuburan, ndelik.
Saropah : “mbah Sarkiiim !!.....Nang endhi wong iki yo ?, mari krungu ngguyune nang kuburan kok saiki ngilang ?!, Awas yo atek ketemu !!".(karo njupuk'i klambi, celono, sempake mbah Sarkim sing ditemu keleleran ndik dalan kuburan).
Tuyul : “Mbah bro,... ati ati rek nek mencolot, iki nibani ndasku lho !?”
Mbah Sarkim : “Sst.. cocotmu menengo Cuk !!, ojok rame ae ta lah, iki gawat nek aku sampek ketemon !”.
Tuyul: “Onok opo se mbah ?, kok sawangane sampean keweden karo wong wedok sing celuk celuk iku ?, sopo iku mbah?”
Mbah Sarkim : “Iku ngono bojoku CUK !!”.
@×÷#$=%€&£¥₩

13. BADEK'AN......
Mbah Sarkim 54th, numpak sepur teko Jakarta nang Suroboyo.
Nang Sepur mbah Sarkim lungguh jejer karo Profesor sing sak umuran karo dewek'e.
Kaet sepur budal teko stasiun Gambir wong loro iku gak omong omongan blas, podo sibuk dewe dewe.
Profesor sibuk menthelengi HP ae, sing mbah Sarkim ndelok pemandangan njobo ae liwat jendelone sepur.
Profesor iku mau suwe suwe pedhes paling matane ndelok HP ae, akhire ngejak kenalan karo omong omongan ambek mbah Sarkim.
Digawe ngisi waktu karo hiburan, Profesor iku ngajak badek'an mbah Sarkim.
Mbah Sarkim meneng ae (pancet ndelok njobo jendelo ae) gak tertarik.
"Mbah nek sampean gak isok njawab badek'anku, sampean cukup mbayar 5000 repes ae" jare Profesor iku ngajak.
"Nek aku sing gak isok njawab badek'an sampean, aku bakal mbayari sampean 500.000 repes"jare Profesor iku maneh.
Krungu suworo per"duit"an, mbah Sarkim langsung amper.
"Yo wes, Ayo saiki aku badek'ono Prof" jare mbah Sarkim nyahuti.
"Tak badek"i yo,....jawaben,.....
Jarak antara Bumi karo planet Jupiter iku pirang Kilometer mbah ?".
Mbah Sarkim gak ngerti, langsung ngerogoh sak njupuk duit 5000 repes dibayarno Profesor.
Saiki ganti mbah Sarkim sing mbadek'i Profesor.
"Tak badek"i yo,....
jawaben Prof,.....
Kewan opo nek munggah gunung sikile 2, tapi nek mudun teko gunung sikile 4 ?".
Takone mbah Sarkim.
Profesor langsung mbukak HP takon mbah GOOGLE, tibak'e sing ditakoni yo podo gak ngertine.
Akhire Profesor nyerah karo ngekek'i duit mbah Sarkim 500.000 repes.
"Terus Jawabane sing bener kewan opo mbah ?". takone Profesor iku karo penasaran.
Mbah Sarkim gak njawab, tapi langsung ngekekno duit 5000 repes.
"Aku yo gak weruh Prof !" jarene mbah Sarkim.
@×÷#$=%&€£¥₩*
Profesore mapan turu......

14. DEDENGKOT BONEK...
Mbah Sarkim 54 th, duwe konco akrab kaet cilik jenenge Ucup.
Kaet tahun 1975 mbah Sarkim karo Ucup wes dadi penggemar berate Persebaya alias Bonek, soale nek nontok bal balan podo gak tau mbayar, nek gak nyrobot yo mlembang tali menek stadion gelora 10 Nopember.
Mbah Sarkim pas lagi cangkrukan karo Ucup nang pinggir kolam disambi makani iwak mbahas bal balan, Moro moro Ucup ngomong “Mbah, nang Akherat iku kiro kiro onok bal balan opo enggak yo ?”
Mbah Sarkim njawab : “Wah, yo nggak eruh rek,... tapi ngene ae enak'e,...ayok nggawe perjanjian, awak'e dewe sopo ae sing sesuk mati dhisik, kudhu ngabari opo nang akherat iku onok bal balan opo enggak ?!".
Akhire Mbah Sarkim ikrar salaman karo Ucup koncone.
Ndilalah kersane Allah sisuk'e mbah Sarkim dikabari nek Ucup koncone sido mati temenan.
Pas mari bancak'an 40 dino matine Ucup koncone, mbah Sarkim diketok'i Ucup.
Ucup mbisiki mbah Sarkim : “Kim… Sarkim ! …”
Mbah Sarkim celingukan, “Ucup…?! iku Ucup tah ?”
“Iyo iki aku Ucup, Kim”, jarene bayangane Ucup.
Mbah Sarkim terus takok, “Yok opo Cup, sidone onok enggak bal balan nang Akherat ?".
“Sik ta lah…, iki onok berita apik karo berita elek" jarene Ucup.
“Berita apik'e opo?”, mbah Sarkim penasaran.
Ucup ngomong : “Yo… berita apik'e tibak'e nang akherat onok bal balan.”
Mbah Sarkim : “Wuihh, Hebat nek ngono yo, Terus berita sing elek jaremu mau opo ?!”
Ucup bisik bisik alon :
“Berita elek'e, 17Agustus sesuk iku sampean arep didadekno KIPER !!"
@×÷#$=%€&£¥₩
15. MENDEM.....
Mbah Sarkim 54th, diombeni (whiski topi miring oplosan karo thiner B) ambek koncone sing jenenge Matsari dadi mendem berat sampek subuh.
Pas krungu suworo adzan subuh, mbah Sarkim berusaha tangi kepingin melok jama'ah sholat subuh nang masjid.
Nang teras Masjid mbah Sarkim ketemu kaji Gopar.
Kaji Gopar sing ndelok mbah Sarkim sempoyongan terus takon :
"Arep laopo mbah ??".
"Sholat Subuh lah Ji........" jare mbah Sarkim.
"Sholat Subuh iku pirang Roka'at se mbah ??" Takone kaji Gopar maneh ambek ngetes...
"3 Raka'at.." Jawabe mbah Sarkim sak munine
"Kon mendem yo ?!, wes muliho ae turu dhisik kono !,"
ngongkone kaji Gopar.
Mbah Sarkim nurut balik mulih.
Teko lawang pager masjid mbah Sarkim ketemu arek remaja masjid sing jenenge Mat Kipli, terus ambek mbah Sarkim ditakoni :
"Arep nang endhi kon Mat ?".
Mat Kipli : "Sholat subuh mbah !". jawabe.
Mbah Sarkim takon maneh : "Sholat subuh iku pirang roka'at ??".
Mat Kipli : "yo 2 roka'at lah..".
Mbah Sarkim : "mending muliho ae Mat !!".
Mat Kipli takon :
"Lho Opok'o mbah ?!".
Mbah Sarkim : "Aku mau arep sholat subuh 3 roka'at ae, dikongkon mulih kok karo kaji Gopar, opo maneh kon arep sholat cumak 2 roka'at !!??"......
Mat Kipli mlayu
+×@#÷=$%&€£*¥₩

Komentar

Postingan Populer