DAGELAN - KERJO MULIH DHISIKI

KERJO MULIH NDHISIKI............
Sarno, Sardi ambek Sokran kerjo ndhik pabrik Kopi. Arek telu iki wis sui koncoan apik, cumak sayang Sokran wonge rodhok koplak sitik.
Arek telu iki niteni, sak ben dino mbah Sarkim 54th bosse mesti mulih ndhisiki, jam siji awan ngono wis amblas ucul teko gawean.
Sui-sui arek telu iki mangkel arep tiru melok-melok amblas mulih.
”Wis ngene ae rek, mene nek boss Sarkim moleh awan, awak'e dewe yo ayok melok mulih awan sisan” jare Sarno.
Menene temenan, jam siji awan mbah Sarkim bosse wis ucul mulih ndhisik'i.
Langsung ae arek telu iku melok nututi amblas mlayu mulih.
Sarno gak mulih tapi langsung nang bengkel mbenakno mesin sepeda montore sing rusak.
Nek Sardi mek ganti klambi thok terus budhal mancing ndik kali.
Sokran thok sing mulih nang omah, pingin pethuk bojone.
Tapi tekan ngarepan omah, pas arep melbu halaman omah, ndhadak Sokran njenggirat kuaget.
Masalahe teko embong Sokran ndhelok bojone lagi lungguh jagongan ngglenik ambek mbah Sarkim bosse.
Mari ndhelok ngono iku, Sokran gak sido mulih omah, akhire karo alon-alon mundur ndemeg ndemeg terus mlayu minggat maneh gak sido mulih melbu omah.
Dino sisuke Sardi ngejak mlayu mulih teko gawean maneh, ”Lumayan rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe”.jarene Sardi.
”Ayok wis, aku tak melok kon mancing ae” jare Sarno.
Sokran thok sing gak gelem melok ucul mulih teko gawean, ”Gak wis, gak athik!!!. Kapok aku aku gak melok mulih !!” jarene.
”Lho opok'o kon iku.?” takone konco-koncone.
”Kapok aku, soale wingi pas mulih nang omah, ucul mlayu teko gawean,.....aku meh ae konangan ambek mbah Sarkim.....!!!!”.jarene Sokran.

Komentar

Postingan Populer