DAGELAN - RAJA COPET

RAJA COPET......
Mbah Sarkim 54 th, teko terminal Bungurasih arep nang Pasar Kupang kepingin tuku Manuk.
Mbah Sarkim wes puluhan tahun olehe malang melintang nang njero terminal, wes paham karo ulah kelakuane pencoleng, pencopet, tukang gendam karo preman sing 'dines' nang kono termasuk apal prejengane wong wong iku (soale yo tau dadi sopir bis, angkot, travel termasuk nyopet ha..ha..ha).
Pas Mbah Sarkim numpak angkot, (sing jare sering kedadian aksi pencopetan) ketepakan ketemu dibarengi onok arek 3 tukang copet sing moduse munggah angkot dewe dewe gak barengan cik gak ketoro.
Mbah Sarkim wes apal gaya karo strategine gerombolan copet iku.
Sing siji lungguh mburi dewe, sing siji lungguh lawang, sing siji jejer mbah Sarkim.
Mbah Sarkim meneng ae pas copet sing nang sebelahe nggondol dompete.
Maringono copet sing lungguh mburi dewe, pertama mudun karo nggowo dompete mbah Sarkim.
Sakmarine komplotan copet iku mudun mbah Sarkim njawil copet sing nang sebelah karo omong :
"Diamput, duitku rong juta rek digondol karo copet iku mau !".
Copet sing dijawil iku kaget (kok weruh pikire) tapi purak purak kaget karo takok :
"Lho temen tah mbah sampean kecopetan rong juta ?!".
Krungu omongane mbah Sarkim ngono mau copet sing lungguh pinggir lawang langsung mudun teko angkot.
Ketoke copet sing wes mudun mau percoyo omongane mbah Sarkim, cepet cepet mudun
selak njaluk bagian karo koncone sing wes mudun dhisik mau.(padahal dompete mbah Sarkim isine cumak duit rong ewuan 10 lembar).
Kari copet sing lungguh sebelah mbah Sarkim sing durung mudun,
copet iku gak kroso nek prejengane difoto karo HPne mbah Sarkim digawe barang bukti.
Maringono copet iku pamit mudun.
Rodok adoh sitik teko copet terakhir iku mudun, mbah Sarkim melok mudun, nyabrang dalan numpak angkot balik maneh sing arah terminal Bungurasih.
Nang warung kopi pojokan terminal Bungurasih, teko kadohan copet telu iko mau ketok eyel eyelan rebutan duit hasil nyopet sing jarene rong juta.
copet sing mudun pertama nggowo dompet mau diantemi konco koncone, mergo dianggep gak jujur.
Mbah Sarkim teko nang TKP copet telu sing lagi gembyeng tukaran, ngagetno telu copet iku mau.
Copet sing mari diantemi koncone iku dicengkiwing mbah Sarkim karo diancam :
"Duitku rong juta balekno, nek gak mbok balekno saiki, engkok bengi aku Yasinan ndik omahmu !".
Konco koncone copet podo tolah toleh melok bingung ndelok mbah Sarkim, akhire purak purak ngeroyok copet koncone sing dicengkiwing mbah Sarkim iku karo ngongkon mbalekno duite.
Akhire dompete mbah Sarkim dibalekno wutuh, ditambahi duit rong juta.
Mbah Sarkim budal maneh nang pasar kupang keturutan isok tuku
Manuk rego rong juta.
@#×÷$=%&€£¥₩

Komentar

Postingan Populer