DAGELAN - KETEMU MALAIKAT 1

KETAMUAN MALAIKAT - 1

Tengah wengi jam 00.00 Mbah Sarkim 54 th, ketamuan Malaikat Pencabut Nyawa.
Malaikat :
“Mbah Sarkim, dino iki wis titiwancine aku 'diutus' nyusul sampean, mangkane ndang siap siap ayok berangkat sak'iki mumpung durung sholat subuh”.
Mbah Sarkim :
“Ta ta ta ta taapi aku durung siap!” jarene.
Malaikat :
“Siap gak siap, jenengmu wis ditulis urut, sak'iki tibo wayahe jenengmu sing onok nang kene !”.
Mbah Sarkim : “Yo wis ngene ae, Sak durunge aku mbok gowo lungo, aku njaluk dikek'i kesempatan mangan dhisik menikmati masakane Saropah bojoku sing terakhir bareng karo sampean Malaikat.”
Malaikat :
“Yo wes aku setuju, karo maneh awak'e dewe arep lungo adoh, luwih apik ancen mangan dhisik, cik engkok gak keluwen nang ndalan”.
Maringono mbah Sarkim ngongkon lungguh Malaikat nang ruang tamu.
Mbah Sarkim mlaku nang pawon njupuk panganan karo rong gelas es teh manis.
Karo mbah Sarkim disengojo nyampur Obat Tidur nang ngombene Malaikat.
Sakmarine mangan sambel goreng pete masakane Saropah, Malaikat selain kuwaregen, ditambah karo reaksine obat tidur, akhire kroso ngantuk sampek keturon.
Pas Malaikat keturon, mbah Sarkim njupuk daftar kematian teko gegeman tangane Malaikat terus mindah jenenge teko urutan nomer 1 dadi urutan nomer 60 mburi dewe.
Malaikat : (Tangi Turu)
“Mbah Sarkim, Top markotop masakane bojomu, maknyuss pokok'e, lagek iki aku isok ngrasakno enak'e masakane menungso, mangkane digawe mbales suguhan iki kabeh, karo ngekek'i kesempatan Saropah tetep dadi bojomu, eksekusi kematian iki tak tunda nganggo cara daftare tak walik urut teko sing ngisor dhisik ae !".
mbah Sarkim : “@#$%^&.”@×#$€£
mugo mugo onok sambungane...

Komentar

Postingan Populer