DAGELAN - NRAKTIR UPIN

NRAKTIR UPIN.....
Mbah Sarkim 54 th, melbu warung Ayam Goreng Sambelane Pak Kamid, karo arek cilik umur 5 th sing jenenge Upin.
Nang warung mbah Sarkim langsung pesen ; "Pak Kamid, ayam goreng 2 yo"
Kamid: "paha, dada opo sayap?"
Mbah Sarkim: "suwiwi.. suwiwi tapi njaluk sing tengen yo !".
Kamid: "Opok'o kok njaluk sing sebelah tengen ?, yok opo carane olehku milihi karo mbedakno suwiwi sing tengen utowo kiwo ?!".
Mbah Sarkim : "Mosok gak isok mbedakno rek kiwo karo tengen ?".
Kamid : "podo ae lah, sampean iki ngrepoti ae !".
Mbah Sarkim : Yo wes nek gak isok nggolekno sing tengen wurung ae wes tak pindah warung ngarep iko ".( mulai ngancam)
Kamid : "yo wes, yo wes, tak pilihno !". (Tumpukan potongan Ayam diwolak walik ambek nggoleki suwiwi sing tengen)
Kamid takon : "Opok'o se nek suwiwi sing kiwo ?" (penasaran)
Mbah Sarkim : "bekas digawe cewok ha..ha..ha..".
Kamid : "Endhi onok ayam cewok ha..ha..ha..??".
singkat crito suwiwi Ayam wis digoreng, dikek'i sambel sak lalapane, terus dideleh mejone Mbah Sarkim karo Upin arek cilik iku mau.
Kamid : "Wes, iki sambelan suwiwine selamat menikmati !". jarene
Sakmarine mangan mbah Sarkim, ndelok Upin arek cilik iku jik luekoh olehe mangan karo ngrakoti suwiwi ayam.
Mbah Sarkim : "Pin, mbah tak golek rokok sek yo Pin, mangan sing enak gak usah kesusu".
Upin : "Iyo mbah !".
5 menit,...
10 menit,...
15 menit,... Setengah jam, mbah Sarkim ilang.
Kamid ngringkesi piring bekase mbah Sarkim karo nakoni Upin :
Kamid : "Mbahmu mau nang endhi Le ?, kok durung balik mrene, jarene nggolek rokok !".
Upin : "Gak eruh,...Aku gak kenal he Lek karo embah iku mau !!". l
Kamid (kaget) : "Lah, kon mau lak melbu bareng karo embah iku mau ?!".
Upin : "Iyo lek,.. tapi mau ketemu ndik embong terus aku dijak karo ngomong, Ayo Le mangan gratis karo embah !".
Kamid : "CUK !,.... wedus temen kok !, isok bangkrut aku ...bangkruuut!".
Kamid leyeh leyeh

Komentar

Postingan Populer