DAGELAN - KETEMU MALAIKAT 2

KETAMUAN MALAIKAT - 2

Sakmarine Malaikat iku tangi turu terus ngomong :
“Mbah Sarkim, Top markotop masakane bojomu, maknyuss pokok'e, lagek iki aku isok ngrasakno enak'e masakane menungso, mangkane digawe mbales suguhan iki kabeh, karo ngekek'i kesempatan Saropah tetep dadi bojomu, eksekusi kematian iki tak tunda nganggo cara daftare tak walik urut teko sing ngisor dhisik ae !".
mbah Sarkim ngeplaki ndas karo njiwiti kulite,
"Iki ngimpi opo temenan iki ?!,.... jangkrik, wis soro soro dipindah nang nomer buncit, lha kok atek dirubah barang sing dipilih mati kok yo malih teko mburi dhisik gak sido nomer siji ?!" bathine.
Mbah Sarkim :
"Malaikat, sampean mau lak wes isok turu tah ?, lha aku kaet wingi durung turu blas mergo ngenteni tekomu, mangkane aku njaluk waktu titik ae tak gawe turu dilut, engkok nek aku wes tangi ayok sido budhal" jarene.
Akhire mbah Sarkim karo Malaikat diolehi turu sedilut, ambek ditunggoni karo dienteni nang teras omah.
Moro krungu wong bengok bengok nyeluk jenenge mbah Sarkim :
"Mbah, Mbah, ayo mbah sampean dienteni dadi kiper Mbah !!"
Mbah Sarkim akhire tangi terus langsung ganti pakaian bal balan karo gak lali nggawe sepatu, mlayu nang tengah lapangan ngadeg ngisor gawang.
Temenan, akhire pertandingan bal balan dimolai.
Durung suwe olehe pertandingan, gawange mbah Sarkim digrudug kenek serangan balik mungsuhe.
"Diesss !!!", moro wetenge mbah Sarkim kenek senter bal bleter sing disaduk mungsuh sak kayange bantere, akibate mbah Sarkim nggeblak, semaput.
Mergo gak duwe kiper cadangan, akhire digawe nangekno mbah Sarkim sing semaput karo konco koncone diguyang banyu.
Mbah Sarkim gelagepan, sadar karo bingung ambek bengok bengok :
"Onok opo,...Onok opo,...?!"
"Wong tuwek, turu mbangkong gak tangi tangi, sampean iku gendeng tah sempel ?, laopo bantal guling diuncal uncalno ngono iku ?!,.... mangkane nek arep turu iku ndonga dhisik, ngimpi dadi kiper tah ngono iku ?!!"....
Mbah Sarkim diguyang banyu karo Saropah bojone sing muring muring mergo pas turu bokonge yo disaduk'i dikiro bal bleter bekne.
×@#÷=$%€£¥₩
ealah.......ngimpi

Komentar

Postingan Populer