DAGELAN - BUKU PETUNJUK

BUKU PETUNJUK....
Mbah Sarkim 54 th, lagi galau (jare arek sak'iki) pikirane sumpek, soale nek nang njobo omah terkenal jagoan sing diwedeni preman, setan, banci sampek polisi, tapi nek ndik omah koyok bedes ditolop gak berkutik blas mungsuh Saropah bojone.
"Sampean golek'o buku petunjuk tips & trik mengalahkan dominasi istri ae mbah" saran teko Matsari koncone.
Akhire mbah Sarkim nurut omongane Matsari, budal golek buku sing dikarepno nang toko buku Gramedia.
Sakmarine muter njero toko nggoleki buku sing koyok sarane Matsari mau gak isok ketemu.
Mbah Sarkim takon nang penjaga toko buku.
Mbah Sarkim : “Mbak, onok opo enggak yo ?, Buku sing isine petunjuk carane wong Lanang supoyo isok luwih 'berkuasa' timbang wong wedok bojone ??".
Pegawai: “Onok, mbah”. jarene
Mbah Sarkim (girang): “Nang bagian opo yo panggonane bukune ?”.
Pegawai: “Nang rak buku CERITA FIKSI mbah....”.
Mbah Sarkim : ????
(misuh..suh..suh)
@×÷#$=%€&£¥*¥₩

Komentar

Postingan Populer