DAGELAN - OBRAL SEMBAKO

OBRAL SEMBAKO..........

Nang Pasar Genteng Suroboyo onok siji toko nganakno acara obral sembako sing regone cumak 50% teko rego umum.
Isuk isuk wes digrudug wong meh sak Suroboyo, (maklum mergo onok obralan) antrian menungso dowone sak pasar, uyel uyelan nutupi dalane nang toko, padahal bukak'e jik engkok jam 09.00. isuk.
Moro onok wong lanang tuwek umure 54th, (sopo maneh nek gak mbah Sarkim) nerobos barisan antrian, miyak miyak uwong sing ndangdangi mlakune.
Terang ae wong wong sing diterobos barisane iku podo misuh kabeh.
“Diamput !!, Antri rek....…tuwek gak duwe aturan !” mbah Sarkim dicengkiwing terus digeret nang barisan sing paling mburi dewe ambek wong wong sing nesu iku mau.
Tapi ancene dasar mbah Sarkim wonge nduableg pol, angel dikandani, gak kapok balik maneh nerobos barisan wong sing podo antri iku.
Wong wong sing nesu mau nyeret mbah Sarkim maneh digowo nang barisan paling mburi, karo ngomeli :
“Nduableg kok wong iki !!, Antri rek....…kon gak tuwek ngono wes tak tunjeki raimu mbah !!!”.
Ping telune maneh mbah Sarkim ijik nekad berusaha maneh nerombol barisan antrian.
Akhire wong wong iku geregeten ilang kesabarane, mbah Sarkim dicancang nang pagere pasar cik gak kudu nyerobot ae.
Mbah Sarkim ketayal ketayal berusaha berontak teko cancangane tali nang pagere pasar karo bengok bengok :
“Eh, Goblok !!, aku nek mbok cancang nang kene, masiyo sampek sesuk isuk Tokone gak katene bukak, lha wong sing nduwe Toko iku lho aku, sing nyekel kuncine yo aku !".
@÷#÷$=%€&£¥₩

Komentar

Postingan Populer