DAGELAN - DADI KIPER

PAMIT DADI KIPER.........

Mbah Sarkim 54 th, nyidek'i tanggal 17 Agustus gak isok turu gak doyan mangan.
Mergo wes oleh kabar teko (Ucup) koncone nek arep didadekno Kiper nang negorone.
Sak durunge alih profesi dadi kiper, mbah Sarkim wis njaluk sepuro karo ninggal wekas wasiat nang Saropah bojone.
Saropah dipesen peseni ngramut tinggalan tinggalan donyane sing jumlahe gak isok diitung.
Nek onok wong wedok teko nang omah karo nggendong bayi utowo arek cilik, terus ngaku ngaku nek iku anak'e mbah Sarkim.
Ojok langsung percoyo, soale mbah Sarkim gak tau main gelap.
Mbah Sarkim senengane main nggon terang.
Nek sesuk wis gak onok Hikayat mbah Sarkim maneh, berarti sido temenan olehe alih profesi dadi kiper.
Karo dulur dulur (nang KJ), sing gak seneng karo mbah Sarkim.
Mbah Sarkim njaluk sepuro.
Mbah Sarkim wis berusaha amal nggawe cara menghibur liwat guyonan, ngiras tombo ngantuk utowo obat stress
supoyo pikiran sareh, adem, waras.
Tapi nek sampek 1 x 24 jam durung isok ngguyu, ndang budhalo ae nang omahe psikiater utowo dokter ahli jiwa.

Komentar

Postingan Populer