MUKIDI DAN BIOSKOP

MUKIDI NONTON BIOSKOP di SURYA

Jam 8 isuk ning kantor bioskop Surya  
"kriiiiing....."  telpon nang meja bioskop surya muni...!!!!!


Mukidi : ‘Halloow mas.... aku arep takon bioskop bukak jam pira....? “

Penjaga : ‘jam siji mas.’

Mukidi : Bisa buka jam sanga ora mas ??

Penjaga : ‘ Ora bisa...... biasa jam siji bukake.’

Jam 11 telpon muni maneh......
Mukidi : Halloow..... Jam pira bukake bioskop?????


Penjaga :  “rika sing nelpon mau ya mas??? Lak wis dikandani.. bukake jam 1”


Mukidi :” jam rolas ora bisa ya mas??????

Penjaga : "Ora bisa!!!!.... bioskope mbahmu pa!! “

Mukidi : “Ngenyang setitik bae  mas... gak apa2 wis setengah siji bae ya......????? "

Penjaga : (dongkol atine )...."sakjane rika arep nonton pilem apa toh.....kok telpon terus terusan.. ??"

Mukidi : (karo nangis ) “ nyong kiye kekunci nang njero bioskop mas..... mau bengi pas nonton  pilem keturon.... tulungana ya mas..... bukakna lawange.... aku pingin bali..”

Tinimbang tukaran mukidi tulungono

Komentar

Postingan Populer