DAGELAN - AYAM GORENG

AYAM GORENG......

Mbah Sarkim 54 th, Wurung olehe golek gawean, saiki wetenge keluwen.
Mbah Sarkim teko Hotel J.W.Marriot mampir nok ayam goreng pemuda ndik perapatan mblauran kedungdoro.
Mbah Sarkim mlebu rumah makan langsung pesen siji ayam goreng wutuh.
Gak suwe maringono pelayane wes nyuguhno siji ayam goreng wutuh nang nduwur mejone Mbah Sarkim.
Mbah Sarkim lagek arep njojoh garpu nang ayam goreng pesenane iku, moro moro pelayane teko gupuh kabeh karo ngomong,
"Sepurone Mbah, niki wau kulo salah ndeleh ayam gorenge, tibak'e niki pesenane bapak niko lho sing lungguh pojokan", jare pelayane karo nuding wong lanang ireng sangar rambute gondrong, duwur gede awake kekar bek gambar tatooan persis preman terminal.
Tapi wong Mbah Sarkim wis kadung keluwen kaet isuk durung sarapan, Mbah Sarkim ngotot mempertahankan ayam goreng sing wes nang nduwur mejo ngarepe iku yo wes dadi hak e.
Preman tatooan iku saknaliko ngadeg marani mejane Mbah Sarkim karo nggebrak mejo nggertak Mbah Sarkim.
"AWAS kon atek wani nyekel ayam goreng iku...!!! Opo ae sing mbok lakoni nang ayam goreng iku, bakal tak terapno nang raimu, nek mbok ketok sikile, sikilmu bakal yo tak ketok. Nek mbok ketok gulune, gulumu yo bakal tak ketok...!!!"
Jare preman iku karo mamerno gobang sing diselipno nang klambi.
Krungu ancaman koyok ngono iku, Mbah Sarkim cumak nyengir karo ngomong,
" Siapa takut !!??"
Mbah Sarkim gak kesuwen saknaliko ngidoni brutune ayam goreng terus ndilati silite...........
!+×@#÷$=%€£¥₩

Komentar

Postingan Populer