DAGELAN ... REUNI

REUNI SMA....
Mbah Sarkim 54th, mari riyoyo wingi oleh undangan Reuni teko konco koncone SMA biyen nang Rumah Makan Hotel Shangrilla Suroboyo.
Prihatin karo kondisi bekas sekolahane biyen konco koncone nganakno urunan penggalangan dana digawe nyumbang pembangunan sekolahane.
Mbah Sarkim sing karo koncone didadekno bendahara alumni, Akhire iso nglumpukno duit jumlahe Rp49.995.000.
Mbah Sarkim ngitung duite ditoto nang nduwur mejo, karo ditumpuk sesuai nominal duite.
Pas diperikso karo ketua Alumni, ketemu jik onok wong siji sing durung nyumbang yoiku sing jenenge Sarkim.
Karo Ketuane Alumni, Mbah Sarkim langsung ditodong, disodori lembar ngisi sumbangan.
Akhire Mbah Sarkim (kepekso) karo gayae koyok Bos, nulis Rp50.000.000 nang lembar cek sing dijupuk teko sak klambine.
Lembar Cek iku terus diwenehno karo dideleh nang nduwur mejo ngarepe ketua alumni, ambek Mbah Sarkim diterusno ngringkesi tumpukan lembaran duit sing ditoto nang mejo mau karo langsung dilebokno sak celonone (ijol) .
!+×@#÷=$%€&£¥₩

Komentar

Postingan Populer