DAGELAN - UNTUNE MBAH KUNG

Untune mbahkung...

Dokter : "Mbah, untu sampeyan wis ompong, tak pasang untu sing anyar yo ??"
Yang Kung :" Oleh ae, ning regone piro ?"
Dokter: "Murah kok mbah... cuma rong yuto"
Yang Kung : Yo wes... pasangen.. Larang2 titik gak popo"
Bar untune dipasang, mbah Kuncung mbayar nang dokter.
Yang Kung : "Iki Dok, tak kontani, rong nyuto...!"
Mari mbayar Yang Kung klunuk klunuk mulih.....
Let sediluk doktere mbengok.... "mBah...mBaaah... Kosik... mbaliko..!!"
Yang Kung : "Lha opo to Dok, duwite kurang taah...??"
Dokter : "Gak ngono mbah, iki lho duwit sampean palsu kabeh.....!!!"
Yang Kung : "Lha sing mbok pasang nang Cangkemku opo untu asli ?? Lak yo podo palsune to....?!"
Dokter : "Wong Tuwek Ediaaaaaaaannn....!!!!

Komentar

Postingan Populer