DAGELAN EDO ISKANDAR

LAWANG WESI....

Mbah Sarkim 54 th ngejak ngelencer kakange sing teko ndeso Munjungan Trenggalek, Jenenge Wagiso sing umure wis 70 tahun.
Mbah Wagiso yo baru pertama kali iki ambek anak bojone diajak Mbah Sarkim ngelencer nang TP Tunjungan Plaza.
Mergo onok janjian ambek bekas pacare, Mbah Sarkim ngeculno kakange Mbah Wagiso nang pintu masuk Tunjungan Plaza, terus ditinggal.
Jenenge wong ndeso Wagiso sak anak bojone gumun pol ndelok opo ae sing onok nang TP, maklum gak tau melbu mall gede.
Tapi Wagiso sak keluarga iku paling gumun ambek sing jenenge lawang wesi krum kruman sing isok mbukak tutup dewe, karo isok muni mak ting !....
"Pak, iku opo jenenge....." anak e Wagiso takok ambek nuding lawang wesi.
"Aku yo gak weruh kok le opo iku, wong lagek iki sak umur umur melbu TP onok lawang wesi ngono iku." jare Wagiso.
Akhire Wagiso sak anak bojone ndeprok nang seberange lawang wesi ngematno karo ndomblong.
Moro moro teko wong wedok tuwek kisut sak umuran bojone Wagiso, nang ngarep lawang mencet tombol abang bunder.
Gak suwe mari ngono lawang wesine mbukak, wong wedok tuwek kisut mau melbu ruangan cilik, terus lawange nutup dewe.
Mari muni ting !..., terus ongkone murup..1..2..3. Mandeg.
Gak suwe ongkone mlaku maneh 3..2..1 mandeg muni maneh ting !. Moro moro lawang wesine mbukak maneh, Wagiso sak anak bojone njenggirat kaget, lha kok sing metu lawang wesi iku dadi arek wedok ABG uayu kinyis kinyis semelohe.
Wagiso ngeleg idu kemlecer ngematno arek wedok ABG iku.
Mari mikir diluk, Wagiso njawil anak e, "Le, ...wes ndang cepetan emak mu lebokno lawang wesi iku mumpung lawange mbukak...."
Hua..ha..ha..ha..ha...
#@$÷=%€£¥₩+÷×%÷_%£_₩(*&

Komentar

Postingan Populer