DAGELAN ... SAPI

....................SAPI ???
Mbah Sarkim 54 th, pas lagi tenguk tenguk nang teras omahe moro moro Mbah Wakidi koncone lewat karo nyopo.
"Opo'o Cak, kok ketok'e raimu rodok ruwet tak delok teko adohan ??". jare Mbah Wakidi.
“Aku jik tas ngalami kedadian sing rodok angel nek dijelasno nang sopo ae Cak Wakidi” jare Mbah Sarkim.
“Lho Kok Isok se ?, Cobak ceritakno kaet awal, bekne aku isok paham karo sing mbok maksud, Bekne aku isok ngewangi urun rembug” jare Mbah Wakidi koncone.
“Isuk subuh mau lho, aku lak lagi meres susu sapiku, terus nggak koyok biasane, mau iku sapine rodok rewel".
"Pas ember susu ne kebak, moro moro sikile sapi sing kiwo nendang ember sampek susune nublek kutah, lha mergo iku sikile sing kiwo tak cancang tali nang cagak”. jare Mbah Sarkim.
“Terus ?” takone Mbah Wakidi.
“Aku mulai maneh nutugno meres susune, ealah lha kok koyok mau, ember isi susune dipancal maneh karo sikil tengen, yo nublek maneh". jare Mbah Sarkim
"Gagean sikile sing tengen tak cancang tali nang cagak sitoke".
critone Mbah Sarkim nutugno.
"Eee.. sakmarine nyancang sikile sing tengen, lha kok raiku disapluk karo buntute, Terus mergo wes kentekan gak onok tali maneh, aku nyoplok sabuk katokku digawe nyancang buntute sapi iku cik gak ngganggu olehku arep meres susu.”
“Lha terus sing dadi masalah iku opo cak Sarkim?”, takone Mbah Wakidi tonggone.
Mbah Sarkim nutugno crito :
“Nah sing dadi Masalah, yoiku pas sabuk tak copot digawe nyancang buntut, lha kok ndilalah kersaning allah katokku melorot (penghunine malih ngglantong), Mbarengi karo iku lha kok yo bojoku Saropah pas melbu kandang karo mbengok banter ISTIGHFAR!!!”.
!@#$÷%÷€&£¥₩

Komentar

Postingan Populer