DAGELAN EDO ISKANDAR

BAKUL KROTO....


Minggu wingi Mbah Sarkim dolan unjung unjung nang omahe koncone sing jenenge Mbah Slamet.
Mbah Slamet iki juragan kos kosan ndik daerah Kutisari.
Omahe Mbah Slamet iku gak adoh karo salah sijine kampus terkenal ndik Suroboyo.
Mbah Sarkim heran ndelok glamore gaya hidup arek arek mahasisiwi sing ngekos ndik omahe Mbah Slamet.
Gadget larang paling anyar, sepatu karo tas bermerek, lipstik karo wedak pupur larang sing rasane abot nek ukuran kantong mahasisiwi.
Durung maneh sewone kamar kost, Rong Juta sak Ulane.
Iseng-iseng Mbah Sarkim nakoni salah sijine mahasiswi penghuni kos sing lagi tenguk tenguk nang ruang santai.
Mbah Sarkim : "Wah penampilan mbak oke banget ya, pasti kiriman dari orang tua gede banget ya."
Mahasisiwi: "Ah enggak kok Pak biasa aja kirimannya."
Mbah Sarkim : "Lha terus biaya hidup sama segala yang mbak pake uangnya dari mana ?"
Mahasisiwi: "Bisnis kecil-kecilan kok Pak."
Mbah Sarkim : "Buka online shop yaa ? Brooker tanah? atau mungkin ternak tuyul ???".
Mahasisiwi: "Enggak Pak, cuma jualan kroto saja kok Pak."
Mbah Sarkim : "Masak sih. Gimana ceritanya?"
Mahasisiwi: "Tau kan Pak kroto itu apa?"
Mbah Sarkim : "Makanan burung!!"
Mahasiswi: "Yaah, Itulah bisnis saya Pak..."
Mbah Sarkim : "Oooo makanan burung..."
Moro moro onok wong lanang perlente melbu halaman omah numpak sedan BMW silver njemput mahasisiwi iku.
Mbah Sarkim nyeletuk,
"Wah krotone payu yoo Mbak. Hihihi..."
"Alhamdulillah Pak, nambah-nambah uang jajan." jawabe mahasiswi iku karo mlaku mlebu mobil.
@+×÷#/=%€&£¥₩

Komentar

Postingan Populer