DAGELAN MAS EDO ISKANDAR

guyon esuk
>> DUWE KABUPATEN DEWE


Salah sijining PNS nyeluk Bakul Dawet ayu Banjarnegara
Karo nunggu digaweke dawet PNS iku iseng-iseng takon
PNS : ”Wis pirang tahun dodolan dawet ayu Mas ?”
B.D : ”Kinten-kinten 5 tahun langkung Pak”
PNS : ”Gerobak karo dagangan dawete duweke dewe apa wong liya?”
B.D : ”Kagungane majikan kula. Saben dintenipun kula namung setoran.”
PNS : ”Dodolan luwih saka 5 tahun kudune Mas-e wis duwe gerobag lan modal dewe.” (maklum nembe melu Seminar Enterpreneur)
B.D : ( mangkel lan jengkel diguroni ) : ”Nggih ngaten niki Pak tiyang alit…, lha menawi Bapak ngasto wonten Kabupaten sampun pinten tahun Pak…?”
PNS : ” Wis ana 10 tahun luwih..., lho… kenang apa to…?”
B.D : ”Ngasto sampun 10 tahun langkung kedahipun Bapak sampun kagungan Kabupaten piyambak… !!!”

Komentar

Postingan Populer