DAGELAN ... SOPIR BUS

SOPIR BIS.....
Mbah Sarkim 54th, mulih teko jl.semarang Suroboyo mari nukokno buku pelajaran digawe anake sing ragil.
Mbah Sarkim mulih numpak bis kota, lungguh persis mburine sopir.
Wong lali gak nggowo HP, digawe hiburan nang perjalanan Mbah Sarkim moco buku sing dituku mau karo nggremeng diwoco rodok banter koyok wong gendeng, idep idep gawe belajar ngajari anake nek ndik omah.
Mbah Sarkim moco : “Jika ayahku seekor sapi jantan dan ibuku seekor sapi betina pasti aku akan menjadi anak sapi namanya pedet.”
Wacan iku dibolan baleni onok ping pitu karo Mbah Sarkim.
Krungu Mbah Sarkim nggremeng ae nang mburine, sopir bis mulai bribegen rumongso keganggu konsentrasine nyetir.
Sopir bis ngomongi Mbah Sarkim dikongkon meneng gak oleh nggremeng ae nang mburine, tapi Mbah Sarkim gak ngereken malah nerusno moco liyane.
Mbah Sarkim : “Jika ayahku seekor gajah jantan dan ibuku seekor gajah betina aku pasti akan jadi anak gajah namanya Bledug.”
Sopir bis ngomongi Mbah Sarkim maneh supoyo meneng, tapi Mbah Sarkim malah nutugno moco sampek ping Pitu Likur.
Sopir Bis : (Geregeten gak kuat nahan emosi, bise diparkir terus ngadeg nakoni Mbah Sarkim) “Terus Yok opo nek Bapakmu LGBT karo Ibukmu PSK, kon dadi opo ???.....”.
Mbah Sarkim njawab: “Aku akan MENJADI SOPIR BIS.”
Sopir Bis saknaliko ngombe PARAMEX......
+×@!#÷=$€&%£&€¥£₩

Komentar

Postingan Populer