DAGELAN MAS EDO ISKANDAR

NGGEDABRUS....

Mbah Sarkim 54 th, lagi tenger tenger nang ruang Mandi Sauna karo wong loro, sing siji teko Amerika sing siji maneh teko Jepang.
Wong telu iku lagi menikmati utowo ngrasakno angete uap panas sauna.
Moro moro sepine ruang sauna mau dikagetno karo unine sworo, ..bip,...bip,....bip... Wong Amerika iku mbukak telapak tangan kiwone, gak nyekel opo opo moro iso moco tulisan sing muncul nang telapak tangane......Edaaan.
Mbah Sarkim karo wong Jepang pandeng-pandengan heran campur gumun ndelok tulisan SMS isok muncul ndik telapak tangane wong Amerika iku.
"Oh, telapak tanganku iki wis ditancepi chips, makane aku isok langsung nrimo SMS tanpa alat , tapi langsung tampil nang telapak tangan ku,..." jare wong Amerika rodok sombong pas ndelok Mbak Sarkim karo wong Jepang iku lingak linguk.
Gak suwe sakmarine wong Amerika mau ngomong moro moro onok maneh sworo dering telepon.
Wong Jepang iku sak naliko ngangkat tangan tengene, jempolane disogrokno bolongan kuping karo driji jentikane ditemplekno cangkeme, "Oh Sepurone yo, aku tak nampani telpon disik".jarene wong Jepang
Mari telpon wong Jepang iku ngomong maneh karo Mbah Sarkim, "tanganku iki podo yo wes dipasang chips sing iso digawe komunikasi telpon tanpa alat, iso ngomong lewat driji 2 iki ae, dadi wes gak perlu HP" jarene wong Jepang.
Ndelok kemajuan tehnologi sing digowo wong Amerika karo wong Jepang iku, Mbah Sarkim mulai cilik atine, minder karo gugup, (karo mbatin) Opo yo sing iso tak pamerno nang wong Amerika karo Jepang iki ??.
Mbah Sarkim molai stress, wetenge mules kebelet ngising.
Mari ngising nang Toilet, Mbah Sarkim mbalik nang ruang Sauna sing isine jik pancet wong Amerika karo wong Jepang mau.
Tapi mergo Mbah Sarkim gak biasa nek cewok mbasuh bokonge nggawe kertas tissue toilet, Mangkane dijarno ae kertas tissue toilet iku kleweran kecepit nang silite.
Wong Amerika karo wong Jepange ndlongop keheranan ndelok Mbah Sarkim ambek nuding nang bokonge mbah Sarkim sing jik nglewer kertas tissue toilet iku karo omong : "Kertas opo iku kok nggantung nang bokongmu...?"
"Oh Sorry Broo, iki aku lagi nrimo FAX..." jare Mbah Sarkim enteng.
!+×@#÷=$%^€&£*¥₩

Komentar

Postingan Populer