DAGELAN EDO ISKANDAR

KONANGAN....

Saropah bojone Mbah Sarkim, melbu omah sakmarine blonjo klambi teko Tunjungan Plaza, Pas mbukak lawange ruang tamu sing jik tutupan, Saropah krungu sworo glodhakan teko njero kamar tidur sing nang loteng nduwur. Saropah cepet cepet munggah loteng nggoleki sumber sworo iku, terus melbu kamar. Nang njero kamar onok Mbah Sarkim mudo blejet, kringete gobyos, ambegane menggos menggos koyok mari mlayu marathon 10 kilometer......
Saropah : “Laopo ? Kenek opo ?? Onok opo??? sampean iku Cak Sarkim ?”
Mbah Sarkim : “Oalah., Dik....., aku koyoke kenek serangan jantung....awakku ndredeg, kemringet sampek gobyos ngene iki”.
Gak kakean cangkem Saropah mlayu mudun teko loteng langsung nyandak telpon gawe nyeluk ambulan Rumah Sakit.
Tapi durung sampek mijet tombol nomer telpon, anake sing ragil 4 th jenenge yo Agil, marani Saropah karo mbengok ngomong " Mak, Mak,....!".
Saropah : “Onok Opo, Gil?”
Agil : “Onok Bulik Kastini mudo gak klambian nang njero lemari loteng Mak !.".
Krungu wadulane Ragil sing ijik umur 4 Tahun iku, Saropah raine mbrabak abang nesu pol pokok e, saknaliko dibanting gagang telepon sampek pecah, wurung gak sido nelpon ambulan, Saropah mlayu maneh nang loteng melbu kamare Mbah Sarkim karo mbukak lemari pakaian, tibake pancen onok uwonge sing jenenge Kastini, adike Saropah sing uayune pancen pol timbang mbakyune, lagi ndodok gak nggawe klambi karo ndredeg keweden. Weruh adike ngono iku Saropah tambah muntab nesune? ngamuk e tambah ndadi, karo jerit jerit Saropah nyeneni Kastini adik e swarane dibuanterno,
Saropah : “DASAR ADIK WEDOK KOPLAK ,.. MENDO,..... GUOBLUOK..!! wis weruh bojoku kenek serangan jantung ngono, gak malah nelpun ngabari aku tah, kok malah dulinan medeni Ragil anakku karo mudo gak klambian, atek ndelik njero lemari koyok ngono iku yok opo !?..., haaaaah..!!”
×@÷#=$%/_^€&£*£¥

Komentar

Postingan Populer