DAGELAN - MBUJUKI BEDES

MBUJUKI BEDES...

Mbah Sarkim 54 th, mlaku mlaku nang Tunjungan persis ngarepe toko Siola, ketemu rame rame wong wong tuwek enom, lanang wedok, gede cilik, podo ngrubung Tandak Bedes.
“Onok opo cak kok cik ruamene ?” Mbah Sarkim takon nang wong sing melok ndelok.
“Tandak Bedes Ajaib mbah .”jare wong iku.
“Opone sing ajaib ?” takone Mbah Sarkim maneh pengen weruh.
“Bedese isok ngerti omongane menungso, terus geleme nek dikongkon karo pawange tok..” jare wong sing nontok iku nambahi.
Mbah Sarkim penasaran pengen weruh dewe kepinterane bedes iku, terus melok nyerobot mlebu barisan, ndodok ngarep dewe sampek arep dikrayah bedese.
Mergo penontone wes uakeh, pawang bedese ngajak totoan (taruhan).
Carane : sing wani melok totoan mbayar 100 ewu ben uwong, duwite diklumpukno wadah ember roti khong guan, terus ditambahi duit karo pawange limang juta.
Tantangane : Gampang sopo ae sing iso ngongkon bedese mantuk mantuk, duit sak ember khong guan mau dikon ngepek kabeh.
Gak heran penontone uakeh sing penasaran terus nyobak ngongkon bedes ajaib iku supoyo isok mantuk mantuk, tapi percuma wong bedese gedek gedek tok ae, blas gak gelem mantuk mantuk.
Mbah Sarkim ngitung pesertae sing wes setor duit satusan ewu mau onok nek wong 70 (mbayangno duit nang ember khongguan mau onok nek 12 juta repes), akhire Mbah Sarkim njenggelek ngadeg melok nyemplungno duit satus ewu.
Mbah Sarkim nyobak maju marani bedes sing nang tengah arena ditontok wong atusan jumlahe.
Mbah Sarkim terus nakoni bedese, “Ngerti tah kon karo aku?” Bedese iku gedeg.
“Kon gak wedhi tah karo aku ?” takone Mbah Sarkim maneh. Bedese pancet gedeg ae.
“Kon gak wedhi tah karo pawangmu iku ?” takone Mbah Sarkim maneh karo nuding pawang bedese.
Bedese noleh pawange karo motone ketip ketip rodok bingung.
“Nek gak mbok jawab tak kandakno pawangmu lho kon nek gak wedi karo pawang.” Mbah Sarkim nutugno omonge setengah ngancam bedese ambek ngadeg. Akhire bedese kepekso mantuk mantuk, wong sak halaman Siola surak kabeh ambek keplok keplok.
Mbah Sarkim menang totoan rolas juta satus ewu repes.
Pawang bedese mergo kalah iku malih kelangan duit nguamuk ambek bedese.
Sakno bedese dikaploki mergo -mantuk mantuk diakali karo Mbah Sarkim.
Pawang bedese yo kaisinan kalah totoan.
Sisuke digawe nebus kekalahane, bedese di TRAINING ulang karo pawange.
Saiki bedese dilatih mantuk mantuk gak oleh gedeg gedeg.
Karo diancam nek atek gedeg gedeg arep dijantur nang wit pelem sing akeh kranggange tanpa ampun.
Akhire teko dino Minggu, wayahe pentas tandak bedes nang lapangan Siola Tunjungan maneh.
Penontone wes penuh ngenteni pertunjukan karo arep melok totoan.
Saiki acarae totoane kudu isok nggawe bedes ajaib iku gedeg gedeg.
Pancet koyok pertunjukan wingi wingine peserta totoan sing penasaran yo jik akeh.
Pancet koyok pertunjukan wingi wingine penonton sing nyobak ngalahno bedes yo pancet gak onok sing isok.
Pancet koyok wingi iko Mbah Sarkim yo maju maneh nggolek keberuntungan ngulangi arep ngalahno bedes ajaib.
“Ngerti tah kon sopo aku ?” takone Mbah Sarkim, bedese mantuk mantuk.
“Kon gak wedhi karo aku ?” bedese pancet mantuk mantuk ae.
“Kon gak wedhi tah karo pawangmu ?” takone Mbah Sarkim maneh. Bedese bertahan mantuk mantuk ae mergo wedhi dijantur nang wit pelem dipakakno kranggang.
Akhire Mbah Sarkim ngetokno balsem BALPIRIK PANAS. “Ngerti tah kon opo iki ?” bedese mantuk mantuk.
“Nek ngono tak gosokno silitmu yo ?” bedese mantuk mantuk.
Sreeett....Mbah Sarkim noleti silite bedes nggawe BALPIRIK PANAS. Mergo kepanasen bedese jingkrak jingkrak raine abang.
Mbah Sarkim pisan engkas nakoni bedese maneh karo ngeruk kabeh isine BALPIRIK PANAS sak wadah,
“Gelem tah nek iki kabeh tak teplokno silitmu ???”.
bedese motone ketap ketip karo ndelok pawange keweden.
Bedese sampek lali ancaman pawange nek arep dipakakno kranggang akhire gedheg gedheg.
Mbah Sarkim menang maneh.
+×@#÷=%$€£¥₩

Komentar

Postingan Populer