DAGELAN - TERMINAL

TERMINAL BUNGURASIH....

Mbah Sarkim 54 th, lagi tenguk tenguk nang parkiran terminal Bungurasih ambek ndelok Bis sing lungo teko nang njerone terminal.
Moro moro onok preman terminal nyideki nggone Mbah Sarkim lungguh, gak atek ba bi bu langsung nendang sak kayange.
“Ciaaaat!!” Mbah Sarkim mencelat teko panggonane lungguh.
Pas Mbah Sarkim krengkelan tangi, preman sing nendang iku mau ngomong, “Iku mau tendangan TAEKWONDO teko Korea.”
Mbah Sarkim gak ngreken, tapi terus balik lungguh maneh sak marine ngebasi clonone sing kotor.
Gak suwe sak marine Mbah Sarkim lungguh, preman terminal iku balik maneh karo terus mbanting Mbah Sarkim.
“Gubrakkk!” Mbah Sarkim ndlosor. Pas Mbah Sarkim krengkelan tangi maneh, preman terminal iku ngomong, “Nek iki jenenge JUDO teko Jepang.”
Mbah Sarkim tetep nggak ngreken, karo balik lungguh maneh.
Maringono preman terminal iku mbalik maneh nunjek pipine Mbah Sarkim,
“Buggg!”
Mbah Sarkim tibo nggeblak, terus si preman terminal iku ngomong, “Lha nek iki jenenge THAI BOXING teko Thailand”.
Mbah Sarkim krengkelan tangi karo nggrayai lambene sing wis metu getihe.
Mbah Sarkim ngadeg gak balik lungguh maneh tapi mlaku nang Taxine sing diparkir gak adoh teko kono.
Gak suwe Mbah Sarkim nyideki preman terminal sing lagi tenguk tenguk nang nggon sing dilungguhi Mbah Sarkim mau.
Gak atek omong utowo ba bi bu maneh Mbah Sarkim langsung nyapluk pilingane si preman terminal iku,
“Bletokkkk!” Si preman terminal langsung semaput.
Mbah Sarkim arep ngekeki penjelasan, tapi si preman terminal iku gak tangi tangi.
Akhire Mbah Sarkim nyideki bakul asongan sing gak adoh teko kono karo ngomong,
“Broo, arek gendeng iki engkok nek tangi warahen nek iki jenenge "Stang Dongkrak" teko bagasine Taxi Mbah Sarkim".
!+×@#÷$=%€&£¥₩

Komentar

Postingan Populer