DAGELAN ... TELAT SAK WULAN

TELAT SAK ULAN...
Saropah ketok girang, sumringah, atine sueneng karo mesem ngguyu nyambut tekone Mbah Sarkim 54th sing mulih teko nyambut gawe.
Saropah : “Mas aku telat sak ulan, ketok'e awak'e dewe bakalan nduwe bayi, Tapi berhubung lagek mau aku perikso nang dokter, ojok crito utowo ngomong karo sopo sopo dhisik, aku kuwatir engkok isin nek pas nggak sido meteng”.
Sisuke onok tukang tagih rekening listrik PLN komplek perumahan, notok lawang omahe Mbah Sarkim.
Sakmarine dibukakno lawang,
Tukang Listrike ngomong karo Saropah……
Tukang Listrik : “Buk Saropah, sampean telat sak ulan”.
Saropah : “Hah sampean kok eruh ?”
Tukang Listrik : “Niki kulo nggadah catetane....…”.
Saropah : “Haaah… mosok sampek mbok catet barang Mas ?”.
Maringono Saropah wadul nang Mbah Sarkim.
Sesuk isuke Mbah Sarkim gak trimo, langsung budal dewe ngelabrak nang kantor PLN metuk bagian pembayaran listrik karo nesu campur emosi.
Mbah Sarkim : “Yok opo critane, kok sampean eruh nek bojoku telat sak ulan ?!”.
Tukang Listrik : “Sabar, sabar pak… Nek sampean pengen catetan iku dibusek, gampang, sampean kari mbayar ae nang aku…”.
(Wah… pemerasan iki, pikire Mbah Sarkim).
Mbah Sarkim : “Terus nek aku gak gelem mbayar yok opo ?” takone.
Tukang Listrik : “Yo we'e sampean dipedot Pak...…!!!”
Mbah Sarkim : “Waduh… lha nek we'ku dipedot, bojoku nang omah terus nggawe opo...?”.
Tukang Listrik : “Yooo… sementara lak isok nggawe lilin.... !".

Komentar

Postingan Populer