DAGELAN MAS EDO ISKANDAR

NGIMPI ELEK........

Mbah Sarkim pancen mbethike gak ketulungan.
Masiyo biyen bapakne kaji, Mo-Limo wis tau dilakoni.
Korak, balon, germo, tukang parkir sak gang Dolly kenal kabeh karo arek Ngelom Sepanjang iki.
Tapi sejak Suharto nggelundung, kelakuane rodok apik.
Mbah Sarkim gak tau ugal-ugalan maneh.
Lek ditakoni koncone, "Kim, raimu sik mbalonan tah ?".
"Mathek ketubruk montor, tanganku kithing aku wis tobat cuuk...!", Mbah Sarkim ngotot.
Modele morale arek iki melu reformasi pisan.
Saiki kesibukane Mbah Sarkim meguron nang Kaji Kholil, guru ngaji soko Ampel.
Segala ilmu disinaoni.
Mulai ilmu kebal sampe ilmu gendhing wedhokan wis dikuasai.
Jangkep limang wulan meguru, Mbah Sarkim diwekasi gurune "Kim..., ilmu sing mbok sinaoni wis jangkep. Tapi lek koen kepingin ningkatno mane, koen topo ae nang Gunung Batok.".
Ngeroso ilmune sik kurang, Mbah Sarkim berangkat topo nang Gunung Batok.
Arek iki bener-bener nuekat.
Deweke topo terus gak atik turu nang guwo gumbul karo jerangkong, sundel bolong, tuyul, wis pokoke sembarang kalir.
Pas dino ke-pitu, dalu pisan, ono wong tuwo muncul ning guwo mau iku.
Wong tuwo iki langsung ae ngomong "Kim..Kim..!, gak onok wong sing sanggup topo koyok koen ning guwo iki".
Mbah Sarkim cuek ae karo nguyu nang jero ati (gendeng arek iki...).
"Wis koen lungo ae...", si Mbah rodhok nyentak.
Gak kalah banter Mbah Sarkim njawab "Emooh...!!!".
"lho ojo ngonoo..rek. ..!", si Mbah mulai kalem kalah gertak..
"Aku gelem ninggalno guwo iki tapi ono sarate... , kabeh penjalukanku kudu mbok kabulno", Mbah Sarkim negesno.
Gak atik mikir dowo-dowo, si Mbah langsung ngomong "wis ngene ae, koen iso njaluk opo ae tak kabulno, tapi mek ping telu thok ae".
Karo mikir gak sepiro suwe, Mbah Sarkim njawab "O.K...!"
"Mbah.., rupoku iki lak gak sepiro elek, eeh....! gak sepiro ganteng, aku kepingin duwe rupo koyok bintang pilem Barry Prima bekas bojone Eva Arnaz", Mbah Sarkim njaluk.
Si Mbah njawab "Le..le.. saiki koen muleh ae, tekan omah rupomu wis gak koyok meduro maneh..!.
Langsung ae Mbah Sarkim nginclik moleh numpak jaran sewoan.
Tekan omah langsung ngoco.
"Wiik...guanteng temen aku saiki rek...!", Mbah Sarkim kaget ndelok dapurane gak koyok biyen maneh. Tapi Mbah Sarkim jik gak puas.
Pikire mosok rai koyok Barry Prima tapi awak koyok Timbul Srimulat.
Sisuk bengine, Mbah Sarkim balik maneh nang Gunung Batok nemoni Mbah daden-daden iku.
"Mbah..mbah.. , raiku wis guanteng koyok bintang pilem nang tipi-tipi iku. Tapi awak-ku jek kuru lan tepos. Dadekno awakku- koyok Barry Prima, ojok mek rai thok", Mbah Sarkim nerangno penjalukane sing ke-2.
Komat-kamit diluk si Mbah langsung ngongkon Mbah Sarkim moleh karo njamin lek awake mesti dadi dempal koyok Barry Prima.
Tekan omah Mbah Sarkim langsung kocoan.. Ndelok awake sing wis dadi dempal iku Mbah Sarkim seneng banget. Pikire cewek sak suroboyo bakalan kepincut karo awake. Urung suwih senenge, Mbah Sarkim moro-moro mecucu wae sak wise metu teko jeding.
Rupane "manuke" gak melu dempal. Gamblese Mbah Sarkim jik podo karo biyen cilik lan bungkring sak petelot.
Mbah Sarkim dadine kepikiran terus.
Njaluk nang Mbah maneh..., eman polahe jatahe wis kari pisan. Tapi timbangane urip duwe manuk sak upit, Mbah Sarkim nekat ngenthekno jatah penjalukane.
"Mbah..mbah.. mbah..." Mbah Sarkim jerit-jerit nang guwo Gunung Batok.
Dienteni sampek elek gak muncul-muncul Si Mbah iku.. Tapi persis sepuluh menit sak durunge magrib, Si Mbah muncul..
"Kim..Kim.., jatah penjalukanmu ojo dientekno. Eman-emanen kanggo mbesuk-mbesuk" Si Mbah nguwei nasehat.
"Emooh..emooh.. .!", Mbah Sarkim njawab karo matane rodhok mbrebes mili.
"Mbah tolong Mbah..., awak-ku lan raiku lak wis persis koyok Barry Prima, tapi "barang"-ku sak umprit koyok slilit" jare Mbah Sarkim melas.
"Tolong mbah dadekno "barangku" koyok jaranku sing tak sewo iki", Mbah Sarkim tambah melas. Modele arek sing biasa nekat iki "putus asa".
"Aku isin Mbah...!", ambek suoro sing rodok serak gara-gara kudu nangis.
Gak tego lan ngesakno si Mbah akhire ngabulno permintaane Mbah Sarkim.
"Kim.....sediluk engkas barangmu koyok barange jaranmu iku".
"Suwun..suwun. .suwun Mbah..., iki sing terakhir koq",
Mbah Sarkim girang. Sampek gak sempet pamit, Mbah Sarkim moleh, plenciiing.. .!. Tapi gurung tekan omah, Mbah Sarkim mikir, kaget..., motone malih mbrebes mili..., cangkep mewek..., Mbah Sarkim gero gero nangis karo jerit-jerit.....
"JUANCUUUK JARANKU TIBAK'E WEDHOOK...ASUUUUUU !!.".
Kim...., nasibmu elek masio rupamu ganteng, awakmu dempal lek duwe "kimpet" yoo nggilani...hi. .....
@×#$+=€&£¥₩*#$@%+×

Komentar

Postingan Populer