DAGELAN ... SEDINO KUAT

>> SEDINA KUAT PING SEPULUH :
Jaman Pak Harto dadi presiden ndisik..., sering ngajak Menteri, Gubernur lan Bupati sak Indonesia, nek bar rapat koordinasi mesti diajak nang Tapos dipameri peternakan sapine.
Bar dibriefing Pak Harto, mesti Bapak2 & Ibu Menteri; Bapak2 & Ibu Gubernur lan Bapak2 & Ibu Bupati mau dijak mlaku-mlaku keliling Tapos karo dijelasna jenis & keunggulan SAPI2ne mau
Sing njelasna pemandu ahli peternakan. 
Pemandu : "Kalau sapi PEJANTAN yang ini dari New Zealand, KUAT SEKALI kalau lagi musimnya, bisa KAWIN sehari 5 KALI".
Ibu2 Menteri, Ibu2 gubernur. Ibu2 Bupati nyenggol BOJONE dewe-dewe karo bisik-bisik : "Lho PAK, kuat PING LIMA lho SEDINA".
Pemandu : "Kalau yang ini sapi PEJANTAN dari AUSTRALIA, lebih kuat lagi bisa kawin 10 KALI SEHARI".
Ibu-ibu tambah rame bisik-bisik karo BOJONE : "Lho PAK, kuat ping SEPULUH lho padahal cuma dipakani suket lho".
Suwe-suwe BAPAK-BAPAKE mangkel juga
dibanding-bandingna terus karo SAPI,....
Lha Gubernur Jawa Timur takon karo pemandune mau : "Mas...sini mas..., itu kawinnya apa DENGAN SATU SAPI BETINA yang sama ?"
Pemandu : "Ooo ya enggak dong PAK pasti gonta-ganti terus dong SAPI BETINANYA
Pak Gubernur : "Lho BU, krungu nggak, WEDOK E GONTA-GANTI, OLEH ORA ???".
IBU_IBU langsung mak CEP KLAKEP....
mingkem KABEH tanpa swara kaya orong-orong kepidak ðŸ˜›

Komentar

Postingan Populer