DAGELAN EDO ISKANDAR

Mbah Sarkim TOURING YOGYA.


Mbah Sarkim 54 th ijenan Touring motor nang Malioboro Yogyakarta, golek penginepan losmen digawe istirahat.
Sarkim: "Kamare jik onok mas?"
Losmen : "Wah sampun telas, kebak sedoyo Pak..."
Sarkim : "Waduh, aku sedino lelungan mbok digolek-golekno opo'o, nggawe kloso yo gak opo-opo..."
Losmen : "Sakjane wonten kamar setunggal, nanging wonten tiyange bapak sopir travel piyambakan, tapi kamare wonten peturone kalih."
Sarkim : " Kiro kiro opo gelem yo dijak paron?"
Losmen : "Purun, wonge niku rodo medhit kok, angger sewo kamar losmen paron mesthi purun."
Sarkim : "Yo wis, aku gelem."
Losmen : "Ning kathah tiyang ingkang podo sambat, je."
Sarkim : "Sambat yok opo?"
Losmen : "Tiyange niku ngoroke buanter kados bledeg nyamber-nyamber"
Sarkim : "Gak opo-opo wis"
Losmen : "Biasane konco sak kamar podo mboten tahan lho, mboten saged tilem.. kebribegen."
Sarkim : "Gak opo-opo wis"
Bareng isuke Losmen takon nang Sarkim.
Losmen : "Dos pundi Mbah? Saged sare?"
Sarkim : "Iso, turuku malah angler, sak iki awakku sueger."
Losmen : "Wah, dos pundi caranipun?"
Sarkim : "Pas wayahe turu, wong iku ngorok mbribegi kuping."
Losmen : "Lha, rak tenan to? Lajeng kepripun?"
Sarkim : "Langsung ae wong iku tak ambungi ..."
Losmen : "Hah...!!? Nopo sampeyan hombreng to ?"
Sarkim : "Yo Nggaak rek !! "
Losmen : "Lha njuk pripun?"
Sarkim : "Mari tak ambungi ngono, wonge sak wengi melek, gak wani turu blass !!!"

Komentar

Postingan Populer