DAGELAN - DIPERNJARA

DIPENJARA...

Mbah Sarkim 54 th, Sakmarine nglebokno bis nang njero terop nabraki wong sing lagi jagong manten, saiki ndekem nang penjara suwene rong wulan diukum.
Nang sel penjarae mbah Sarkim isine cumak onok wong telu.
Digawe ngisi waktu karo golek hiburan saksuwene ndekem nang njero penjara wong telu Narapidana iku nduwe cara dewe dewe.
Narapidana pertama ngetokno sangune rupo harmonika karo ngomong, "Paling enggak aku jik iso main musik ambek nyanyi digawe ngentekno waktu nang penjara."
Narapidana sing kedua gak gelem kalah ngetokno sangu gawe hiburan dewek'e rupo sak pak kartu domino karo ngomong, "Kertu iki iso gawe hiburan awake dewe karo gawe ngentekno waktu."
Terakhir Mbah Sarkim ngetokno SOFTEX paket pembalut wanita.
Narapidana loro iku mau ngguyu kemekelen sampek wetenge mules motone mbanyu.
"Iku arep digawe opo Kim, Sarkim," jare Narapidana pertama.
"Goblok kon iku rek !!," jare Mbah Sarkim.
"Deloken tah nang bungkusane iki lho onok tulisane -DAPAT DIGUNAKAN UNTUK BERENANG, BERMAIN TENIS DAN NAIK SEPEDA-....".
@$×÷=$€&£¥*₩

Komentar

Postingan Populer