EDO ISKANDAR

PEMBANTU GAK MUDIK..

Mbah Sarkim 54 th duwe pembantu wedok loro, sing siji jenenge Nunung dino minggu wingi wis mudik nang Magetan, sing siji maneh jenenge Yatik arek Malang, areke riyoyo iki gak melok mudik.
Isuk mau Saropah bojone Mbah Sarkim eker mergo kelangan sempak anyar jumlahe limo. Saropah wadul nang Mbah Sarkim karo nuduh ngarani nek Yatik paling pembantune sing nyolong sempake.
Saropah: “Cak !, Iki pasti kerjaane si Yatik. Njupuk sempakku sing anyar.”
Sarkim: “Tenang disik buk, Ojok main tuduh disik tah. Yatik celuken mrene, ayok ditakoni apik apik.”
Yatik akhire diceluk Saropah nang ruang tamu.
Durung sampek lungguh, Yatik langsung dibrondong takonan karo Saropah.
Saropah: “Yatik, kon njupuk sempak anyar wek'e Ibu yo ? Ngaku ae gak opo opo !” ambek rodok nesu.
Yatik: (karo ekspresi polos gak duwe dosa) “Mboten buk, Kulo niki lho mboten wani nyolong.
Cobi tanglet mawon kalian bapak, Yatik niku lho lak mboten nate nggawe sempak.... Inggih to Pak ??”.
Saropah: “Opooooooooo??!!”
@×#÷$%€&£¥₩
See Translation

Komentar

Postingan Populer