DAGELAN - SEGO BERKAT

SEGA BERKAT....

Bojo :" Mas...saiki lagi ungsum wong hajatan. Dina kiyé baé wis olih ulem ulem lima..."
Inyong :" Terus pribén Nok...?"
Bojo :" pribén lamon ora usah ngliwet ... nggo irit irit...mangané go sega berkat kondangan..?"
Inyong :" Ya...karepé kowen baé....terserah kowen..."
Ujug ujug anak nomer loro inyong, si Noni langsung nimbrung...
Noni :" Sungkan...aku ora gelem sega berkat...!!!"
Bojo dadakan émosi...:
Bojo :" ARI KOWEN ORA DOYAN SEGA BERKAT...YA LOS NGLIWET DÉWÉK...MASAK DEWEK...!!!"

Komentar

Postingan Populer