GUYON MATON MAS EDO ISKANDAR

Ngati2 lebaran silaturahmi nang nggone sesepuh sing wis ora kagungan waja...
>> KACANG MENTE


Warno sing lagi mulih ndesa pas lebaran dolan nang daleme Mbah Sarpin tanggane.
Mbah.. pripun kabare...? Kula Warno, tangga sebelah...
Oh... iya, Warno sing mbeling kae ta... ayo lungguh kene le..,Jare mbah Sarpin.
Pas ngobrol, neng meja ana mente sak toples kebak,
Mbah..., kula ngincipi mentene angsal ta mbah nggih...?
Warno kandha
Iya, iyaaa, jupuken ae...
Sangking enake ngobrol, ora krasa Warno wis ngentekne mente sak toples.
Wah Mbah..., mente ne telas ngapunten nggih mbah....
Ora papa le... Aku ya ora isa mangan kok, untuku wis ompong, ora tedas nggo mamah. Syukur nek isa entek. Wis suwe lehku nglumpukke iku...
Ooo... damel piyambak ta Mbah ???
Ora kok, kuwi ka coklat silverqueen diwenehi anakku... tak emut nganti entek coklate, garek mentene thok,
tak klumpukne...dadi sak toples iku , nek mbok entekne ya alhamdulillah...
Peh...peh...huek...huek...
Warno mlayu sipat kuping muleh ora pamitan !!!
🏃🏃🏃

Komentar

Postingan Populer