DAGELAN - MLEBU SEKOLAH

>> MLEBU SEKOLAH

Sedurunge menehi wulangan Bu Guru kepingin kenalan karo murid-muride sing nembe mlebu sekolah.
”Coba kowe sing ngarep pojok tengen sapa jenengmu lan apa hobymu ?”
“Nami kula Sarkim, hoby mancing wonten lepen kalih ningali pelangi."
.
“Coba sing lungguh jejere kuwi ?”
.
“Nami Warno, hobynipun maem pohung teng pinggir lepen kalih ningali pelangi, wooww….”
.
“Ooo pada kabeh …, kowe kabeh kekancan raket, ya ? Coba sing lungguh ana mburi sisih kiwa ?”
.
“Nami kula Bejo, hoby ngobrol wonten pinggir lepen lan ningali pelangi."
.
“Lha … koq pada kabeh ? Kayane kowe se-”geng”, ya?
Coba sing bagus pojok kana."
.
“Nami kula Darsono, hoby kula jajan martabak wonten pinggir lepen kalih ningali pelangi."
.
“Ya ampun…, ki piye…kok pada kabeh to ?
Coba kowe ndhuk yang uaayuu bangku tengah kuwi, sapa jenengmu lan apa hobymu ?”
“Nami kula Pelangi Bu…, hobynipun adus wonten lepen.”
.
"Oh, pantes ...."

Komentar

Postingan Populer