DAGELAN EDO ISKANDAR

Mbah Sarkim TUKU KEPITING....


Isuk isuk Saropah bojone Mbah Sarkim njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
"Yo wis tak tukokno nang rolak gunungsari numpak bemo" jare Mbah Sarkim.
" Lho gak numpak mio ae tah ?" Saropah takok.
" gak wes, males sepedaan" jare Mbah Sarkim.
Mari ngono Mbah Sarkim teko omahe Ngelom Sepanjang budal numpak bemo jurusan Joyoboyo.
Ndilalah nang bemo ketemu salah siji bekas pacare biyen sing jenenge Marfuah.
"Lhoo cak Sarkim kate nang endhi ??" Takone Marfuah rodok diendelno.
"Mlaku mlaku golek sore Mar, lha kon iki arep nang endhi" jare Mbah Sarkim.
"Sakjane aku arep nang kapasan kulak kain cak Sarkim, tapi wurung ae wes tak melok sampean ae cak Sarkim" jare Marfuah ngalem.
Mari ngono wong loro bablas nang MONKASEL Delta Plaza mlaku mlaku sampek Asar.
"Waduh blaen iki, aku kudu mulih iki, onok janjian karo bojoku Mar " jare Mbah Sarkim ambek pamitan mulih nang Marfuah.
Mari pamitan Mbah Sarkim mampir rolak gunungsari tuku kepiting diwadahi tas kresek.
Mergo gupuh kabeh, pas katene melbu pekarangan omah tas kresek e jebol, kepitinge semburat mlayu. Ambek bengok bengok Mbah Sarkim nggurak kepitinge.
"Ayo cepetan sithik, wis meh teko omah iki !!!".
Krungu Mbah Sarkim pating brengok, Saropah metu ambek muring muring "Oalah cak cak.. cik guobloke se sampean iku, tuku kepiting kok digurak ngono padhakno nggiring bebek ae, terus kapan tekane ?, mangkane kaet isuk gak mulih mulih....!!!!.
@#$/^**(₩₩¥€_%=÷

Komentar

Postingan Populer