DAGELAN EDO ISKANDAR

DUIT LIMOLAS JUTA.....


https://humorbbm.files.wordpress.com/2010/09/


Mbah Sarkim 54 taun, lungo nang tretes mampir wisma rindu malam.
Isine arek wedok ayu ayu semlohe, sikile mulus mulus gak onok sing burik blass.
Mbah Sarkim disambut mamane wisma.
"Aku pengen ketemu Nonik" jare Mbah Sarkim.
"Mbah, Nonik iku primadona lho, ayu dewe nang kene taripe limang juta sekali booking" jare mamane wisma.
"Sampean duwe duit tah, tak golekno liyane ae yo ?" jare mamane wisma maneh.
"Gak wes, aku kudu pethuk ambek Nonik pokoke" jare Mbah Sarkim mekso.
Akhir mamae wisma nyeluk Nonik metu teko kamar, tibake areke pancen uayu temenan....
Gak kakean cangkem Mbah Sarkim ngetokno sak bundel duit limang juta. Mari ngono Mbah Sarkim digandeng Nonik melbu kamar.
Bareng wis mari diservis, Mbah Sarkim muleh.
Sisuke Mbah Sarkim balik maneh methuki Nonik.
Gak kakean cangkem Mbah Sarkim ngetokno maneh duit limang juta. Mari ngono Mbah Sarkim langsung digandeng Nonik melbu kamar.
Bareng wis mari diservis, Mbah Sarkim langsung muleh.
Sisuke maneh, Mbah Sarkim teko pisan maneh nang wisma rindu malam. Koyok wingi gak kakean cangkem ngetokno duit limang juta maneh langsung digelandang nonik melbu kamar.
"Gak ngonone lho mbah, sampean cik lomane, wis mbooking aku sampek ping telu, sak umur umur gak onok sing wani ngono iku, Sampean asale teko endhi Mbah ??" takone Nonik.
"Aku teko ngelom sepanjang Nik" jare Mbah Sarkim.
"Lho iyo tah !!!, aku yo nduwe dulur nang kono Mbah" jare Nonik kaget.
"Wes eruh aku, Bapakmu wes mati sak wulan kepungkur, Mbakyu mu Tatik nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggoleki awakmu kanggo nyerahno duit warisane Bapakmu limolas juta..."
!@×÷#=$%/_^€&£*¥(₩)

Komentar

Postingan Populer