EDO ISKANDAR



MINIMARKET....

Mbah Sarkim 54 th, lagi blonjo nang minimarket sing cidek omahe, arep tuku pakan kucing kalengan.
Pas katene mbayar, Mbah Sarkim ditakoni Sokran kasire minimarket "Mbah, lek sampean katene tuku pakan kucing, kudu mbuktekno lek sampean nduwe kucing temenan, soale dikuwatirno nek pakan kalengan iku engkok sampean pangan dewe" jare Sokran.
Mbah Sarkim sabar gak protes, mulih diluk wong omahe cidek.
Terus mbalik maneh nang minimarket ambek nggendong kucing dipamerno Sokran kasir minimarket.
"Iki lho kucingku" jare Mbah Sarkim ambek mbayari pakan kucing kalengan.
Sisuke Mbah Sarkim balik maneh melbu minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Sokran kasire minimarket " Mbah sampean yo duwe kirik tah ?. aku kuwatir lek tibake pakan asu iki engkok sampean pangan dewe digawe camilan." jare Sokran.
"Sampean yo kudu iso mbuktekno nek bener bener ngingu kirik mbah" jare Sokran nambahi.
Mbah Sarkim karo sabar gak protes, mulih dilut, balik wis nuntun asu dipamerno Sokran kasire minimarket.
"Iki lho asuku" jare Mbah Sarkim mamerno asune ambek mbayari biskuit balung gawe asu.
Sisuke Mbah Sarkim balik maneh nang minimarket, tapi saiki Mbah Sarkim nyangking kerdus bekas Indomie sing pinggire dibolongi pas sak drijine uwong.
"Mbah sampean katene tuku pakane ulo tah ?" jarene Sokran.
"Iki isine duduk ulo kok, cobaken disik rasakno drijimu dudulno kene nang bolongan iki, wis tah tak jamin aman aman gak usah kuwatir." jare Mbah Sarkim.
Sokran kawitane rodok wedhi, tapi akhire diwanek wanekno, drijine dilebokno nang bolongan kerdus Indomie sing digowo Mbah Sarkim.
Tibake isine gembuk gembuk anget rodok teles.
Pas drijine Sokran ditarik, metu ambune taek buadheg gak enak blas.
Sokran gibras gibras karo misuh misuh gak karuan "Diamput mbah, dobhol sampean iku, lha laopo sampean nang minimarket nggowo taek dibungkus kerdus, atek aku dikon ndemok sisan ??!!"
Mbah Sarmin karo sabar nyauti " Yok opo, Saiki aku wis oleh tah tuku TISUE TOILET gawe kamar mandi ???".
!@#÷$=%/_+€&£*¥(₩)

Komentar

Postingan Populer